-
Pemimpin Anyar lan Wong Wédok Loro sing KendelAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 32
Pemimpin Anyar lan Wong Wédok Loro sing Kendel
Yosua wis suwé dadi pemimpiné bangsa Israèl. Akhiré, Yosua mati wektu umuré 110 taun. Pas Yosua isih urip, bangsa Israèl nyembah Yéhuwah. Tapi, bar Yosua mati, bangsa Israèl nyembah brahala kaya wong Kanaan. Bangsa Israèl ora manut Yéhuwah. Mula, Yéhuwah ngejarké raja Kanaan sing jenengé Yabin nggawé bangsa Israèl susah. Bangsa Israèl njaluk tulung karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah mènèhi bangsa Israèl pemimpin anyar sing jenengé Barak. Barak bakal mbantu bangsa Israèl nyembah Yéhuwah manèh.
Ana nabi wédok sing jenengé Débora. Débora nyampèkké omongané Yéhuwah kanggo Barak, ʼLungaa karo 10.000 wong. Terus, lawanen pasukané Yabin ing Kali Kisyon. Kowé mesthi bakal ngalahké pasukané Yabin sing dipimpin Siséra.’ Barak ngomong karo Débora, ’Aku gelem, tapi kowé kudu mèlu aku.’ Débora njawab, ’Ya, aku gelem. Tapi, kowé ora bakal matèni Siséra. Yéhuwah ngomong nèk Siséra bakal dipatèni karo wong wédok.’
Débora lunga karo Barak lan pasukané ing Gunung Tabor. Wong-wong kuwi siap-siap kanggo perang. Pas krungu soal kuwi, Siséra ngumpulké kréta perang lan pasukané ing lembah gunung kuwi. Débora ngomong karo Barak, ’Dina iki, Yéhuwah bakal nggawé kowé menang.’ Barak lan 10.000 prajurité mudhun saka gunung kanggo nyerang pasukané Siséra.
Yéhuwah nggawé Kali Kisyon lubèr. Kuwi nggawé kréta-kréta perangé Siséra kejebak ing lumpur. Siséra ninggalké krétané, terus mlayu. Akhiré, Barak lan pengikuté ngalahké pasukané Siséra. Tapi, Siséra lolos. Dhèwèké ndhelik ing kémahé wong wédok sing jenengé Yaèl. Yaèl mènèhi Siséra susu lan ngemuli dhèwèké. Siséra keturon merga kekeselen. Yaèl alon-alon nyedhaki Siséra, terus nancepké pathok ing sirahé. Akhiré, Siséra mati.
Barak teka nggolèki Siséra. Yaèl metu, terus ngomong, ’Mlebua. Tak duduhi wong sing mbok golèki.’ Barak mlebu téndha. Dhèwèké ndelok Siséra wis mati. Barak lan Débora nyanyi muji Yéhuwah merga wis nggawé bangsa Israèl menang. Israèl isa damai nganti 40 taun sakwisé kuwi.
”Wong-wong wédok sing martakké kabar apik kuwi kaya pasukan sing gedhé.”—Mazmur 68:11
-
-
Rut lan NaomiAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 33
Rut lan Naomi
Naomi, bojoné, lan anaké loro pindhah ing Moab pas ana kelaparan ing Israèl. Bar kuwi, bojoné Naomi mati. Anak-anaké Naomi nikah karo wong Moab sing jenengé Rut lan Orpa. Tapi, anak-anaké Naomi ya akhiré mati.
Wektu ngerti nèk ing Israèl wis ora ana kelaparan, Naomi mutuské kanggo bali ing Israèl. Rut lan Orpa ya mèlu. Tapi pas perjalanan, Naomi ngomong karo wong loro kuwi, ʼKowé kabèh wis dadi bojo sing apik kanggo anak-anakku. Kowé ya wis dadi mantu sing apik. Aku péngin kowé isa nikah manèh. Muliha waé ing Moab.’ Wong loro kuwi njawab, ’Aku sayang karo Ibu. Aku ora gelem ninggalké Ibu.’ Naomi tetep ngongkon wong loro kuwi mulih. Akhiré, Orpa mulih, tapi Rut ora. Naomi ngomong karo Rut, ’Orpa wis mulih ing bangsa lan allahé. Kowé ya muliha waé.’ Tapi, Rut ngomong, ’Aku ora bakal ninggalké Ibu. Bangsané Ibuk bakal dadi bangsaku. Gusti Allahé Ibuk ya bakal dadi Gusti Allahku, Bu.’ Nurutmu, piyé perasaané Naomi pas Rut ngomong ngono?
Rut lan Naomi tekan ing Israèl pas panèn barli dimulai. Rut njupuki sisa panènan ing ladhangé Boaz. Boaz kuwi anaké Rahab. Boaz krungu nèk Rut kuwi wong Moab sing setya karo Naomi. Mula, Boaz ngongkon pegawéné nyisakké luwih akèh panènan bèn isa dijupuk Rut.
Benginé, Naomi takon karo Rut, ’Dina iki kowé kerja ing ladhangé sapa?’ Rut njawab, ’Ing ladhangé Boaz, Bu.’ Naomi ngomong, ’Boaz kuwi isih seduluré bojoku. Kowé kerja ing kono waé ya bareng karo wong wédok liyané. Kowé bakal aman ing kono.’
Rut kerja ing ladhangé Boaz nganti panèné rampung. Boaz ngamati nèk Rut kuwi wong wédok sing rajin lan apikan. Ing jaman kuwi, nèk ana wong lanang sing mati lan ora nduwé anak lanang, seduluré wong lanang mau bakal nikah karo bojoné wong lanang sing mati kuwi. Dadi, Boaz nikah karo Rut. Anaké Boaz lan Rut jenengé Obèd. Obèd bakal dadi mbahé Raja Daud. Kanca-kancané Naomi seneng banget, terus ngomong, ’Mauné, Yéhuwah mènèhi kowé Rut sing apikan banget karo kowé. Saiki kowé ya nduwé putu. Muga Yéhuwah terus dipuji.’
”Ana kanca sing luwih akrab timbang sedulur kandhung.”—Wulang Bebasan 18:24
-