PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Gidéon Ngalahké Bangsa Midian
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Gidéon lan pasukané nyebul trompèt, mecahké kendhi, ngacungké obor, lan mbengok

      PELAJARAN 34

      Gidéon Ngalahké Bangsa Midian

      Bangsa Israèl ora manut Yéhuwah manèh lan mulai nyembah allah-allah palsu. Wong Midian nyolong kéwan lan ngrusak tandurané bangsa Israèl nganti pitung taun. Mula, bangsa Israèl ngumpet ing guwa-guwa lan ing pegunungan. Wong-wong kuwi njaluk bèn dislametké karo Yéhuwah. Yéhuwah ngongkon malaékat nemoni cah enom sing jenengé Gidéon. Malaékat kuwi ngomong, ’Yéhuwah wis milih kowé kanggo dadi pejuang sing hébat.’ Gidéon ngomong, ’Aku iki dudu sapa-sapa. Apa isa aku nylametké bangsa Israèl?’

      Piyé carané Gidéon isa yakin nèk dhèwèké dipilih Yéhuwah? Gidéon ndèlèhké wulu domba ing tanah. Terus, Gidéon ngomong karo Yéhuwah, ’Nèk sésuk ésuk wulu iki teles merga kena embun lan tanahé tetep garing, aku bakal ngerti nèk Njenengan sing ngongkon aku.’ Sésuké, wuluné teles lan tanahé tetep garing. Tapi, Gidéon njaluk manèh bèn sésuké gentènan wuluné sing tetep garing lan tanahé sing teles. Kuwi kelakon tenanan. Gidéon akhiré yakin nèk Yéhuwah wis milih dhèwèké. Mula, Gidéon ngumpulké pasukané kanggo nyerang bangsa Midian.

      Yéhuwah ngomong karo Gidéon, ’Aku bakal nggawé bangsa Israèl menang. Tapi, prajuritmu kuwi kakèhan. Nèk kowé menang, mengko kowé bakal mikir nèk kuwi merga usahamu dhéwé. Nèk ana prajuritmu sing wedi, kongkonen mulih waé.’ Mula, ana 22.000 prajurit sing mulih, lan sisané tinggal 10.000 prajurit. Bar kuwi, Yéhuwah ngomong, ’Iki ya isih kakèhan. Kongkonen prajuritmu ngombé ing kali. Sing éntuk lunga karo kowé mung wong-wong sing ngombé karo tetep ngawasi sekitaré.’ Akhiré, mung ana wong 300 sing éntuk mèlu Gidéon. Yéhuwah janji nèk wong-wong kuwi bakal ngalahké 135.000 prajurit Midian.

      Benginé, Yéhuwah ngomong karo Gidéon, ’Saiki wektuné nyerang wong Midian!’ Gidéon mbagi trompèt lan kendhi gedhé sing isiné obor kanggo kabèh prajurité. Gidéon ngomong, ’Deloken sing tak tindakké. Bar kuwi, kowé kabèh kudu nindakké sing padha.’ Gidéon nyebul trompèté, mecahké kendhiné, ngacungké oboré, terus mbengok, ’Perangé Yéhuwah lan Gidéon!’ Pasukané Gidéon ya nindakké sing padha. Wong Midian wedi lan padha mlayu mencar-mencar. Wong-wong kuwi malah nyerang kancané dhéwé. Yéhuwah mbantu bangsa Israèl ngalahké mungsuhé manèh.

      Wong Midian padha wedi

      ”Iki nduduhké nèk aku nduwé kekuwatan sing luar biasa sing asalé saka Gusti Allah, dudu saka aku dhéwé.”​—2 Korintus 4:7

      Pertanyaan: Piyé carané Gidéon isa yakin nèk dhèwèké dipilih Yéhuwah? Kenapa prajurité Gidéon dadi 300 thok?

      Para Hakim 6:1–16; 6:36–7:25; 8:28

  • Hana Ndonga Bèn Nduwé Anak
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Hana masrahké Samuèl sing isih cilik karo Èli ing tabernakel

      PELAJARAN 35

      Hana Ndonga Bèn Nduwé Anak

      Ana wong Israèl sing jenengé Èlkana. Èlkana nduwé bojo loro, jenengé Hana lan Pénina. Èlkana luwih sayang karo Hana. Tapi Hana ora nduwé anak. Nèk Pénina anaké akèh. Mula, Pénina terus-terusan ngécé Hana. Saben taun, Èlkana lan keluargané lunga ing Syilo kanggo ngibadah ing tabernakel. Pas kuwi, Èlkana tau ndelok Hana lagi sedhih banget. Èlkana ngomong, ’Aja nangis, sayang. Kowé kan isih nduwé aku. Aku sayang karo kowé.’

      Bar kuwi, Hana lunga dhèwèkan kanggo ndonga. Dhèwèké ndonga karo nangis. Terus, Hana janji, ’Yéhuwah, nèk Njenengan mènèhi aku anak lanang, bocah kuwi bakal tak wènèhké kanggo nglayani Njenengan saklawasé.’

      Imam Agung Èli ndelok Hana lagi ndonga karo nangis

      Imam Agung Èli ndelok Hana lagi nangis. Èli mikir nèk Hana lagi mabuk. Hana ngomong karo Èli, ’Aku ora mabuk, Pak. Aku nduwé masalah sing abot. Mula, aku crita karo Yéhuwah.’ Merga ngerti nèk salah, Èli ngomong, ’Muga-muga Yéhuwah mènèhi apa sing mbok jaluk.’ Hana dadi ora sedhih manèh. Bar kuwi, dhèwèké mulih. Ora nganti setaun, Hana nglairké anak lanang. Bocah kuwi dijenengi Samuèl. Hana mesthi seneng banget. Apa kowé isa mbayangké kuwi?

      Hana ora lali karo janjiné. Wektu Samuèl wis ora disusoni manèh, Hana ngejak Samuèl lunga ing tabernakel. Hana ngomong karo Èli, ’Bocah iki jawaban saka dongaku. Aku péngin dhèwèké nglayani Yéhuwah saklawasé.’ Saben taun, Èlkana lan Hana nemoni Samuèl lan nggawakké jubah tanpa lengen sing anyar kanggo Samuèl. Yéhuwah mènèhi Hana anak-anak manèh, lanang telu lan wédok loro.

      ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké.”​—Matius 7:7

      Pertanyaan: Kenapa Hana sedhih banget? Piyé carané Yéhuwah mberkahi Hana?

      1 Samuèl 1:1–2:11, 18-21

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim