PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Janjiné Yéfta
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yéfta nyuwèk klambiné pas dhèwèké disambut karo anaké wédok

      PELAJARAN 36

      Janjiné Yéfta

      Bangsa Israèl ora manut Yéhuwah manèh lan mulai nyembah allah-allah palsu. Tapi, allah-allah palsu kuwi ora isa nylametké bangsa Israèl wektu bangsa kuwi diserang bangsa Ammon. Bangsa Israèl dadi susah nganti pirang-pirang taun. Bangsa kuwi akhiré ngomong karo Yéhuwah, ’Aku kabèh wis dosa. Tulung slametké aku saka mungsuh-mungsuhku.’ Bar kuwi, bangsa Israèl ngancurké brahala-brahalané lan nyembah Yéhuwah manèh. Yéhuwah ora gelem bangsa Israèl susah terus.

      Ana pejuang sing jenengé Yéfta. Dhèwèké dipilih kanggo mimpin bangsa Israèl perang nglawan bangsa Ammon. Yéfta ngomong karo Yéhuwah, ’Nèk Njenengan mbantu aku menang, aku janji bakal mènèhké wong sing pertama metu saka omahku pas aku bali saka perang.’ Yéhuwah ngrungokké dongané Yéfta lan nggawé dhèwèké menang perang.

      Pas Yéfta mulih, wong sing pertama nyambut Yéfta kuwi anaké wédok siji-sijiné. Anaké Yéfta nari karo main rebana. Piyé tanggepané Yéfta? Yéfta kèlingan karo janjiné. Dhèwèké ngomong, ’Ya ampun, Ndhuk. Bapak dadi sedhih banget. Bapak wis janji karo Yéhuwah. Kanggo nepati janji kuwi, kowé kudu nglayani ing tabernakel ing Syilo.’ Anaké Yéfta njawab, ’Pak, nèk Bapak wis janji karo Yéhuwah, ya kudu ditepati. Tapi, ijinké aku ngumpul dhisik karo kanca-kancaku ing gunung nganti rong sasi. Bar kuwi, aku bakal mangkat ing Syilo.’ Anaké Yéfta terus manggon lan nglayani ing tabernakel. Saben taun, kanca-kancané teka ing Syilo kanggo nemoni dhèwèké.

      Anaké Yéfta ditemoni kanca-kancané ing tabernakel

      ”Sapa waé sing luwih sayang karo anaké lanang utawa wédok timbang karo aku ora pantes dadi muridku.”​—Matius 10:37

      Pertanyaan: Yéfta janji apa karo Yéhuwah? Piyé tanggepané anaké Yéfta pas ngerti janjiné bapaké?

      Para Hakim 10:6–11:11; 11:29-40; 1 Samuèl 12:10, 11

  • Yéhuwah Ngomong karo Samuèl
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Samuèl mbukaki pintu-pintu tabernakel

      PELAJARAN 37

      Yéhuwah Ngomong karo Samuèl

      Imam Agung Èli nduwé anak lanang loro sing nglayani dadi imam ing tabernakel. Anak-anaké kuwi jenengé Hofni lan Pinéhas. Wong loro kuwi jahat lan ora manut hukumé Yéhuwah. Wektu bangsa Israèl mènèhké korban kanggo Yéhuwah, Hofni lan Pinéhas njupuk daging sing paling apik kanggo wong loro kuwi dhéwé. Èli krungu soal kuwi, tapi meneng waé. Apa Yéhuwah ya bakal meneng waé?

      Senajan luwih enom saka Hofni lan Pinéhas, Samuèl ora niru wong loro kuwi. Yéhuwah seneng karo Samuèl. Wektu Samuèl lagi turu, ana swara sing ngundang jenengé. Samuèl tangi, nemoni Èli, terus ngomong, ’Ya, Pak?’ Tapi, Èli ngomong, ’Aku ora ngundang kowé, Lé. Turua manèh.’ Samuèl turu manèh. Bar kuwi, Samuèl krungu ana sing ngundang manèh. Wektu Samuèl krungu swara kuwi ping teluné, Èli dadi ngerti nèk sing ngundang Samuèl kuwi Yéhuwah. Samuèl dikandhani karo Èli nèk dhèwèké krungu swara kuwi manèh, Samuèl kudu ngomong, ’Ya, Yéhuwah. Aku ngrungokké.’

      Samuèl ngandhani Èli apa sing wis diomongké Yéhuwah

      Samuèl turu manèh. Bar kuwi, dhèwèké krungu swara, ’Samuèl! Samuèl!’ Samuèl njawab, ’Ya. Aku ngrungokké.’ Yéhuwah ngomong, ’Ngomonga karo Èli nèk aku bakal ngukum dhèwèké sak keluarga. Èli ngerti nèk anak-anaké tumindak jahat ing tabernakel, tapi meneng waé.’ Sésuk ésuké, Samuèl mbukaki pintu-pintu tabernakel kaya biasané. Samuèl wedi ngomong karo Èli soal apa sing wis diomongké Yéhuwah. Tapi, Èli ngundang Samuèl lan takon, ’Lé, Yéhuwah ngomong apa waé karo kowé? Ora apa-apa, crita waé.’ Dadi, Samuèl ngandhani Èli kabèh sing diomongké Yéhuwah.

      Samuèl tambah gedhé lan terus dibantu Yéhuwah. Kabèh wong Israèl dadi ngerti nèk Yéhuwah wis milih Samuèl dadi nabi lan hakim.

      ”Élinga karo Sing Nggawé Urip wektu kowé isih enom.”​—Pengkhotbah 12:1

      Pertanyaan: Apa bédané Samuèl karo Hofni lan Pinéhas? Yéhuwah ngandhani Samuèl soal apa?

      1 Samuèl 2:12-17, 22-26; 3:1-21; 7:6

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim