PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Daud lan Goliat
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Daud mbalangké watu ing Goliat nganggo bandhil

      PELAJARAN 40

      Daud lan Goliat

      Yéhuwah ngomong karo Samuèl, ’Lungaa ing omahé Isai. Salah siji anaké lanang bakal dadi raja Israèl sing anyar.’ Bar kuwi, Samuèl lunga ing omahé Isai. Pas ndelok anaké Isai sing pertama, Samuèl mikir, ’Mesthi iki sing dipilih Yéhuwah.’ Tapi, Yéhuwah ngandhani Samuèl nèk dudu kuwi sing dipilih. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok atiné, ora mung penampilané.’

      Samuèl ngesokké minyak ing sirahé Daud

      Isai nduduhké enem anaké sing liyané ing ngarepé Samuèl. Tapi, Samuèl ngomong, ’Dudu iki sing dipilih Yéhuwah. Apa isih ana sing liyané?’ Isai njawab, ’Isih ana siji manèh, sing terakhir. Jenengé Daud. Dhèwèké lagi njaga domba.’ Wektu Daud teka, Yéhuwah ngandhani Samuèl, ’Iki sing tak pilih!’ Samuèl ngesokké minyak ing sirahé Daud. Kuwi tandha nèk Daud dipilih dadi raja Israèl.

      Goliat

      Bar kuwi, bangsa Israèl arep perang nglawan bangsa Filistin. Bangsa Filistin nduwé prajurit raksasa sing jenengé Goliat. Goliat terus-terusan ngécé bangsa Israèl. Dhèwèké mbengok, ’Pilihen wong siji kanggo nglawan aku. Nèk dhèwèké menang, aku lan pasukanku bakal dadi budhakmu. Tapi, nèk aku sing menang, kowé kabèh bakal dadi budhakku.’

      Daud teka ing perkémahané pasukan Israèl. Dhèwèké nggawa panganan kanggo kakang-kakangé sing dadi prajurit. Merga krungu omongané Goliat, Daud ngomong, ’Kéné, tak lawané.’ Raja Saul ngomong, ’Kowé kan isih bocah.’ Daud njawab, ’Yéhuwah bakal mbantu aku.’

      Saul mènèhi Daud perlengkapan perangé. Tapi, Daud ngomong, ’Aku ora biasa nganggo iki.’ Daud njupuk bandhil. Bandhil kuwi alat kanggo mbalangké watu. Terus, Daud lunga ing kali lan nggolèk limang watu sing alus. Watu-watu kuwi dilebokké ing kanthong. Bar kuwi, Daud marani Goliat. Goliat mbengok, ’Mrénéa, Cah. Kowé bakal tak dadèkké panganané manuk lan kéwan buas.’ Daud ora wedi. Daud ya mbengok, ’Kowé nglawan aku nganggo pedhang lan tombak. Tapi, aku nglawan kowé nganggo jenengé Yéhuwah. Sing mbok lawan kuwi dudu bangsa Israèl, tapi Yéhuwah. Kabèh wong ing kéné bakal ndelok nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang pedhang lan tombak. Yéhuwah sing bakal ngalahké kowé kabèh.’

      Daud masang watu ing bandhilé. Terus, bandhil kuwi diayunké sak banter-banteré. Merga Yéhuwah mbantu Daud, watu kuwi nancep ing bathuké Goliat. Goliat ambruk lan akhiré mati. Apa kowé percaya karo Yéhuwah kaya Daud?

      ”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora. Kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”​—Markus 10:27

      Pertanyaan: Sapa sing dipilih Yéhuwah kanggo dadi raja Israèl sing anyar? Piyé carané Daud ngalahké Goliat?

      1 Samuèl 16:1-13; 17:1-54

  • Daud lan Saul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Daud mbengok saka gunung ing ngarep perkémahané Saul

      PELAJARAN 41

      Daud lan Saul

      Sakwisé matèni Goliat, Daud didadèkké kepala pasukané Raja Saul. Daud kerep menang perang. Daud akhiré dadi terkenal. Saben mulih saka perang, Daud bakal disambut karo wong-wong wédok sing njogèd lan nyanyi. Wong-wong wédok kuwi ngomong, ’Saul matèni éwonan, tapi Daud matèni puluhan éwu.’ Saul dadi iri karo Daud lan péngin matèni dhèwèké.

      Daud pinter main harpa. Wektu lagi mainké harpa kanggo Saul, Daud diuncali tombak karo Saul. Tapi, Daud langsung nyingkir, lan tombaké nancep ing témbok. Saul terus ngupaya matèni Daud. Daud akhiré lunga, terus ngumpet ing padhang gurun.

      Daud njupuk tombaké Saul wektu Saul lagi turu

      Saul lan 3.000 prajurité lunga nggolèki Daud. Wong-wong kuwi akhiré mlebu ing salah siji guwa. Padahal Daud lan pengikuté lagi ngumpet ing kono. Salah siji pengikuté Daud mbisiki Daud, ’Iki kesempatanmu matèni Saul.’ Daud alon-alon nyedhaki Saul, terus ngethok pucuk jubahé Saul. Tapi, Saul ora krasa. Bar kuwi, Daud rumangsa salah merga ora ngajèni raja sing dipilih Yéhuwah. Daud ora ngijinké para pengikuté matèni Saul. Pas Saul wis metu saka guwa, Daud mbengok ngundang Saul. Daud ngomong nèk sakjané dhèwèké mau isa matèni Saul. Apa kuwi nggawé Saul dadi apikan karo Daud?

      Ora. Saul tetep péngin matèni Daud. Bar kuwi, Daud lan sepupuné sing jenengé Abisyai isa mlebu ing perkémahané Saul. Pas kuwi, pengawalé Saul sing jenengé Abnèr lagi turu. Abisyai ngomong, ’Iki kesempatané awaké dhéwé. Ijinké aku matèni Saul.’ Daud njawab, ’Yéhuwah sing bakal mbales Saul. Jupuk waé tombak lan wadhah ombéné, terus awaké dhéwé lunga.’

      Daud munggah ing gunung sing ana ing cedhak kono. Ing kono, Daud isa ndelok perkémahané Saul. Daud mbengok, ’Abnèr, kowé kok ora nglindhungi rajamu? Endi tombak lan wadhah ombéné Saul?’ Saul ngerti nèk kuwi swarané Daud. Saul ngomong, ’Sakjané kowé isa matèni aku. Tapi, kuwi ora mbok tindakké. Aku ngerti nèk kowé bakal dadi raja Israèl sing anyar.’ Saul mulih ing istanané. Tapi, ana anggota keluargané Saul sing ora sengit karo Daud.

      ”Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn rukun karo kabèh wong. Sedulur-sedulurku, aja balas dendam. Bèn waé Gusti Allah sing nduduhké nesuné.”​—Roma 12:18, 19

      Pertanyaan: Kenapa Saul péngin matèni Daud? Kenapa Daud ora gelem matèni Saul?

      1 Samuèl 16:14-23; 18:5-16; 19:9-12; 23:19-29; 24:1-15; 26:1-25

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim