-
Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan SetyaAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 42
Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya
Yonatan kuwi anaké Raja Saul sing pertama. Yonatan kuwi pejuang sing kendel. Daud ngomong nèk Yonatan kuwi luwih cepet ketimbang elang lan luwih kuwat ketimbang singa. Wektu kuwi, Yonatan ndelok ana 20 prajurit Filistin ing bukit. Yonatan ngomong karo pembantu sing nggawa senjatané, ’Awaké dhéwé bakal nyerang wong Filistin nèk Yéhuwah mènèhi tandha. Nèk wong Filistin ngongkon awaké dhéwé munggah, kuwi berarti awaké dhéwé kudu nyerang.’ Bar kuwi, wong Filistin mbengok, ’Munggaha! Lawanen aku!’ Akhiré, wong loro kuwi munggah ing bukit lan ngalahké prajurit Filistin.
Merga dadi anak pertamané Saul, Yonatan sing kuduné dadi raja sakwisé Saul. Tapi, Yonatan ora iri wektu ngerti nèk Daud sing dipilih Yéhuwah dadi raja Israèl sing anyar. Yonatan lan Daud malah isa dadi sahabat. Yonatan janji nèk bakal nglindhungi Daud. Daud ya janji kaya ngono. Yonatan mènèhi Daud jubah, pedhang, busur panah, lan sabuké. Kuwi dadi tandha nèk Daud kuwi sahabaté.
Wektu Daud mlayu saka Saul, Yonatan nemoni Daud. Yonatan ngomong, ’Kowé kudu kuwat lan kendel. Yéhuwah wis milih kowé dadi raja. Bapakku ya ngerti soal kuwi.’ Apa kowé péngin nduwé sahabat kaya Yonatan?
Senajan bahaya, Yonatan terus mbantu Daud. Dhèwèké ngerti nèk Raja Saul péngin matèni Daud. Dadi, Yonatan ngomong karo Saul, ’Pak, Daud kuwi ora salah. Nèk Bapak matèni Daud, Bapak bakal dosa.’ Saul nesu banget karo Yonatan. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Saul lan Yonatan mati wektu perang.
Sakwisé Yonatan mati, Daud nggolèki anaké Yonatan sing jenengé Méfibosyèt. Wektu ketemu Méfibosyèt, Daud ngomong, ’Aku bakal terus ngopèni kowé merga Bapakmu kuwi sahabatku. Manggona ing istanaku. Kowé ya bakal mangan bareng aku.’ Daud ora lali karo Yonatan.
”Kowé padha-padha nresnani kaya aku wis nresnani kowé. Wong sing gelem ngorbanké uripé kanggo sahabat-sahabaté kuwi nduwé katresnan sing gedhé banget, lan ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi.”—Yohanes 15:12, 13
-
-
Dosané Raja DaudAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 43
Dosané Raja Daud
Sakwisé Saul mati, Daud dadi raja. Wektu kuwi umuré Daud 30 taun. Sakwisé dadi raja pirang-pirang taun, Daud nggawé kesalahan sing gedhé. Pas mlaku-mlaku ing atap istanané, Daud ndelok wong wédok sing ayu. Wong wédok mau jenengé Bat-syéba. Bat-syéba kuwi bojoné prajurit sing jenengé Uria. Daud ngongkon Bat-syéba teka ing istana. Terus, wong loro kuwi nindakké hubungan sèks. Akhiré, Bat-syéba hamil. Daud berupaya nutup-nutupi dosané. Daud ngongkon kepala pasukané nugaské Uria ing barisan sing paling ngarep pas perang, terus ditinggal dhèwèkan. Sakwisé Uria mati, Daud nikah karo Bat-syéba.
Tapi, Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngongkon Nabi Natan nemoni Daud. Natan ngomong, ’Ana wong sugih sing nduwé akèh domba, lan ana wong miskin sing nduwé domba siji. Wong miskin kuwi sayang banget karo dombané. Tapi, dombané wong miskin kuwi dijupuk karo wong sugih mau.’ Daud nesu, terus ngomong, ’Wong sugih kuwi pantes mati!’ Terus, Natan ngomong, ’Ya njenengan kuwi wongé!’ Daud sedhih banget. Terus, dhèwèké ngakoni dosané. Daud ngomong, ’Aku wis dosa.’ Akibaté, Daud lan keluargané ngalami akèh kesusahan. Yéhuwah ngukum Daud. Tapi, Daud ora dipatèni merga wis jujur lan rendah hati.
Daud péngin mbangun bait kanggo Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah milih anaké Daud sing jenengé Salomo kanggo mbangun bait. Mula, Daud mulai nyiapké bahan-bahan sing dibutuhké Salomo. Daud ngomong, ’Baité Yéhuwah kudu megah. Tapi, Salomo isih enom. Mula, aku bakal mbantu dhèwèké nyiapké kabèh sing dibutuhké kanggo mbangun bait kuwi.’ Daud nyumbangké akèh dhuwit kanggo mbangun bait. Dhèwèké ya nggolèkké tukang sing trampil. Daud ngumpulké emas, pérak, lan kayu aras saka dhaérah Tirus lan Sidon. Sakdurungé mati, Daud mènèhi Salomo rancangan bait sing bakal dibangun. Daud ngomong, ’Yéhuwah ngongkon Bapak nggawé rancangan iki kanggo kowé. Yéhuwah bakal mbantu kowé. Aja wedi, ya. Kowé kudu kuwat. Bangunen bait iki.’
”Wong sing nutup-nutupi kesalahané ora bakal berhasil, ning wong sing ngakoni kesalahané lan ora nindakké kuwi manèh bakal dimesakké.”—Wulang Bebasan 28:13
-