-
Bait kanggo YéhuwahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 44
Bait kanggo Yéhuwah
Sakwisé dadi raja Israèl, Salomo ditakoni karo Yéhuwah. Yéhuwah takon, ’Kowé arep njaluk apa?’ Salomo njawab, ’Aku isih enom. Aku ora ngerti apa-apa. Tulung, wènèhana aku kawicaksanan bèn isa mimpin umat-Mu.’ Yéhuwah ngomong, ’Merga kowé njaluk kawicaksanan, kowé bakal dadi wong sing paling wicaksana sak donya. Kowé ya bakal dadi wong sing sugih banget. Nèk terus manut Aku, umurmu bakal dawa.’
Salomo mulai mbangun bait. Salomo nggunakké emas, pérak, kayu, lan watu-watu berharga. Éwonan tukang sing trampil padha mèlu mbangun bait. Pitung taun bar kuwi, baité rampung lan akhiré diresmèkké. Salomo sujud ing ngarepé mézbah. Ing ndhuwuré mézbah kuwi ana persembahan kanggo Yéhuwah. Salomo ndonga, ’Yéhuwah, bait iki pancèn ora pati gedhé utawa megah kanggo Njenengan. Tapi, muga-muga Njenengan gelem nampa ibadah lan dongané bangsa iki.’ Piyé tanggepané Yéhuwah soal bait lan dongané Salomo? Bar Salomo ndonga, Yéhuwah nggawé ana geni saka langit sing ngobong kabèh persembahan sing ana ing mézbah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah seneng banget karo bait sing wis digawé. Wektu ndelok kuwi, bangsa Israèl seneng banget.
Kabèh wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya ngerti soal kawicaksanané Raja Salomo. Wektu nduwé masalah, akèh wong teka njaluk bantuané Salomo. Ratu saka Syéba ya teka kanggo mènèhi pitakonan-pitakonan sing angèl. Sakwisé krungu jawabané Salomo, dhèwèké ngomong, ’Mauné aku ora percaya omongané wong-wong soal njenengan. Tapi, saiki aku ngerti nèk njenengan luwih wicaksana ketimbang sing diomongké wong-wong kuwi. Njenengan pancèn diberkahi karo Yéhuwah.’ Wektu kuwi, bangsa Israèl uripé kepénak lan bahagia. Tapi, keadaané bakal berubah.
”Ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.”—Matius 12:42
-
-
Kerajaané KebagiAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 45
Kerajaané Kebagi
Wektu Salomo manut Yéhuwah, keadaan ing Israèl damai. Tapi, Salomo nikah karo wong-wong wédok saka negri liya. Wong-wong wédok kuwi padha nyembah brahala. Suwé-suwé Salomo ya mèlu nyembah brahala. Yéhuwah dadi nesu. Yéhuwah ngomong karo Salomo, ’Aku bakal njupuk kerajaan iki saka keluargamu, terus Tak bagi dadi loro. Bagian sing paling gedhé saka kerajaanmu bakal Tak wènèhké salah siji pelayanmu. Terus, keluargamu mung bakal mréntah bagian sing cilik.’
Yéhuwah ya ngumumké keputusané nganggo cara liya. Ing perjalanan, salah siji pelayané Salomo sing jenengé Yéroboam ketemu karo Nabi Ahiya. Ahiya nyuwèk klambiné dadi 12 bagian. Ahiya ngomong, ’Yéhuwah bakal njupuk kerajaan Israèl saka keluargané Salomo, terus mbagi kerajaan kuwi dadi loro. Jupuken sepuluh suwèkan klambi iki merga kowé bakal dadi raja saka sepuluh suku Israèl.’ Sakwisé krungu kuwi, Raja Salomo dadi nesu lan péngin matèni Yéroboam. Mula, Yéroboam lunga ing Mesir. Salomo akhiré mati lan digantèni karo anaké sing jenengé Réhoboam. Akhiré, Yéroboam mutuské bali ing Israèl.
Para penaséhat Israèl ngomong karo Réhoboam, ’Nèk kowé apikan, rakyatmu ya bakal manut karo kowé.’ Tapi, kanca-kancané Réhoboam sing isih enom ngomong, ’Kowé ora perlu apikan karo wong-wong kuwi! Kongkonen waé nyambut gawé terus!’ Réhoboam manut karo kanca-kancané. Dhèwèké dadi kejem. Akibaté, wong-wong padha mbrontak. Wong-wong saka sepuluh suku milih Yéroboam dadi raja. Kerajaané akhiré disebut kerajaan Israèl. Rong suku liyané disebut kerajaan Yéhuda. Rakyat saka kerajaan Yéhuda tetep manut karo Réhoboam. Dadi, 12 suku Israèl akhiré kebagi.
Yéroboam ora gelem rakyaté ngibadah ing bait sing ana ing Yérusalèm. Kowé ngerti ora kenapa? Yérusalèm kuwi wilayahé Réhoboam. Yéroboam wedi nèk rakyaté dadi ora manut dhèwèké lan ndhukung Réhoboam. Mula, Yéroboam nggawé patung anak sapi emas loro. Yéroboam ngomong, ’Yérusalem kuwi kadohan. Ngibadaha ing kéné waé.’ Akhiré, wong-wong kuwi mulai nyembah patung anak sapi emas lan ora manut Yéhuwah.
”Aja bersatu karo wong-wong sing ora seiman. Apa sing bener lan sing jahat kuwi padha? . . . Apa wong sing nduwé iman lan sing ora nduwé iman kuwi padha?”—2 Korintus 6:14, 15
-