PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Geni saka Yéhuwah ngobong persembahané Èlia

      PELAJARAN 46

      Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener

      Ing kerajaan Israèl sepuluh suku, ana akèh raja sing jahat. Tapi sing paling jahat jenengé Ahab. Ahab nduwé bojo sing jahat jenengé Izebèl. Izebèl kuwi nyembah Baal. Ahab lan Izebèl matèni nabi-nabiné Yéhuwah lan ngongkon wong Israèl nyembah Baal. Apa sing ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngandhani Ahab liwat Nabi Èlia.

      Èlia ngandhani Ahab nèk ora bakal ana udan ing Israèl merga Ahab jahat. Luwih saka telung taun, ora ana tanduran ing Israèl. Akibaté, Israèl ngalami kurang pangan. Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Èlia nemoni Ahab manèh. Ahab ngomong, ’Kabèh iki gara-gara kowé! Iki salahmu.’ Terus, Èlia njawab, ’Dudu merga aku. Iki merga kowé nyembah Baal. Ayo saiki dibuktèkké sapa Gusti Allah sing bener kuwi. Kongkonen wong Israèl lan nabi-nabi Baal ngumpul ing puncak Gunung Karmèl.’

      Wong-wong kuwi ngumpul ing gunung. Èlia ngomong, ’Kowé kudu milih. Nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, manuta Yéhuwah. Nèk Baal sing bener, nyembaha Baal. Saiki aku nantang 450 nabi Baal. Nabi-nabi kuwi kudu nggawé persembahan, terus ngundang allahé. Aku ya bakal nggawé persembahan, terus ngundang Yéhuwah. Sing njawab nganggo geni, ya kuwi Gusti Allah sing bener.’ Wong-wong kuwi setuju.

      Nabi-nabi Baal kuwi nggawé persembahan. Nabi-nabi kuwi terus-terusan mbengok, ’Oh Baal, jawaben aku!’ Merga Baal ora njawab-njawab, Èlia ngécé nabi-nabi kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Mbengoka sakbanter-banteré. Mungkin dhèwèké lagi turu, mula kudu digugah dhisik.’ Nabi-nabi kuwi terus ngundang Baal nganti bengi, tapi tetep ora ana jawaban.

      Èlia ya mènèhké persembahan ing mézbah lan nyirami kuwi nganggo banyu. Bar kuwi, dhèwèké ndonga, ’Oh Yéhuwah, jawaben aku bèn kabèh wong iki ngerti nèk Njenengan Gusti Allah sing bener.’ Terus, Yéhuwah nggawé ana geni saka langit sing ngobong persembahan kuwi. Bangsa kuwi mbengok, ’Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.’ Bar kuwi, Èlia ngomong, ’Aja nganti nabi-nabiné Baal lolos!’ Dina kuwi, ana 450 nabi Baal sing dipatèni.

      Wektu ana awan cilik sing kétok ing ndhuwuré laut, Èlia ngandhani Ahab, ’Ora suwé manèh ana udan deres. Muliha numpak krétamu.’ Bar kuwi, langité dadi peteng, ana angin, lan mulai udan deres. Akhiré, Israèl wis ora kekeringan manèh. Ahab numpak krétané sak banter-banteré. Merga dibantu Yéhuwah, Èlia isa mlayu banter banget nganti ndhisiki krétané Ahab. Tapi, apa Èlia wis bébas saka kabèh masalahé? Ayo dilanjutké critané.

      ”Muga-muga wong-wong ngerti nèk mung Njenengan sing Mahaluhur ing bumi, sing jenengé Yéhuwah.”​—Mazmur 83:18

      Pertanyaan: Piyé carané Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener? Piyé carané Yéhuwah njawab dongané Èlia?

      1 Para Raja 16:29-33; 17:1; 18:1, 2, 17-46; Yakobus 5:16-18

  • Yéhuwah Nguwatké Èlia
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Èlia ngadeg ing njaba guwa Gunung Horèb lan ngrungokké swara malaékaté Yéhuwah

      PELAJARAN 47

      Yéhuwah Nguwatké Èlia

      Wektu ngerti nèk nabi-nabiné Baal wis mati, Izebèl nesu banget. Dhèwèké ngongkon wong ngandhani Èlia, ’Sésuk, kowé bakal tak patèni kaya nabi-nabi Baal kuwi.’ Èlia wedi banget. Terus, dhèwèké lunga ing padhang gurun. Èlia ndonga, ’Yéhuwah, aku wis ora kuwat manèh. Aku tak mati waé.’ Merga kekeselen, Èlia keturon ing ngisor wit.

      Ana malaékat sing nggugah Èlia, terus ngomong, ’Tangia, panganen kuwi.’ Èlia tangi, terus ndelok ana roti bunder ing ndhuwuré watu panas lan kendhi isi banyu. Èlia mangan, ngombé, terus turu manèh. Malaékat kuwi nggugah Èlia manèh, terus ngomong, ’Mangana manèh bèn kowé kuwat neruské perjalanan.’ Dadi, Èlia mangan manèh. Bar kuwi, dhèwèké mlaku 40 dina 40 wengi. Akhiré, Èlia tekan Gunung Horèb. Ing kono, Èlia turu ing guwa. Tapi, Yéhuwah ngomong, ’Èlia, kowé lagi ngapa ing kéné?’ Terus, Èlia njawab, ’Wong Israèl ora nepati janjiné. Wong-wong kuwi ngancurké mézbah-mézbah-Mu lan matèni nabi-nabi-Mu. Saiki, aku ya arep dipatèni.’

      Yéhuwah ngomong karo Èlia, ’Metua.’ Bar kuwi, ana angin sing banter banget. Terus, ya ana gempa bumi lan geni. Akhiré, Èlia krungu swara sing alon lan lembut banget. Èlia ngadeg ing njaba guwa lan nutupi wajahé nganggo jubahé. Terus, Yéhuwah takon kenapa dhèwèké lunga. Èlia njawab, ’Mung aku sing isih nyembah Njenengan.’ Tapi, Yéhuwah ngandhani, ’Kowé ora dhèwèkan. Isih ana 7.000 wong ing Israèl sing nyembah Aku. Saiki dadèkna Èlisa dadi nabi nggantèni kowé.’ Èlia manut karo préntahé Yéhuwah. Nurutmu, apa Yéhuwah ya bakal mbantu kowé kanggo manut préntahé? Ya, mesthi. Bar iki, ayo ngrembug apa sing kelakon sakdurungé, yaiku wektu lagi ana kekeringan ing Israèl.

      ”Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah lan terus ngucap syukur.”​—Filipi 4:6

      Pertanyaan: Kenapa Èlia lunga? Yéhuwah ngomong apa karo Èlia?

      1 Para Raja 19:1-18; Roma 11:2-4

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim