-
Anaké Randha Urip ManèhAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 48
Anaké Randha Urip Manèh
Wektu ana kekeringan, Yéhuwah ngomong karo Èlia, ’Lungaa ing Zaréfat. Salah siji randha ing kana bakal mènèhi kowé panganan.’ Ing gerbang kutha kuwi, Èlia ndelok ana randha miskin sing lagi ngumpulké kayu. Èlia njaluk ombé karo randha kuwi. Wektu randha kuwi arep njupukké ombé, Èlia ngomong manèh, ’Tulung, gawakké aku roti.’ Tapi, randha kuwi ngomong, ’Aku ora nduwé roti kanggo kowé. Aku mung nduwé tepung sithik lan minyak sithik kanggo nggawé panganan. Kuwi waé ya mung cukup kanggo aku lan anakku.’ Èlia ngomong, ’Yéhuwah wis janji nèk kowé nggawèkké roti kanggo aku, tepung karo minyakmu ora bakal entèk nganti ana udan manèh.’
Mula, randha kuwi mulih. Terus, dhèwèké nggawèkké roti kanggo nabiné Yéhuwah. Kaya janjiné Yéhuwah, tepung lan minyaké randha kuwi ora entèk-entèk. Randha kuwi lan anaké lanang tetep nduwé panganan wektu kekeringan.
Tapi, bar kuwi, anaké randha mau lara parah lan akhiré mati. Randha kuwi njaluk bantuané Èlia. Èlia njupuk bocah kuwi saka pelukané ibuné, terus digawa munggah ing ruangan ndhuwur. Bocah kuwi diturokké ing kasur. Terus, Èlia ndonga, ’Yéhuwah, tulung uripké manèh bocah iki.’ Nèk kelakon, kuwi mesthi luar biasa banget. Kowé ngerti ora kenapa? Merga durung tau ana wong mati sing diuripké manèh wektu kuwi. Apa manèh randha lan anaké lanang kuwi dudu wong Israèl.
Bocah kuwi akhiré isa urip lan ambegan manèh. Èlia ngomong karo randha kuwi, ’Deloken, anakmu urip manèh.’ Randha kuwi seneng banget. Terus, dhèwèké ngomong karo Èlia, ’Kowé pancèn nabiné Gusti Allah. Aku percaya merga apa sing njenengan omongké kuwi saka Gusti Allah, lan kuwi mesthi kelakon.’
”Coba pikirna soal manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar benih utawa manèn lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, ning Gusti Allah makani manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk, ta?”—Lukas 12:24
-
-
Ratu sing Jahat DihukumAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 49
Ratu sing Jahat Dihukum
Istanané Raja Ahab ana ing Yizréèl. Saka jendhéla istanané, Raja Ahab isa ndelok kebon angguré Nabot. Ahab péngin banget tuku kebon anggur kuwi saka Nabot. Tapi, nurut Hukumé Yéhuwah, wong Israèl ora éntuk ngedol tanah warisané. Dadi, Nabot ora gelem ngedol kebon angguré. Apa Ahab ndhukung keputusané Nabot? Ora. Ahab malah nesu banget. Dhèwèké nganti ora gelem metu saka kamaré lan ora gelem mangan.
Bojoné Ahab sing jenengé Ratu Izebèl kuwi jahat. Dhèwèké ngomong, ’Kowé kan raja. Kowé isa éntuk apa waé sing mbok péngini. Aku bakal mènèhké kebon kuwi kanggo kowé.’ Ratu Izebèl nulis surat kanggo para pemimpin ing kutha kuwi. Dhèwèké ngongkon wong-wong kuwi nudhuh Nabot wis nyumpahi Gusti Allah. Terus, wong-wong kuwi ya dikon mbalangi Nabot nganggo watu nganti mati. Para pemimpin kuwi manut préntahé Izebèl. Bar kuwi, Izebèl ngomong karo Ahab, ’Nabot wis mati. Saiki keboné dadi duwèkmu.’
Izebèl ora mung matèni Nabot. Izebèl ya matèni akèh wong sing nyembah Yéhuwah. Dhèwèké ya nyembah brahala lan nindakké kejahatan liyané. Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Apa sing bakal ditindakké Yéhuwah?
Sakwisé Ahab mati, anaké sing jenengé Yéhoram dadi raja. Terus, Yéhuwah ngongkon wong lanang sing jenengé Yéhu kanggo ngukum Izebèl lan keluargané.
Yéhu numpak krétané kanggo lunga ing Yizréèl, yaiku tempat tinggalé Izebèl. Yéhoram numpak krétané kanggo nemoni Yéhu. Terus, Yéhoram ngomong, ’Apa kowé nduwé niat apik teka mréné?’ Yéhu njawab, ’Ora mungkin niatku apik nèk ibumu isih jahat.’ Yéhoram muter balik krétané, terus lunga. Tapi, Yéhoram dipanah karo Yéhu. Akhiré, Yéhoram mati.
Bar kuwi, Yéhu lunga ing istanané Izebèl. Izebèl ngerti nèk Yéhu bakal teka. Izebèl dandan, terus ngentèni ing jendhéla ndhuwur. Wektu Yéhu teka, Izebèl ngomong kasar karo Yéhu. Terus, Yéhu mbengok karo pelayan-pelayan sing ana ing sebelahé Izebèl, ’Uncalna dhèwèké ing ngisor!’ Wong-wong kuwi nguncalké Izebèl saka jendhéla. Izebèl tiba, terus mati.
Bar kuwi, Yéhu matèni 70 anak lanangé Ahab lan nyingkirké penyembahan Baal. Dadi, jelas ta, nèk Yéhuwah isa ngerti apa waé sing kelakon lan bakal ngukum wong jahat?
”Wong sing srakah awalé éntuk warisan, tapi akhiré ora diberkahi.”—Wulang Bebasan 20:21
-