PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yéhuwah Sabar karo Yunus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yunus kleleb ing laut lan ana iwak gedhé ing cedhaké

      PELAJARAN 54

      Yéhuwah Sabar karo Yunus

      Ing Asiria, ana kutha sing jenengé Niniwé. Wong-wong ing kutha kuwi jahat banget. Yéhuwah ngongkon Nabi Yunus lunga ing Niniwé kanggo ngandhani wong-wong ing kono bèn mertobat. Tapi, Yunus malah lunga ing dhaérah liya. Dhèwèké numpak kapal kanggo lunga ing Tarsyis.

      Wektu wis ing tengah laut, ana badai sing gedhé. Wong-wong ing kapal kuwi dadi wedi. Terus, wong-wong kuwi ndonga karo allahé lan takon, ’Kok dadi kaya ngéné?’ Yunus akhiré ngomong, ’Aku sing salah. Aku ora manut préntahé Yéhuwah. Uncalna aku ing laut, mengko badainé bakal mandheg.’ Wong-wong kuwi ora gelem nguncalké Yunus, tapi Yunus meksa terus. Akhiré, Yunus diuncalké ing laut. Bar kuwi, badainé mandheg.

      Yunus ngira nèk dhèwèké bakal mati. Pas mulai kleleb, dhèwèké ndonga. Terus, Yéhuwah ngatur bèn ana iwak gedhé sing nyaplok Yunus. Tapi, Yunus ora mati. Ing njero wetengé iwak, Yunus ndonga, ’Yéhuwah, aku janji bakal terus manut Njenengan.’ Telung dina Yunus ana ing njero wetengé iwak. Tapi, Yéhuwah terus nglindhungi dhèwèké. Akhiré, Yunus dilepèh ing daratan.

      Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yunus manèh kanggo lunga ing Niniwé. Saiki Yunus manut. Yunus lunga ing Niniwé, terus ngandhani wong-wong kuwi, ’Patang puluh dina manèh Niniwé bakal dihancurké!’ Hasilé, wong Niniwé manut lan bertobat. Raja Niniwé ngomong karo rakyaté, ’Njaluka ngapura karo Gusti Allah, terus bertobata. Mungkin awaké dhéwé isa slamet.’ Yéhuwah ora sida ngancurké Niniwé merga wong-wong kuwi bertobat.

      Yunus teka ing Niniwé

      Yunus nesu merga kutha kuwi ora sida dihancurké. Coba pikiren: Yéhuwah wis sabar lan mesakké karo Yunus. Tapi, Yunus ora mesakké karo wong Niniwé. Yunus malah lunga saka kutha kuwi. Dhèwèké lungguh ing ngisoré wit labu air karo mrengut. Terus, wit labu air kuwi mati. Yunus dadi nesu. Yéhuwah ngomong, ’Kowé luwih mesakké karo tanduran kuwi ketimbang karo wong Niniwé. Tapi, Aku mesakké karo wong Niniwé. Mula, Niniwé ora sida Tak hancurké.’ Apa pelajarané? Wong-wong Niniwé luwih berharga ketimbang tanduran.

      ”Yéhuwah . . . sabar marang kowé merga Dhèwèké ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat.”​—2 Pétrus 3:9

      Pertanyaan: Yéhuwah mulang Yunus soal apa? Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Yunus?

      Yunus 1:1–4:11

  • Malaékaté Yéhuwah Nglindhungi Hizkia
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Malaékat nyerang perkémahané pasukan Asiria

      PELAJARAN 55

      Malaékaté Yéhuwah Nglindhungi Hizkia

      Kerajaan Asiria wis ngalahké kerajaan Israèl sepuluh suku. Saiki raja Asiria sing jenengé Sanhèrib ya péngin ngrebut kerajaan Yéhuda rong suku. Dhèwèké mulai ngrebut kutha-kutha ing Yéhuda. Tapi, kutha sing paling dipéngini Sanhèrib kuwi Yérusalèm. Sanhèrib ora ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Yérusalèm.

      Raja Yéhuda sing jenengé Hizkia mènèhi Sanhèrib akèh dhuwit bèn ora nyerang Yérusalèm. Sanhèrib nampa dhuwit saka Hizkia, tapi tetep ngongkon pasukané nyerang Yérusalèm. Akibaté, wong-wong ing kutha kuwi dadi wedi. Tapi, Hizkia ngomong, ’Aja wedi. Bangsa Asiria pancèn kuwat. Tapi, Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé luwih kuwat ketimbang wong-wong kuwi.’

      Sanhèrib ngongkon Rabsyaké lunga ing Yérusalèm kanggo ngécé wong-wong ing kana. Rabsyaké ngadeg ing njaba kutha. Terus, dhèwèké mbengok, ’Yéhuwah ora isa nulungi kowé. Aja gelem diapusi Hizkia. Ora ana allah sing isa nglindhungi kowé saka aku.’

      Hizkia takon karo Yéhuwah apa sing kudu ditindakké. Yéhuwah njawab, ’Aja wedi merga omongané Rabsyaké. Sanhèrib ora bakal ngrebut Yérusalèm.’ Bar kuwi, Hizkia nampa surat saka Sanhèrib. Surat kuwi isiné, ’Nyeraha waé. Yéhuwah ora isa nylametké kowé.’ Terus, Hizkia ndonga, ’Yéhuwah, tulung slametké aku kabèh bèn wong-wong ngerti nèk mung Njenengan Gusti Allah sing bener.’ Yéhuwah njawab, ’Raja Asiria ora bakal mlebu Yérusalèm. Aku bakal nglindhungi Yérusalèm.’

      Sanhèrib percaya nèk dhèwèké mesthi isa ngalahké Yérusalèm. Tapi benginé, Yéhuwah ngongkon malaékat siji kanggo teka ing perkémahané pasukan Asiria sing ana ing njaba kutha Yérusalèm. Malaékat kuwi matèni 185.000 prajurit! Akibaté, Raja Sanhèrib ora nduwé prajurit manèh, lan akhiré dhèwèké mulih. Yéhuwah nepati janjiné. Yéhuwah nglindhungi Hizkia lan Yérusalèm. Nèk kowé ana ing Yérusalèm pas kuwi, apa kowé bakal percaya karo Yéhuwah?

      ”Malaékaté Yéhuwah njaga wong sing wedi marang Gusti Allah, lan Dhèwèké nylametké wong-wong kuwi.”​—Mazmur 34:7

      Pertanyaan: Piyé carané Yéhuwah nglindhungi Yérusalèm? Nurutmu, apa Yéhuwah ya bakal nglindhungi kowé?

      2 Para Raja 17:1-6; 18:13-37; 19:1-37; 2 Babad 32:1-23

Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim