-
Kerajaan sing Bakal Terus MréntahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 60
Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah
Raja Nébukhadnézar tau éntuk mimpi sing anèh. Dhèwèké bingung banget nganti ora isa turu. Dhèwèké ngundang para ahli ilmu gaib, terus ngomong, ’Jelasna arti mimpiku.’ Wong-wong kuwi ngomong, ’Tulung critakna mimpiné njenengan.’ Tapi, Nébukhadnézar ngomong, ’Kowé sing kuduné nyritakké mimpiku. Nèk ora, kowé kabèh bakal tak patèni.’ Wong-wong kuwi njawab, ’Tulung critakna mimpiné njenengan, mengko tak jelaské artiné.’ Nébukhadnézar ngomong, ’Kowé arep ngapusi aku ya. Saiki critakna mimpiku!’ Terus, wong-wong kuwi ngomong, ’Ora ana manungsa sing isa nuruti apa sing dijaluk njenengan.’
Nébukhadnézar ngamuk. Dhèwèké ngongkon bèn kabèh ahli ilmu gaib lan wong pinter ing negri kuwi dipatèni. Kuwi berarti Danièl, Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ya bakal dipatèni. Danièl njaluk diwènèhi kesempatan kanggo njelaské mimpiné Raja. Danièl lan kanca-kancané ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Terus, Yéhuwah piyé?
Yéhuwah ngandhani Danièl soal mimpiné Nébukhadnézar lan artiné liwat wahyu. Sésuké, Danièl nemoni pelayané raja. Terus, dhèwèké ngomong, ’Aja matèni wong-wong pinter. Aku isa njelaské arti mimpiné Raja.’ Bar kuwi, pelayan mau ngejak Danièl nemoni Nébukhadnézar. Terus, Danièl ngomong karo Raja, ’Gusti Allah ngandhani apa sing bakal kelakon ing masa depan. Iki mimpiné njenengan: Njenengan ndelok ana patung sing gedhé banget. Sirahé saka emas, dhadha lan tangané saka pérak, weteng lan pupuné saka tembaga, sikilé saka wesi, lan sikil sing bagian ngisor saka wesi sing dicampur tanah liat. Terus, ana watu sing dipotong saka gunung. Watu kuwi ngantem sikil bagian ngisor patung. Patungé remuk dadi bubuk, terus ketiup angin. Akhiré, watu kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.’
Terus, Danièl ngomong, ’Iki artiné mimpi kuwi: Sirah saka emas kuwi nggambarké kerajaané njenengan. Bagian saka pérak kuwi nggambarké kerajaan sing bakal mréntah sakwisé kerajaané njenengan. Terus, bakal ana kerajaan sing kaya tembaga. Kerajaan iki bakal nguwasani bumi. Bar kuwi, ana kerajaan sing kuwat kaya wesi. Terus, bakal ana kerajaan sing sebagian kuwat kaya wesi, tapi sebagian manèh rapuh kaya tanah liat. Watu sing dadi gunung kuwi maksudé Kerajaané Gusti Allah. Kerajaan kuwi bakal ngancurké kabèh kerajaan lan bakal terus mréntah nganti saklawasé.’
Nébukhadnézar sujud ing ngarepé Danièl. Nébukhadnézar ngomong, ’Gusti Allahmu sing ngandhani kowé soal mimpi iki. Ora ana Gusti Allah sing kaya Dhèwèké.’ Danièl ora dipatèni Nébukhadnézar. Danièl malah didadèkké penguasa ing Babilon lan kepalané para pejabat. Yéhuwah njawab dongané Danièl, ta?
”Raja-raja kuwi diklumpukké ing panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon.”—Wahyu 16:16
-
-
Cah Telu sing Ora Gelem SujudAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 61
Cah Telu sing Ora Gelem Sujud
Ora suwé sakwisé ngimpi patung gedhé, Raja Nébukhadnézar nggawé patung gedhé saka emas. Patung kuwi dibangun ing Dataran Dura. Bar kuwi, dhèwèké ngongkon kabèh wong penting ngumpul ing kana. Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ya dikon mrana. Nébukhadnézar ngomong, ’Pas krungu swara musik, kowé kabèh kudu sujud nyembah patung kuwi! Sing ora sujud, bakal dilebokké ing ruang pembakaran.’ Apa cah telu kuwi gelem sujud nyembah patung?
Terus, raja ngongkon musiké dimainké. Kabèh wong sujud, tapi Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora. Ana sing ndelok cah telu kuwi ora sujud. Wong-wong kuwi ngomong karo raja, ’Cah telu kuwi ora gelem sujud.’ Nébukhadnézar ngundang cah telu kuwi, terus ngomong, ’Kowé tak kèki kesempatan manèh. Sujuda. Nèk ora sujud, kowé bakal tak lebokké ing ruang pembakaran. Ora ana allah sing isa nylametké kowé.’ Cah telu kuwi njawab, ’Ora usah. Aku yakin Gusti Allahku isa nylametké aku. Tapi, nèk aku ora dislametké, aku ya tetep ora bakal nyembah patung kuwi.’
Nébukhadnézar dadi nesu banget. Dhèwèké ngongkon pelayané, ’Gawénen ruang pembakaran kuwi ping pitu luwih panas timbang biasané.’ Bar kuwi, dhèwèké ngongkon prajurité, ’Talènana wong-wong iki, terus uncalna mrono.’ Akhiré, cah telu kuwi diuncalké ing ruang pembakaran. Ruang pembakaran kuwi panas banget nganti prajurit sing nyedhak waé langsung mati. Nébukhadnézar ndelok ruang pembakaran kuwi. Ana wong papat sing mlaku ing njero kono. Dhèwèké dadi wedi. Terus, dhèwèké takon karo para pejabaté, ’Sing diuncalké mau kan wong telu, ta? Kok aku ndelok ana papat? Sing sijiné kaya malaékat.’
Nébukhadnézar nyedhaki ruang pembakaran, terus mbengok, ’Kowé para abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur, metua!’ Wong-wong kagèt wektu ndelok Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo isih urip. Kulit, rambut, lan pakaiané ora kobong. Cah-cah kuwi ya ora mambu sangit.
Nébukhadnézar ngomong, ’Gusti Allahé Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo hébat banget. Dhèwèké ngongkon malaékaté nylametké cah telu iki. Ora ana allah liya sing kaya Gusti Allahé wong telu iki.’
Kaya cah telu kuwi, apa kowé ya péngin terus manut Yéhuwah senajan keadaané angèl?
”Mung Yéhuwah, Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.”—Matius 4:10
-