- 
	                        
            
            Mimpi soal Wit GedhéAyo Sinau saka Crita Alkitab
 - 
                            
- 
                                        
PELAJARAN 62
Mimpi soal Wit Gedhé
Nébukhadnézar tau éntuk mimpi buruk. Dhèwèké ngundang wong pinter kanggo njelaské arti mimpiné. Tapi, ora ana sing isa njelaské mimpi kuwi. Akhiré, raja ngundang Danièl.
Nébukhadnézar ngomong karo Danièl, ’Aku mimpi ndelok wit sing dhuwur banget nganti tekan langit. Wit kuwi isa didelok saka ngendi waé. Buahé akèh banget. Godhong-godhongé ya seger. Akèh kéwan sing ngéyub ing ngisoré, lan manuk-manuk nggawé sarang ing cabang-cabangé. Bar kuwi, ana malaékat sing mudhun saka swarga. Dhèwèké ngomong, ”Tegoren wit kuwi. Kethoken cabang-cabangé. Tapi, ejarna bonggol lan akaré, terus talènana nganggo wesi lan tembaga. Atiné wit kuwi bakal berubah saka atiné manungsa dadi atiné kéwan, lan ejarna kuwi nganti pitung mangsa. Kabèh wong bakal ngerti nèk Gusti Allah kuwi nduwé kuwasa lan isa milih sapa waé kanggo dadi raja.”’
Yéhuwah ngandhani Danièl artiné mimpi kuwi. Tapi, Danièl malah dadi wedi. Danièl ngomong, ’Muga-muga mimpi iki nggambarké apa sing bakal kelakon karo mungsuhé njenengan. Tapi, ternyata wit gedhé sing ditegor kuwi nggambarké njenengan. Njenengan bakal kélangan kerajaan lan bakal mangan rumput ing ladhang kaya kéwan. Tapi, merga ana malaékat sing ngomong nèk bonggol lan akaré kudu diejarké, kuwi artiné njenengan bakal dadi raja manèh.’
Setaun bar kuwi, Nébukhadnézar mlaku-mlaku ing atap istanané. Dhèwèké kagum banget karo kutha Babilon. Dhèwèké ngomong, ’Kutha sing tak bangun iki luar biasa tenan. Aku iki pancèn hébat banget ya.’ Bar kuwi, ana swara saka swarga, ’Nébukhadnézar! Kowé bakal kélangan jabatanmu dadi raja.’
Nébukhadnézar langsung dadi édan lan dadi kaya kéwan. Bar kuwi, dhèwèké diusir saka istanané lan manggon ing ladhang bareng karo kéwan-kéwan liyané. Rambuté Nébukhadnézar dadi kaya wuluné manuk elang, lan kukuné kaya cakar manuk.
Sakwisé pitung taun, Nébukhadnézar wis ora édan manèh. Dhèwèké akhiré dadi raja Babilon manèh. Nébukhadnézar ngomong, ’Aku muji Yéhuwah, Raja sing nguwasani swarga. Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah kuwi nduwé kuwasa sing gedhé. Yéhuwah isa nggawé isin wong sing sombong lan isa milih sapa waé kanggo dadi raja.’
”Wong sing sombong bakal kena bencana, lan wong sing angkuh bakal hancur.”—Wulang Bebasan 16:18
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Tulisan ing TémbokAyo Sinau saka Crita Alkitab
 - 
                            
- 
                                        
PELAJARAN 63
Tulisan ing Témbok
Bèlsyazar dadi raja ing Babilon. Dhèwèké ngundang 1.000 wong penting ing negri kuwi kanggo teka ing péstané. Terus, dhèwèké ngongkon para pelayané nggawakké cangkir-cangkir emas sing dijupuk Nébukhadnézar saka baité Yéhuwah. Bèlsyazar lan tamuné ngombé anggur saka cangkir kuwi lan muji allah-allahé. Ngerti-ngerti, ana tangané manungsa sing muncul, terus nulis tulisan sing anèh ing témbok ruang makan kuwi.
Bèlsyazar dadi wedi. Dhèwèké ngundang para ahli ilmu gaib, terus ngomong, ’Nèk ana sing isa njelaské artiné tulisan iki, dhèwèké bakal tak dadèkké penguasa ketelu ing Babilon.’ Wong-wong kuwi nyoba njelaské, tapi ora ana sing isa. Bar kuwi, ratu teka. Dhèwèké ngomong, ’Ana wong sing jenengé Danièl sing tau njelaské mimpiné Nébukhadnézar. Dhèwèké mesthi ya isa njelaské tulisan kuwi.’
Danièl akhiré teka. Terus, Bèlsyazar ngomong, ’Nèk kowé isa maca lan njelaské artiné tulisan iki, kowé bakal tak wènèhi kalung emas. Kowé ya bakal tak dadèkké penguasa ketelu ing Babilon.’ Danièl njawab, ’Njenengan ora perlu mènèhi aku hadiah. Tapi, aku bakal tetep njelaské artiné tulisan iki. Bapaké njenengan mbiyèn sombong, mula direndhahké karo Yéhuwah. Njenengan ngerti apa sing akhiré dialami karo dhèwèké, tapi njenengan tetep ora hormat karo Yéhuwah. Njenengan ngombé anggur nganggo cangkir emas saka baité Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nulis tulisan iki: Mene, Mene, Tekel, lan Parsin. Kuwi artiné kerajaan Média lan Pèrsia bakal ngrebut Babilon. Terus, njenengan ya ora bakal dadi raja manèh.’
Wektu kuwi, kétoké ora ana sing isa ngalahké Babilon. Kutha kuwi dikelilingi témbok sing kuwat lan kali sing jero. Tapi bengi kuwi, Babilon diserang karo bangsa Média lan Pèrsia. Raja Pèrsia sing jenengé Korès nggawé kaliné dadi surut. Mula, pasukané isa ngliwati kali kuwi lan tekan ing gerbang kutha. Jebulé gerbangé wis kebukak. Pasukan kuwi akhiré mlebu, ngrebut kutha kuwi, lan matèni Raja Bèlsyazar. Bar kuwi, Babilon dikuwasani Korès.
Setaun bar kuwi, Korès ngomong, ’Yéhuwah ngongkon aku mbangun manèh baité ing Yérusalèm. Umaté Yéhuwah sing péngin mbantu éntuk lunga mrana.’ Kaya janjiné Yéhuwah, akèh wong Yahudi sing mulih ing Yérusalèm 70 taun sakwisé kutha kuwi dihancurké. Terus, Korès ya mbalèkké cangkir emas, cangkir pérak, lan peralatan liyané sing wis dijupuk Nébukhadnézar saka bait. Apa kowé ngerti nèk sakjané Yéhuwah nggunakké Korès kanggo nylametké umaté?
”Dhèwèké wis dikalahké. Babilon Gedhé wis dikalahké. Dhèwèké wis dadi panggonané roh-roh jahat.”—Wahyu 18:2
 
 -