-
Ézra Mulang soal Hukumé YéhuwahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 66
Ézra Mulang soal Hukumé Yéhuwah
Kira-kira sakwisé 70 taun wong Israèl bali ing Yérusalèm, isih ana wong Israèl sing manggon ing dhaérah kerajaan Pèrsia. Salah sijiné yaiku imam sing jenengé Ézra. Ézra mulang soal Hukumé Yéhuwah. Pas ngerti nèk wong-wong ing Yérusalèm ora manut hukum kuwi, Ézra péngin lunga ing Yérusalèm kanggo mbantu wong-wong kuwi. Raja Pèrsia sing jenengé Artahsasta ngomong karo Ézra, ’Gusti Allah wis nggawé kowé dadi wicaksana bèn isa mulangké hukumé. Lungaa, lan ajaken sapa waé sing gelem mèlu kowé.’ Ézra ngejak wong-wong sing péngin bali ing Yérusalèm. Terus, Ézra lan wong-wong kuwi ndonga bèn dilindhungi Yéhuwah pas ing perjalanan. Bar kuwi, Ézra lan rombongané mangkat.
Patang sasi bar kuwi, Ézra lan rombongané tekan ing Yérusalèm. Para pejabat ngomong karo Ézra, ’Wong Israèl wis ora manut Yéhuwah lan nikah karo wong-wong wédok sing nyembah allah palsu.’ Terus, Ézra piyé? Ing ngarepé wong-wong kuwi, Ézra sujud lan ndonga, ’Yéhuwah, Njenengan wis apikan banget, tapi aku lan bangsaku malah ora manut karo Njenengan.’ Wong Israèl akhiré bertobat. Tapi, wong-wong kuwi isih butuh bantuan bèn isa nindakké sing bener. Mula, Ézra milih para pemimpin lan hakim kanggo mriksa masalah iki. Masalah kuwi dipriksa nganti telung sasi, lan wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah diusir.
Rolas taun bar kuwi, témbok Yérusalèm akhiré rampung dibangun. Ézra ngongkon wong Israèl ngumpul ing lapangan. Ézra arep macakké Hukumé Yéhuwah kanggo wong Israèl. Pas Ézra mbukak buku hukum kuwi, wong Israèl ngadeg. Ézra muji Yéhuwah, terus wong Israèl ngangkat tangané tandha nèk setuju karo omongané Ézra. Bar kuwi, Ézra maca lan njelaské hukum kuwi. Kabèh padha ngrungokké tenanan. Wong Israèl ngakoni nèk wis ora manut Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nangis. Sésuké, Ézra macakké hukum kuwi manèh. Wong Israèl dadi ngerti nèk ora suwé manèh kudu ngrayakké Perayaan Pondok. Mula, wong Israèl langsung siap-siap kanggo perayaan kuwi.
Perayaan kuwi suwéné pitung dina. Wong Israèl ngrasa seneng lan bersyukur karo Yéhuwah merga panènané akèh. Durung tau ana Perayaan Pondok sing kaya ngono kèt jamané Yosua. Bar perayaan, wong Israèl ngumpul lan ndonga, ’Yéhuwah, aku kabèh wis dibébaské saka perbudhakan, diwènèhi panganan wektu ing padhang gurun, lan diwènèhi tanah sing apik banget. Tapi, aku bola-bali ora manut karo Njenengan. Njenengan ngongkon nabi-nabi ngandhani aku, tapi aku ora ngrungokké. Njenengan tetep sabar. Njenengan nepati janjiné Njenengan karo Abraham. Saiki aku janji bakal terus manut Njenengan.’ Janji kuwi ditulis, terus disahké nganggo meterainé para pemimpin, wong Lèwi, lan imam.
”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.”—Lukas 11:28
-
-
Témbok YérusalèmAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 67
Témbok Yérusalèm
Pas jamané Ézra, ana wong Israèl sing dadi pelayané Raja Artahsasta. Wong kuwi jenengé Néhémia. Néhémia manggon ing salah siji kutha ing Pèrsia yaiku Syusyan. Seduluré Néhémia sing teka saka Yéhuda nggawa kabar èlèk. Dhèwèké ngomong, ’Keadaan ing Yérusalèm lagi ora aman. Témbok lan gerbang kutha sing dihancurké wong Babilon durung dibangun manèh.’ Néhémia dadi sedhih banget. Dhèwèké péngin lunga ing Yérusalèm kanggo mbantu wong-wong kuwi. Mula, dhèwèké ndonga bèn diijinké Raja.
Raja nggatèkké nèk Néhémia lagi sedhih. Raja takon, ’Kowé kenapa? Kok ora kaya biasané?’ Néhémia njawab, ’Aku sedhih merga Yérusalèm durung dibangun manèh.’ Terus, Raja takon, ’Apa sing isa tak bantu?’ Néhémia langsung ndonga ing njero ati. Bar kuwi, dhèwèké ngomong, ’Tulung ijinké aku lunga kanggo mbangun témbok Yérusalèm.’ Raja Artahsasta ngijinké Néhémia lunga lan mastèkké perjalanané Néhémia aman. Néhémia ya didadèkké gubernur Yéhuda lan diwènèhi kayu kanggo mbangun gerbang kutha.
Wektu tekan Yérusalèm, Néhémia mriksa témbok kutha. Terus, para imam lan pemimpin dikumpulké. Bar kuwi, Néhémia ngomong, ’Iki parah banget. Témbok iki kudu cepet-cepet dibangun manèh.’ Wong-wong kuwi setuju, terus mulai mbangun témbok Yérusalèm.
Tapi, mungsuh-mungsuhé wong Israèl ngécé lan ngomong, ’Nèk ana rubah sing munggah témbok kuwi, mesthi témboké bakal ambruk.’ Tapi, wong Israèl ora perduli lan terus mbangun. Hasilé, témboké dadi tambah dhuwur lan kuwat.
Bar kuwi, mungsuh-mungsuhé wong Israèl nduwé rencana kanggo nyerang Yérusalèm saka arah sing béda-béda. Wektu ngerti rencana kuwi, wong Israèl dadi wedi. Tapi, Néhémia ngomong, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé.’ Néhémia nugaské penjaga bèn mungsuh-mungsuh ora isa nyerang wong-wong sing lagi mbangun.
Mung 52 dina, témbok lan gerbang kutha Yérusalèm akhiré rampung dibangun. Néhémia ngejak kabèh wong Lèwi lunga ing Yérusalèm kanggo ngrayakké kuwi. Dhèwèké mbagi wong-wong kuwi dadi rong kelompok penyanyi. Terus, wong-wong kuwi mlaku ing ndhuwur témbok ing rong arah sing béda lan ngubengi kutha kuwi. Wong-wong kuwi mainké trompèt, simbal, lan harpa. Wong-wong kuwi ya nyanyi kanggo Yéhuwah. Ézra mlaku karo kelompok sing pertama lan Néhémia karo kelompok sing keloro. Terus, rong kelompok kuwi ketemu ing bait. Kabèh wong mènèhi korban kanggo Yéhuwah. Wong-wong kuwi seneng banget nganti swarané isa dirungokké saka kadohan.
”Senjata apa waé sing dienggo nglawan kowé ora bakal mempan.”—Yésaya 54:17
-