-
Èlisabèt Nduwé AnakAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 68
Èlisabèt Nduwé Anak
Luwih saka 400 taun sakwisé témbok Yérusalèm dibangun manèh, ana imam sing jenengé Zakharia. Zakharia nduwé bojo sing jenengé Èlisabèt. Wong loro kuwi manggon ing cedhak Yérusalèm. Zakharia lan Èlisabèt wis suwé nikah, tapi durung nduwé anak. Pas Zakharia lagi nggawé persembahan dupa ing Ruang Kudus ing bait, malaékat Gabrièl muncul. Zakharia wedi. Tapi, Gabrièl ngomong, ’Aja wedi. Ana kabar apik saka Yéhuwah. Bojomu bakal nglairké anak lanang. Anak kuwi kudu mbok jenengi Yohanes. Yéhuwah wis milih Yohanes kanggo nindakké tugas khusus.’ Terus, Zakharia ngomong, ’Apa ya mungkin? Aku karo bojoku kan wis tuwa, ora mungkin isa nduwé anak.’ Gabrièl ngomong, ’Gusti Allah wis ngongkon aku ngomongké iki. Tapi, merga kowé ora percaya, kowé ora bakal isa ngomong nganti anak kuwi lair.’
Zakharia suwé banget ing Ruang Kudus. Pas dhèwèké metu, wong-wong sing ngentèni ing njaba péngin ngerti apa sing kelakon. Zakharia ora isa ngomong. Dhèwèké mung isa nggawé gerakan tangan. Akhiré, wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Zakharia bar éntuk wahyu saka Gusti Allah.
Kaya sing diomongké malaékat, Èlisabèt akhiré hamil lan nglairké anak lanang. Kanca-kanca lan seduluré teka kanggo ndelok bayi kuwi. Wong-wong kuwi seneng banget. Èlisabèt ngomong, ’Anak iki jenengé Yohanes.’ Wong-wong kuwi ngomong, ’Ing keluargamu ora ana sing jenengé Yohanes. Dijenengi Zakharia waé, kaya bapaké.’ Tapi, Zakharia nulis, ’Jenengé Yohanes.’ Pas kuwi, Zakharia langsung isa ngomong manèh. Kabèh wong ing Yudéa krungu soal bayi kuwi. Terus, wong-wong kuwi mikir, ’Nèk wis gedhé, bocah kuwi bakal dadi apa, ya?’
Terus, Zakharia dituntun roh suci. Dhèwèké ngomong, ’Ayo padha muji Yéhuwah. Dhèwèké janji karo Abraham nèk bakal mènèhi juru slamet, yaiku Mésias, sing bakal nylametké awaké dhéwé. Yohanes bakal dadi nabi lan bakal nyiapké dalan kanggo Mésias.’
Seduluré Èlisabèt sing jenengé Maria ya ngalami peristiwa sing luar biasa. Ayo diteruské critané.
”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”—Matius 19:26
-
-
Gabrièl Nemoni MariaAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 69
Gabrièl Nemoni Maria
Èlisabèt nduwé sedulur sing jenengé Maria. Maria kuwi isih enom lan manggon ing kutha Nazarèt ing Galiléa. Maria wis tunangan karo Yusuf. Yusuf kuwi tukang kayu. Wektu Èlisabèt hamil enem sasi, malaékat Gabrièl nemoni Maria. Malaékat kuwi ngomong, ’Maria, Yéhuwah sayang banget karo kowé.’ Maria ora ngerti maksudé Gabrièl. Gabrièl ngomong, ’Kowé bakal hamil, terus nglairké anak lanang. Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus. Dhèwèké bakal dadi Raja, lan Kerajaané bakal ana sakterusé.’
Maria ngomong, ’Tapi, aku kan isih prawan. Ora mungkin aku nglairké anak.’ Gabrièl ngomong, ’Yéhuwah isa nindakké apa waé. Kowé bakal éntuk roh suci. Terus, kowé bakal nduwé anak lanang. Sedulurmu Èlisabèt ya lagi hamil, padahal dhèwèké wis tuwa.’ Maria njawab, ’Aku iki budhak wédoké Yéhuwah. Muga-muga kuwi kabèh kelakon.’
Maria lunga ing kutha ing dhaérah pegunungan kanggo nemoni Èlisabèt. Wektu Maria ngucapké salam, Èlisabèt ngrasa nèk bayi ing njero wetengé obah-obah. Merga dituntun roh suci, Èlisabèt ngomong, ’Yéhuwah mberkahi kowé, Maria. Sapa ta aku iki kok nganti ibuné Gustiku marani aku?’ Maria njawab, ’Aku ngluhurké Yéhuwah saka atiku.’ Maria ing omahé Èlisabèt nganti telung sasi. Bar kuwi, Maria mulih ing Nazarèt.
Wektu ngerti Maria hamil, Yusuf mutuské ora sida nikah karo Maria. Yusuf ngira nèk Maria wis nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya. Tapi, ana malaékat sing ngomong karo Yusuf liwat mimpi. Malaékat kuwi ngomong, ’Aja wedi ngepèk Maria dadi bojomu. Dhèwèké ora salah apa-apa.’ Akhiré, Yusuf tetep nikah karo Maria.
”Yéhuwah nindakké apa waé sing disenengi ing langit, ing bumi.”—Mazmur 135:6
-