PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Para Malaékat Ngumumké Lairé Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Para malaékat nyampèkké berita kanggo para gembala soal lairé Yésus

      PELAJARAN 70

      Para Malaékat Ngumumké Lairé Yésus

      Kaisar Agustus kuwi sing nguwasani kerajaan Romawi. Dhèwèké mréntahké kabèh wong Yahudi mulih ing kutha asalé dhéwé-dhéwé kanggo didaftar. Mula, Yusuf lan Maria mulih ing Bètlehèm. Bètlehèm kuwi kutha asalé Yusuf. Ora suwé manèh, Maria bakal nglairké.

      Pas wis tekan Bètlehèm, kabèh penginepan wis kebak. Mula, Yusuf lan Maria nginep ing kandhang. Ing kono, Maria nglairké Yésus. Maria mbungkus Yésus nganggo kain. Terus, Yésus diturokké ing wadhah pakan kéwan.

      Bengi kuwi, ana gembala-gembala sing lagi njaga domba-dombané ing lapangan cedhak Bètlehèm. Bar kuwi, ana malaékat sing muncul ing ngarepé para gembala. Terus, ana cahaya sing padhang banget saka Yéhuwah ing sekitaré wong-wong kuwi. Para gembala kuwi dadi wedi. Tapi, malaékat mau ngomong, ’Aja wedi. Aku nduwé kabar apik. Dina iki, Mésias wis lair ing Bètlehèm.’ Bar kuwi, ana akèh malaékat muncul ing langit. Malaékat-malaékat kuwi ngomong, ’Muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké, lan ayem tentrem ing bumi.’ Malaékat-malaékat kuwi akhiré lunga. Piyé tanggepané para gembala kuwi?

      Para gembala kuwi ngomong, ’Ayo mangkat ing Bètlehèm.’ Wong-wong kuwi langsung cepet-cepet lunga. Akhiré, wong-wong kuwi ketemu karo Yusuf, Maria, lan bayiné ing kandhang.

      Kabèh sing krungu critané para gembala dadi kagum. Maria mikirké tenanan omongané malaékat mau lan terus ngéling-éling kuwi. Para gembala akhiré bali. Wong-wong kuwi bersyukur karo Yéhuwah merga apa sing wis dirungokké lan didelok.

      ”Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, ning merga Dhèwèké sing ngutus aku.”​—Yohanes 8:42

      Pertanyaan: Piyé carané malaékat ngumumké lairé Yésus? Ing Bètlehèm, para gembala kuwi ketemu sapa?

      Lukas 2:1-20; Yésaya 9:6

  • Yéhuwah Nglindhungi Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Maria lan Yésus numpak keledai, Yusuf mlaku ing sampingé

      PELAJARAN 71

      Yéhuwah Nglindhungi Yésus

      Wong-wong ing negri sebelah timuré Israèl percaya nèk bintang isa dadi penunjuk arah. Ana wong-wong lanang saka negri kuwi ndelok benda sing kaya bintang ing langit. Wong-wong kuwi ngetutké ”bintang” mau tekan Yérusalèm. Wong-wong kuwi ngerti nèk ana bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi. Mula, wong-wong kuwi takon karo wong-wong ing kono, ’Ing ngendi bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi? Aku péngin sujud karo bocah kuwi.’

      Wektu ngerti nèk bakal ana raja sing anyar, raja Yérusalèm sing jenengé Hérodès dadi kuwatir. Dhèwèké takon karo para imam kepala, ’Ing ngendi bocah sing bakal dadi raja kuwi?’ Para imam kuwi njawab, ’Para nabi ngomong nèk bocah kuwi bakal lair ing Bètlehèm.’ Mula, Hérodès ngundang wong-wong saka negri sebelah timur kuwi. Terus, dhèwèké ngomong, ’Golèkana bocah kuwi ing Bètlehèm. Nèk wis ketemu, kandhanana aku. Aku ya péngin sujud karo bocah kuwi.’ Tapi, sakjané Hérodès ngapusi.

      ”Bintang” kuwi mulai pindhah manèh. Wong-wong kuwi ngetutké tekan Bètlehèm. ”Bintang” kuwi akhiré mandheg ing ndhuwuré salah siji omah. Wong-wong kuwi mlebu ing kono, terus ndelok Yésus lan Maria. Wong-wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus, terus mènèhi emas, menyan, lan mur. Apa Yéhuwah ngongkon wong-wong kuwi nemoni Yésus? Ora.

      Bengi kuwi, Yéhuwah ngomong karo Yusuf liwat mimpi, ’Hérodès arep matèni Yésus. Lungaa ing Mesir karo anak lan bojomu. Manggona ing kana nganti keadaané aman.’ Yusuf lan keluargané langsung mangkat ing Mesir.

      Yéhuwah ngongkon wong-wong saka negri sebelah timur kuwi bèn ora nemoni Hérodès manèh. Hérodès dadi nesu banget. Merga ora isa nemokké Yésus, Hérodès ngongkon bèn kabèh bocah lanang ing Bètlehèm sing sak umuran karo Yésus dipatèni. Tapi, Yésus aman ing Mesir.

      Akhiré, Hérodès mati. Yéhuwah ngomong karo Yusuf, ’Saiki wis aman. Muliha.’ Yusuf, Maria, lan Yésus mulih ing Israèl, terus manggon ing kutha Nazarèt.

      ”Omongan-Ku ya kaya ngono. . . . Kabèh sing Tak préntahké mesthi bakal berhasil.”​—Yésaya 55:11

      Pertanyaan: Yésus arep diapakké? Piyé carané Yéhuwah nglindhungi Yésus?

      Matius 2:1-23; Mikha 5:2

Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim