PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wektu Yésus Umur 12 Taun
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus sing umuré 12 taun lungguh bareng karo guru agama ing bait

      PELAJARAN 72

      Wektu Yésus Umur 12 Taun

      Yusuf lan Maria manggon ing Nazarèt karo Yésus lan anak-anaké sing liya. Yusuf kerja dadi tukang kayu. Yusuf mulang keluargané soal Yéhuwah lan hukumé. Yusuf lan keluargané ya rajin ngibadah lan sinau soal Yéhuwah ing sinagogé. Keluarga kuwi ya lunga ing Yérusalèm saben taun kanggo ngrayakké Paskah.

      Yésus lan keluargané lunga ing Yérusalèm kaya biasané. Wektu kuwi, umuré Yésus 12 taun. Yérusalèm ramé banget. Ana akèh wong sing teka ing kono kanggo ngrayakké Paskah. Bar perayaan, Yusuf lan Maria mulih. Yusuf lan Maria ngira nèk Yésus wis mèlu rombongan. Tapi pas digolèki, Yésus ora ana.

      Mula, Yusuf lan Maria bali manèh ing Yérusalèm, terus nggolèki Yésus nganti telung dina. Wong loro kuwi akhiré lunga ing bait. Ing kono, Yésus lagi lungguh bareng karo para guru agama. Dhèwèké ngrungokké lan mènèhi akèh pitakonan. Para guru agama kuwi ya nakoni Yésus. Wektu krungu jawabané Yésus, wong-wong kuwi kagum merga Yésus ngerti isi Hukumé Yéhuwah.

      Yusuf lan Maria kuwatir banget. Maria ngomong, ’Lé, Bapak karo Ibu wis nggolèki kowé ing ngendi-endi. Kowé saka ngendi waé?’ Yésus njawab, ’Apa Bapak lan Ibu ora ngerti nèk aku kudu ana ing omahé Bapakku?’

      Bar kuwi, Yésus mulih ing Nazarèt bareng wong tuwané. Yésus diajari Yusuf carané dadi tukang kayu. Nurutmu, piyé tumindaké Yésus wektu isih enom? Wektu tambah gedhé, Yésus dadi tambah pinter lan tambah disayang karo Yéhuwah lan wong liya.

      Yusuf lan Maria lungguh bareng karo Yésus lan anak-anaké sing liyané

      ”Oh Gusti Allahku, aku seneng nindakké kepénginan-Mu, lan hukum-Mu ana ing atiku.”​—Mazmur 40:8

      Pertanyaan: Yusuf lan Maria nemokké Yésus ing ngendi? Kenapa Yésus ana ing kono?

      Matius 13:55, 56; Markus 6:3; Lukas 2:40-52; 4:16; Pangandharing Torèt 16:15, 16

  • Yohanes Nyiapké Tekané Mésias
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yohanes Pembaptis mulang wong-wong ing pinggiré Kali Yordan

      PELAJARAN 73

      Yohanes Nyiapké Tekané Mésias

      Yohanes kuwi anaké Zakharia lan Èlisabèt. Wektu wis gedhé, Yohanes dadi nabi. Yéhuwah ngongkon Yohanes ngandhani wong-wong nèk Mésias bakal teka. Yohanes ora mulang ing sinagogé utawa ing kutha, tapi ing padhang belantara. Akèh wong teka saka Yérusalèm lan Yudéa kanggo sinau saka Yohanes. Dhèwèké mulang nèk wong-wong kuwi kudu bertobat bèn isa nyenengké Gusti Allah. Sakwisé sinau saka Yohanes, akèh wong sing bertobat. Yohanes akhiré mbaptis wong-wong kuwi ing Kali Yordan.

      Uripé Yohanes sederhana. Klambiné saka wulu unta. Panganané yaiku walang lan madu hutan. Wong-wong péngin ngerti soal Yohanes. Malah, wong Farisi lan Saduki sing sombong ya teka nemoni Yohanes. Yohanes ngomong, ’Kowé kudu berubah lan bertobat. Aja sombong. Senajan kowé keturunané Abraham, kuwi ora berarti kowé anak-anaké Gusti Allah.’

      Akèh wong teka nemoni Yohanes, terus takon, ’Aku kudu piyé bèn isa nyenengké Gusti Allah?’ Yohanes njawab, ’Nèk kowé nduwé klambi loro, sijiné kudu mbok wènèhké wong sing mbutuhké.’ Apa kowé ngerti kenapa Yohanes ngomong ngono? Yohanes péngin wong-wong kuwi ngerti nèk kudu sayang karo wong liya bèn isa nyenengké Gusti Allah.

      Yohanes ngandhani para petugas pajeg, ’Kowé kudu jujur. Aja ngapusi wong liya.’ Yohanes ya ngandhani para prajurit, ’Aja meksa wong liya mènèhi kowé dhuwit, lan aja nggawé tudhuhan palsu.’

      Para imam lan wong Lèwi ya teka nemoni Yohanes. Wong-wong kuwi takon, ’Sakjané kowé sapa, ta? Wong-wong péngin ngerti soal kowé.’ Yohanes njawab, ’Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, sing nuntun wong-wong bèn cedhak karo Yéhuwah, kaya omongané Nabi Yésaya.’

      Wong-wong seneng karo apa sing diwulangké Yohanes. Akèh wong ngira nèk Yohanes kuwi Mésias. Tapi, Yohanes ngomong, ’Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa timbang aku. Nyopot sandhalé waé aku ora pantes. Aku mbaptis nganggo banyu, tapi wong kuwi bakal mbaptis nganggo roh suci.’

      ”Wong iki teka kanggo mènèhi kesaksian soal cahaya kuwi, supaya kabèh wong isa percaya liwat dhèwèké.”​—Yohanes 1:7

      Pertanyaan: Yéhuwah mènèhi Yohanes tugas apa? Piyé tanggepané wong-wong sing ngrungokké Yohanes?

      Matius 3:1-11; Markus 1:1-8; Lukas 3:1-18; Yohanes 1:19-28; Yésaya 40:3

Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim