-
Yésus Ngusir Para Pedagang ing BaitAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 76
Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait
Kira-kira sasi April taun 30 M, Yésus lunga ing Yérusalèm. Akèh wong sing teka ing kono kanggo ngrayakké Paskah. Wong-wong kuwi ngorbanké kéwan ing bait. Ana sing nggawa kéwané saka omah, tapi ya ana sing tuku ing Yérusalèm.
Wektu tekan bait, Yésus ndelok wong-wong sing dodolan kéwan ing kono. Yésus dadi nesu banget merga wong-wong kuwi nggolèk dhuwit ing baité Yéhuwah. Yésus nggawé pecut saka tali, terus ngusir domba lan sapi saka bait. Yésus ya njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan mbuwang dhuwit rècèhé wong-wong kuwi. Bar kuwi, Yésus ngomong karo wong-wong sing dodolan manuk dara, ’Singkirna iki kabèh saka kéné. Omahé Bapakku ora éntuk dienggo dodolan!’
Wektu ndelok kuwi kabèh, wong-wong sing ana ing bait padha kagum karo Yésus. Para muridé dadi kèlingan salah siji ramalan soal Mésias yaiku, ’Aku bakal semangat kanggo ngabdi ing omahé Yéhuwah.’
Pas taun 33 M, Yésus ngusir manèh wong-wong sing dodolan ing bait. Yésus péngin wong-wong ya sayang karo omahé Yéhuwah.
”Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.”—Lukas 16:13
-
-
Wong Wédok ing SumurAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 77
Wong Wédok ing Sumur
Sakwisé Paskah, Yésus lan murid-muridé bali ing Galiléa liwat Samaria. Ing cedhak kutha Sikhar, Yésus mandheg ing sumuré Yakub. Dhèwèké istirahat ing kono, lan murid-muridé tuku panganan ing kutha.
Ana wong wédok sing teka ing sumur kuwi arep njupuk banyu. Yésus ngomong, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” Wong wédok kuwi ngomong, ’Kenapa njenengan ngomong karo aku? Aku iki wong Samaria. Wong Yahudi kan ora gelem omongan karo wong Samaria.’ Yésus ngomong, ’Nèk kowé ngerti aku iki sapa, kowé mesthi bakal njaluk ombé saka aku. Terus, aku bakal mènèhi kowé banyu sing isa nggawé kowé urip.’ Wong wédok kuwi takon, ’Maksudé njenengan apa? Njenengan kan ora nduwé timba.’ Yésus njawab, ’Wong sing ngombé banyu sing tak wènèhké ora bakal ngelak manèh.’ Wong wédok kuwi ngomong, ”Pak, mbok aku diwènèhi banyu kuwi.”
Terus, Yésus ngomong, ’Ajaken bojomu mréné.’ Dhèwèké njawab, ’Aku ora nduwé bojo.’ Yésus ngomong, ’Kowé bener. Kowé wis nikah ping lima. Saiki kowé manggon karo wong lanang sing dudu bojomu.’ Wong wédok kuwi ngomong, ’Njenengan mesthi nabi. Wong Samaria percaya nèk kabèh wong isa ngibadah ing gunung iki. Tapi, wong Yahudi ngomong nèk wong-wong kudu ngibadah ing Yérusalèm. Aku yakin nèk pas Mésias teka, dhèwèké bakal mulang carané ngibadah.’ Terus, Yésus ngomong, ’Aku iki Mésias.’ Yésus durung tau ngomong kaya ngono karo wong liya.
Wong wédok kuwi cepet-cepet mulih ing kuthané. Dhèwèké ngandhani wong Samaria, ’Kétoké aku wis ketemu karo Mésias. Dhèwèké ngerti banget soal aku. Ayo mrana!’ Wong-wong kuwi ngetutké wong wédok mau ing sumur, terus ngrungokké apa sing diwulangké Yésus.
Wong-wong Samaria mau ngejak Yésus ing kuthané. Dhèwèké mulang ing kono nganti rong dina. Akhiré, akèh wong percaya karo Yésus. Wong-wong kuwi ngomong karo wong wédok Samaria mau, ’Sakwisé ngrungokké wong iki, aku yakin nèk dhèwèké kuwi wong sing nylametké donya.’
”’Ayo mréné.’ Sapa waé sing ngelak éntuk teka, lan sapa waé sing gelem éntuk njupuk banyu sing marakké urip. Wong-wong kuwi ora perlu mbayar.”—Wahyu 22:17
-