PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésus Martakké Kabar Apik soal Kerajaané Gusti Allah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yésus nginjil karo salah siji muridé

      PELAJARAN 78

      Yésus Martakké Kabar Apik soal Kerajaané Gusti Allah

      Bar dibaptis, Yésus mulai martakké kabar apik nèk Kerajaané Allah wis cedhak. Murid-murid ngetutké Yésus lunga ing Galiléa lan Yudéa. Wektu bali ing kutha asalé yaiku Nazarèt, Yésus lunga ing sinagogé. Ing kono, Yésus mbukak gulungan Yésaya, terus macakké kuwi nganggo swara sing banter, ’Yéhuwah wis mènèhi aku roh suci bèn aku isa nyritakké soal kabar apik.’ Apa maksudé ayat kuwi? Senajan wong-wong péngin ndelok Yésus gawé mukjijat, tapi alesan utamané Yésus éntuk roh suci yaiku bèn isa ngandhani wong-wong soal kabar apik. Terus, Yésus ngomong karo wong-wong ing kono, ’Dina iki, ayat iki wis kelakon.’

      Bar kuwi, Yésus lunga ing Laut Galiléa. Ing kono, Yésus ketemu karo papat nelayan sing akhiré dadi muridé. Yésus ngomong, ’Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.’ Wong papat kuwi jenengé Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes. Wong papat kuwi langsung ninggalké gawéané lan dadi muridé Yésus. Yésus lan wong-wong kuwi nginjil ing kabèh dhaérah ing Galiléa. Wong-wong kuwi nginjil ing sinagogé, ing pasar, lan ing dalan. Akèh wong ngetutké Yésus lan murid-muridé ing ngendi waé. Berita soal Yésus nyebar ing ngendi-endi, malah nganti tekan Siria.

      Ana murid-muridé Yésus sing diwènèhi kuwasa karo Yésus kanggo marèkké wong lara lan ngusir roh jahat. Sing liyané mèlu Yésus nginjil ing saben kutha lan désa. Terus, ya ana wong-wong wédok sing nglayani Yésus lan para pengikuté, contoné Maria Magdaléna, Yohana, Susana, lan liyané.

      Sakwisé nglatih murid-muridé, Yésus ngongkon wong-wong kuwi nginjil. Wong-wong kuwi lunga ing Galiléa. Hasilé, akèh wong sing dadi muridé Yésus lan dibaptis. Yésus nggambarké wong-wong kuwi kaya ladhang sing siap dipanèn. Yésus ngomong, ’Ndongaa bèn Yéhuwah mènèhi luwih akèh pekerja kanggo ngumpulké panènané.’ Bar kuwi, Yésus milih 70 murid, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro kanggo nginjil ing kabèh dhaérah ing Yudéa. Wong-wong kuwi mulang kabèh wong soal Kerajaané Allah. Wektu ketemu Yésus manèh, murid-murid kuwi semangat banget nyritakké pengalamané. Kuwi nduduhké nèk Sétan ora isa ngalang-alangi gawéan nginjil.

      Yésus ngongkon murid-muridé terus nginjil senajan Yésus wis bali ing swarga. Yésus ngomong, ’Nginjila ing kabèh dhaérah ing bumi. Wulangen wong-wong soal Kitab Suci, terus baptisen wong-wong kuwi.’

      ”Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah ya kudu tak umumké ing kutha-kutha liya. Kuwi tujuané Gusti Allah ngutus aku.”​—Lukas 4:43

      Pertanyaan: Murid-muridé Yésus diwènèhi tugas apa? Piyé tanggepané murid-muridé Yésus soal tugas kuwi?

      Matius 4:17-25; 9:35-38; 28:19, 20; Markus 1:14-20; Lukas 4:14-21; 8:1-3; 10:1-22

  • Yésus Nggawé Akèh Mukjijat
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Wong-wong sing lara njaluk dimarèkké Yésus

      PELAJARAN 79

      Yésus Nggawé Akèh Mukjijat

      Yésus teka ing bumi kanggo martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Yéhuwah mènèhi Yésus roh suci kanggo nindakké mukjijat. Yéhuwah péngin nduduhké apa sing bakal ditindakké Yésus pas dadi Raja. Yésus isa marèkké akèh penyakit. Ing ngendi waé Yésus lunga, akèh wong lara sing marani dhèwèké, lan Yésus gelem marèkké wong-wong kuwi. Sing wuta isa ndelok, sing budheg isa krungu, sing lumpuh isa mlaku, lan sing kesurupan isa dibébaské saka roh jahat. Malah, wong-wong kuwi isa mari mung merga ndemèk ujung klambiné Yésus. Akèh wong padha ngetutké Yésus ing ngendi waé. Senajan lagi péngin dhèwèkan, Yésus ora tau nolak nèk ana wong sing butuh bantuané.

      Ana wong-wong sing nggawa wong lanang lumpuh ing penginepané Yésus. Tapi, wong-wong kuwi ora isa mlebu merga ana akèh banget wong. Mula, wong-wong mau mbobol atap omah kuwi. Terus, wong lumpuh kuwi diedhunké nganggo tandhu. Bar kuwi, Yésus ngomong, ’Tangia, terus mlakua.’ Wektu ndelok wong lumpuh kuwi isa mlaku, wong-wong sing ana ing kono dadi kagum.

      Wektu Yésus tekan ing salah siji désa, ana wong sepuluh sing lara kusta mbengok saka kadohan, ’Yésus, tulungi aku.’ Pas jaman kuwi, wong sing lara kusta ora éntuk nyedhaki wong liya. Nurut Hukumé Yéhuwah, wong sing lara kusta kudu lunga ing bait sakwisé dimarèkké. Mula, Yésus ngongkon wong-wong kuwi mrana. Pas perjalanan, wong-wong kuwi mari. Salah sijiné bali nemoni Yésus lan ngucapké maturnuwun wektu ngerti nèk dhèwèké wis mari. Wong kuwi ya muji Yéhuwah. Saka wong sepuluh, mung siji sing ngucapké maturnuwun karo Yésus.

      Ana wong wédok sing wis 12 taun lara. Dhèwèké péngin banget dimarèkké. Wektu kuwi, Yésus lagi ana ing tengah-tengahé wong akèh. Wong wédok kuwi nyedhak, terus ndemèk ujung klambi njabané Yésus. Wong wédok kuwi langsung mari. Bar kuwi, Yésus ngomong, ’Sapa sing ndemèk aku?’ Wong wédok kuwi dadi wedi. Tapi, dhèwèké maju, terus nyritakké keadaané. Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ’Ndhuk, aja wedi. Kowé wis mari.’

      Ana ketua sinagogé sing jenengé Yairus. Dhèwèké ngomong karo Yésus, ’Tekaa ing omahku. Anakku wédok lagi lara parah.’ Tapi, sakdurungé Yésus tekan omahé Yairus, anak kuwi wis mati. Pas tekan kono, Yésus ndelok ana akèh wong sing lagi nangis. Yésus ngomong, ’Aja nangis. Bocah iki mung lagi turu.’ Terus, Yésus nyekel tangané bocah kuwi lan ngomong, ’Tangia, Ndhuk!’ Bocah kuwi langsung tangi. Terus, Yésus ngongkon wong tuwané mènèhi bocah kuwi mangan. Wong tuwané mesthi seneng banget.

      Yésus nguripké anak wédoké Yairus

      ”Gusti Allah wis nglantik dhèwèké nganggo roh suci lan mènèhi dhèwèké kuwasa. Merga Gusti Allah ndhukung dhèwèké, dhèwèké lunga ing kabèh dhaérah kuwi karo nindakké apa sing apik lan marèkké kabèh wong sing dikuwasani Iblis.”​—Kisah 10:38

      Pertanyaan: Kenapa Yésus isa marèkké wong lara? Apa sing dialami anaké Yairus?

      Matius 9:18-26; 14:36; Markus 2:1-12; 5:21-43; 6:55, 56; Lukas 6:19; 8:41-56; 17:11-19

Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim