LAGU 38
Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat
- 1. Gusti Allah péngin kowé padha ngerti - kabèh ajaran ing Kitab Suci. - Kuwi merga Huwah nggatèkké lan ngerti - kowé manut tulus saka ati. - Kowé wis janji nèk arep ngabdi, - Huwah mesthi mbantu lan nglindhungi. - (REFREIN) - Anaké dikorbanké - kanggo nebus kowé. - Dadi Huwah mesthi - bakal mbantu kowé. - Yéhuwah mesthi ndhukung - lan nulungi kowé, - Nggawé kowé kuwat, - mbantu kowé setya. 
- 2. Nèk Yéhuwah nganti ngorbanké Anaké, - Kuwi merga Huwah sayang kowé. - Kowé mesthi bakal terus dikuwatké, - Lan kowé bakal t’rus digatèkké. - Katresnanmu ora dilalèkké. - Dongamu sing tulus dirungokké. - (REFREIN) - Anaké dikorbanké - kanggo nebus kowé. - Dadi Huwah mesthi - bakal mbantu kowé. - Yéhuwah mesthi ndhukung - lan nulungi kowé, - Nggawé kowé kuwat, - mbantu kowé setya. 
(Deloken Rm. 8:32; 14:8, 9; Ibr. 6:10; 1 Ptr. 2:9.)