LAGU 28
Dadi Kancané Yéhuwah
Vèrsi Tercétak
	- 1. Sapa kanca-Mu, Yah, - Manggon ing kémah-Mu? - Sapa dadi kanca akrab-Mu - lan ngerti sifat-Mu? - Sing manut préntah-Mu, - Manut aturan-Mu, - Wong-wong sing adil lan sing setya, - Sing manut hukum-Mu. 
- 2. Sapa kanca-Mu, Yah, - Sing dadi abdi-Mu? - Sapa dadi kanca cedhak-Mu, - Nyenengké ati-Mu? - Sing manut préntah-Mu, - Ngluhurké jeneng-Mu, - Wong-wong sing jujur, tulus ati, - Sing t’rus setya ngabdi. 
- 3. Yah krungu dongaku - lan rasa syukurku. - Seneng banget dadi kanca-Mu, - Ngrasakké tresna-Mu. - Kepéngin rasané - kekancan s’lawasé. - Yéhuwah kanca sing sejati, - ’Ra ana liyané. 
(Deloken Mzm. 139:1; 1 Ptr. 5:6, 7.)