LAGU 10
Pujinen Yéhuwah
Vèrsi Tercétak
	- 1. Pujinen Allah Yéhuwah, - Umumna jenengé Gusti. - Wis cedhak dinané Allah, - Kabèh wong kudu dikandhani. - Yéhuwah ngomong, iki wektuné - Anaké mréntah saiki. - Wartakna bèn kabèh wong ’dha ngerti - nèk Huwah bakal mberkahi. - (REFREIN) - Pujinen Allah Yéhuwah, - Luhurna Yah ing endi-endi. 
- 2. Pujinen Allah Yéhuwah, - Jenengé Yah tak luhurké. - Ayo ’dha nyanyi muji Yah, - K’wasané Huwah tak wartakké. - Yéhuwah rendah hati sifaté, - Meskipun gedhé kwasané. - Yah ngerti kabèh sing tak butuhké, - Lan dongaku dirungokké. - (REFREIN) - Pujinen Allah Yéhuwah, - Luhurna Yah ing endi-endi. 
(Deloken Mzm. 89:27; 105:1; Yér. 33:11.)