PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 September hlm. 26-30
  • ”Terus Bertumbuh ing Endi Waé Ditandur”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Terus Bertumbuh ing Endi Waé Ditandur”
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Berkahé Yéhuwah Ngluwihi sing Tak Bayangké
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Yéhuwah Wis ’Nggawé Aku Berhasil’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Sing Kudu Ditindakké Nèk Ngalami Perubahan Tugas
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Seumur Hidup Terus Belajar saka Guru sing Hébat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 September hlm. 26-30
Mats lan Ann-Catrin ing dhaérah pedésaan. Meréka ngadeg ing samping mobilé.

PENGALAMAN

”Terus Bertumbuh ing Endi Waé Ditandur”

DICRITAKKÉ KARO MATS LAN ANN-CATRIN KASSHOLM

”DADIA kaya tanduran sing terus bertumbuh ing endi waé ditandur.” Apa maksudé naséhat kuwi, lan piyé Mats lan Ann-Catrin Kassholm saka Swedia bola-bali ngrasakké manfaat saka naséhat kuwi?

Mats lan Ann-Catrin Kassholm mèlu Sekolah Giléad taun 1979. Nah, meréka éntuk naséhat sing disebutké ing awal mau kuwi saka instruktur Giléad sing jenengé Jack Redford. Naséhat kuwi terbukti bermanfaat banget merga meréka bola-bali pindhah tugas. Misalé ing Iran, Mauritius, Myanmar, Tanzania, Uganda, lan Zaire. Meréka seolah-olah kaya ”ditandur”, ”dicabut”, lan ”ditandur manèh” ping bola-bali. Ayo nggatèkké critané meréka.

Piyé critané kalian isa kenal Yéhuwah?

Mats: Pas Perang Donya II, bapakku manggon ing Polandia. Dhèwèké ora seneng karo Gréja Katolik soalé wong-wongé munafik. Tapi, Bapak kerep ngomong nèk mesthi ana agama sing bener. Ternyata tenan. Dadi critané, aku kerep tuku buku bekas. Nah, wektu kuwi aku tertarik karo buku werna biru sing judhulé Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal. Bengi kuwi, bukuné langsung rampung tak waca. Bar rampung maca, aku yakin nèk iki ajaran sing bener.

Kèt April 1972, aku maca publikasi-publikasi liya sing digawé Seksi Yéhuwah lan akhiré éntuk jawaban saka pertanyaan-pertanyaanku soal Alkitab. Kaya pedagang ing perumpamaané Yésus sing nemokké mutiara berharga lan ngedol kabèh hartané bèn isa tuku mutiara kuwi, aku ya mutuské ora kuliah kedokteran bèn isa nglayani Yéhuwah. (Mat. 13:​45, 46) Aku dibaptis tanggal 10 Desember 1972.

Ora nganti setaun, wong tuwaku lan adhiku lanang ya sinau Alkitab lan dibaptis. Sasi Juli 1973, aku mulai merintis biasa. Ing jemaatku ana beberapa perintis biasa, salah sijiné Ann-Catrin. Dhèwèké ayu lan sayang banget karo Yéhuwah. Kami akhiré jatuh cinta lan nikah taun 1975. Bar nikah, kami manggon ing kutha Strömsund, Swedia selama patang taun. Ing kana ana akèh sing gelem sinau Alkitab.

Ann-Catrin: Bapakku pertama ngerti ajaran sing bener pas dhèwèké arep lulus kuliah ing Stockholm. Kèt umurku telung sasi, Bapak kerep ngejak aku ngibadah lan nginjil. Ibu ora seneng lan berupaya mbuktèkké nèk ajarané Seksi Yéhuwah ora bener. Tapi dhèwèké ora isa mbuktèkké kuwi, lan akhiré dhèwèké ya dibaptis. Aku dibaptis umur 13, terus mulai merintis umur 16. Aku nglayani ing Umeå, panggonan sing butuh luwih akèh penginjil, terus bar kuwi dadi perintis istiméwa.

Sakwisé aku karo Mats nikah, kami seneng merga isa mbantu akèh wong ngerti ajaran sing bener. Salah sijiné cah wédok sing jenengé Maivor, sing mbiyèné atlét olahraga. Dhèwèké akhiré merintis bareng karo adhiku wédok. Taun 1984, meréka mèlu Sekolah Giléad lan nglayani dadi utusan injil ing Ekuador.

Apa sing marakké kalian isa ”terus bertumbuh ing endi waé ditandur”?

Mats: Kami kerep pindhah-pindhah tugas. Tapi kami selalu isa adaptasi merga kami berupaya niru Yésus, terutama sifat rendah hatiné. (Kol. 2:​6, 7) Misalé, kami ora meksa para sedulur melakukan sesuatu manut carané kami. Tapi, kami sing menyesuaikan diri nganggo carané meréka lan budayané meréka. Merga terus niru Yésus, kami seolah-olah ”ditandur ing pinggir kali” lan isa ”terus bertumbuh ing endi waé ditandur”.—Mzm. 1:​2, 3.

Mats lan Ann-Catrin ngusung koper lan panganan.

Lunga ngunjungi jemaat-jemaat kuwi wis dadi bagian saka uripé kami

Ann-Catrin: Bèn isa terus subur sakwisé ditancepké ing lemah, tanduran butuh sinar matahari. Nah, Yéhuwah terbukti selalu dadi ”matahari” kanggo kami. (Mzm. 84:11) Dhèwèké nyedhiakké para sedulur sing sayang lan apikan. Misalé wektu ing Teheran, Iran, para sedulur ing jemaat padha murah hati lan apikan. Kami dadi éling karo wong-wong sing murah hati sing disebutké ing Alkitab. Kami seneng nglayani ing Iran. Tapi sasi Juli 1980, Seksi Yéhuwah ing kono dilarang lan kami mung dikèki wektu 48 jam kanggo lunga saka Iran. Bar kuwi, kami ditugaské ing Zaire (saiki disebut Kongo) ing Afrika.

Omah ing désa ing Zaire.

Kenangan indah nglayani ing Zaire, 1982

Pas pertama ngerti nèk kami ditugaské ing Afrika, aku nangis. Aku wedi merga ing kana ana akèh ula lan penyakit sing menular. Tapi ana loro sahabatku sing tau nglayani suwé ing Afrika ngomong, ”Aja wedi. Coba waé sik, mengko kalian mesthi seneng nglayani ing Afrika.” Ternyata kuwi mémang bener. Para sedulur ing Afrika kuwi apikan lan ramah. Bahkan enem taun bar kuwi, wektu kami kudu lunga saka Zaire merga Seksi Yéhuwah dilarang, aku sedhih banget. Aku malah nganti ndonga karo Yéhuwah njaluk bèn nèk isa aku tetep ing Afrika waé.

Berkah apa waé sing wis kalian rasakké?

Ann-Catrin lungguh ing kursi lipat, ing samping mobil kami.

”Kamar” kami ing Tanzania, 1988

Mats: Kami isa kenal lan bersahabat karo utusan injil saka akèh negara lan latar belakang. Terus, kami ya seneng merga isa mbantu akèh wong belajar Alkitab, bahkan kadhang kami masing-masing isa mandhu pelajaran Alkitab nganti 20-an. Aku terkesan karo kasih sayang lan sifat murah hatiné para sedulur ing Afrika. Pas ngunjungi jemaat-jemaat ing Tanzania, kami turuné ing mobil sing diparkir ing samping omahé para sedulur. Para sedulur murah hati banget ngekèki sing kami butuhké, bahkan ”ngluwihi kesanggupané”. (2 Kor. 8:3) Aku karo Ann-Catrin ya menikmati wektu saben bengi kanggo ngobrol. Kami crita-crita soal sedina kuwi lan bersyukur karo Yéhuwah merga wis selalu ngancani.

Ann-Catrin: Aku seneng banget isa kenal sedulur-sedulur saka sak donya. Kami ya isa belajar basa-basa anyar, misalé Farsi, Luganda, Prancis, lan Swahili, lan ya belajar kebudayaané. Kami nyemangati para sedulur sing lagi waé dibaptis, nduwé akèh sahabat, lan isa ”bersatu” bareng-bareng nglayani Yéhuwah.—Zéf. 3:9.

Kami ya ndelok akèh ciptaané Yéhuwah sing luar biasa. Saben éntuk tugas anyar, kami ngrasa kuwi kaya petualangan sing dipandhu Yéhuwah. Nèk ora merga tugas saka Yéhuwah, kami ora bakal ngrasakké pengalaman-pengalaman luar biasa kuwi.

Gambar: 1. Mats lan Ann-Catrin nginjil karo ibu-ibu lan anak-anaké. 2. Ann-Catrin nginjil karo cah lanang saka suku Maasai.

Nginjil ing akèh dhaérah ing Tanzania

Masalah apa waé sing tau kalian adhepi, lan piyé kalian isa ngatasi kuwi?

Mats: Selama beberapa taun, kami kena beberapa penyakit, termasuk malaria. Ann-Catrin ya beberapa kali kudu dioperasi. Kami ya kuwatir soal wong tuwa kami sing wis saya tuwa. Untungé ana adhi-adhi sing isa ngrawat meréka. Adhi-adhi terus sabar, ora kasar, lan ora kepeksa melakukan kuwi. (1 Tim. 5:4) Meskipun kadhang kami ya ngrasa bersalah merga ora isa luwih akèh mbantu, kami tetep ngupaya sak isa-isané mbantu saka adoh.

Ann-Catrin: Taun 1983, wektu nglayani ing Zaire, aku lara parah. Aku kena koléra. Wektu kuwi dokter ngandhani Mats nèk aku kudu ndang digawa lunga saka Zaire dina kuwi. Dadi, sésuké kami lunga ing Swedia numpak pesawat barang. Kuwi siji-sijiné penerbangan sing ana wektu kuwi.

Mats: Awalé, kami mikir nèk wis ora isa nglayani dadi utusan injil manèh, makané kami nangis. Dokter ngomong nèk Ann-Catrin ora bakal mari, tapi ternyata isa mari. Dadi, setaun bar kuwi, kami balik manèh ing Zaire lan nglayani ing jemaat cilik basa Swahili ing Lubumbashi.

Ann-Catrin: Wektu nglayani ing Lubumbashi, aku keguguran. Kuwi kehamilan sing ora direncanakké, tapi kami tetep ngrasa sedhih banget. Yéhuwah terbukti selalu menghibur kami. Ana akèh banget sing gelem belajar Alkitab karo kami, malah jumlahé luwih akèh timbang sakdurungé. Ora nganti setaun, penginjil ing jemaat saka 35 dadi 70. Terus, sing teka ing pertemuan ibadah saka 40 dadi 220. Kami ya terus sibuk nginjil lan ngrasakké berkah-berkahé Yéhuwah. Suwé-suwé kami dadi ora sedhih manèh. Mémang, nganti saiki kami kadhang isih kepikiran soal bayi kami. Kami dadi bener-bener ngentèni wektuné Yéhuwah nyingkirké kabèh sing marakké sedhih sukmbèn.

Mats: Pernah wektu kuwi, Ann-Catrin bener-bener kekeselen banget. Aku ya didiagnosa kanker usus stadium papat lan kudu dioperasi. Tapi saiki keadaanku wis apik, lan Ann-Catrin ya ngupaya sak isa-isané kanggo terus nglayani Yéhuwah.

Kami dadi sadhar nèk sing ngadhepi masalah kuwi ora mung kami thok. Sakwisé génosida taun 1994 ing Rwanda, kami ngunjungi para sedulur ing kamp pengungsi. Kami ndelok dhéwé meréka terus beriman, tetep setya, lan murah hati. Kuwi bukti nèk Yéhuwah bakal selalu ngopèni umaté selama ngadhepi masalah apa waé.—Mzm. 55:22.

Ann-Catrin: Ana peristiwa tragis sing tau kami alami pas teka ing acara peresmian kantor cabang Uganda taun 2007. Bar acara, kami balik numpak bis bareng kira-kira 25 utusan injil lan anggota Bètel ing Nairobi, Kenya. Sakdurungé tekan perbatasan Kenya, ngerti-ngerti ana truk sing nabrak kami saka ngarep. Sopir karo lima sedulur langsung mati ing kono, lan siji sedulur wédok mati pas ing rumah sakit. Kami bener-bener ngentèni isa ketemu manèh karo meréka.—Ayb. 14:​13-15.

Akhiré, luka-lukaku isa mari. Tapi, aku karo Mats lan beberapa sedulur liyané ngalami gangguan strès pascatrauma. Pas bengi, aku isa ngerti-ngerti tangi lan rasané kaya kena serangan jantung. Kuwi medèni banget. Tapi, bar ndonga tenanan karo Yéhuwah lan maca ayat-ayat favorit kami, biasané kami langsung tenang. Kami ya lunga ing dokter. Saiki, keadaan kami wis luwih apik. Kami ya ndonga njaluk Yéhuwah bèn nggunakké kami kanggo menghibur sedulur-sedulur sing ya ngalami masalah sing padha kaya kami.

Wektu ngadhepi kesulitan, kalian kan ngomong nèk Yéhuwah seolah-olah nggawa kalian ”kaya nggawa endhog mentah”. Nah, maksudé apa?

Mats: Kuwi sakjané peribahasa basa Swahili: ”Tumebebwa kama mayai mabichi”, sing artiné, ”Kami digawa kaya endhog mentah”. Wong nèk nggawa endhog mentah kan mesthi ngati-ati bèn aja nganti pecah. Nah, kami ngrasakké Yéhuwah ya kaya ngono. Yéhuwah selalu apikan ndhukung kami nglakoni tugas. Yéhuwah ya ngekèki luwih saka sing kami butuhké. Kami ya ngrasakké kasih sayang lan dhukungané Yéhuwah liwat perhatiané Pengurus Pusat.

Ann-Catrin: Salah siji conto dhukungané Yéhuwah kuwi wektu kami éntuk kabar nèk bapakku ing Swedia mlebu rumah sakit lan keadaané parah. Wektu kuwi, Mats lagi waé mari saka lara malaria, lan kami ora nduwé dhuwit kanggo tuku tikèt balik ing Swedia. Dadi, kami berencana arep ngedol mobil. Tapi ngerti-ngerti, kami ditélpon sepasang suami istri sing ngerti situasiné kami lan péngin nukokké tikèt siji. Bar kuwi, kami ya ditélpon sedulur wédok lansia sing ternyata wis nyèlèngi dhuwit ing kothak sing ditulisi ”Kanggo sedulur-sedulur sing mbutuhké”. Dadi, ora butuh wektu suwé, Yéhuwah langsung mbantu kami.—Ibr. 13:6.

Sakwisé nglayani sepenuh waktu selama 50 taun, apa waé sing kalian pelajari?

Mats lan Ann-Catrin senyum.

Ing Myanmar, penugasan kami saiki

Ann-Catrin: Aku belajar, kami isa tetep kuwat nèk ”tetep tenang lan percaya” karo Yéhuwah. Nèk percaya Yéhuwah, Dhèwèké sing bakal seolah-olah maju perang kanggo awaké dhéwé. (Yés. 30:15; 2 Bb. 20:​15, 17) Nèk nglayani Yéhuwah sak apik-apiké ing tugas apa waé, mengko bakal nampa akèh banget berkah sing ora isa dinikmati nèk ora melakukan tugas kuwi.

Mats: Sing terutama tak pelajari kuwi soal ngendelké Yéhuwah ing situasi apa waé, lan ndelok dhéwé piyé Yéhuwah mengko bertindak. (Mzm. 37:5) Yéhuwah terbukti selalu nepati janjiné. Kami terus ngrasakké kuwi bahkan nganti saiki ing tugas kami ing Bètel Myanmar.

Kami berharap cah-cah enom sing péngin nglayani luwih akèh ya isa ngrasakké kasih sayangé Yéhuwah sing wis kami rasakké. Kami yakin, nèk meréka réla, Yéhuwah isa mbantu meréka menikmati tugasé ing endi waé, seolah-olah isa ”terus bertumbuh ing endi waé ditandur”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim