PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 September hlm. 31
  • Pertanyaan saka Pembaca

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pertanyaan saka Pembaca
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Intiné Buku Kidung Agung
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • Yéhuwah Nguwatké Wong-Wong sing Nglokro
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Sinau saka Manuk ing Awang-Awang
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • ”Ora Ana Siji-sijia ing Antaramu sing Bakal Mati”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 September hlm. 31

Pertanyaan saka Pembaca

Ing Wulang Bebasan 30:​18, 19, pas nyebutké nèk ”kelakuané wong lanang wektu lagi bareng karo wong wédok” kuwi ’ora isa dipahami’, sakjané maksudé penulisé apa?

Akèh sing bingung maksudé kata-kata ing ayat kuwi, termasuk wong-wong sing paham banget soal Alkitab. Ing Terjemahan Donya Anyar, ayat kuwi lengkapé, ”Ana telu sing ora isa tak pahami, [utawa ”sing terlalu luar biasa kanggo aku”, cathetan ngisor.] lan ana papat sing ora isa tak ngertèni: Manuk elang sing mabur ing langit, ula sing mlaku ing watu-watu, kapal sing ngliwati tengah laut, lan kelakuané wong lanang wektu lagi bareng karo wong wédok.”—WB. 30:​18, 19.

Terutama ing kalimat ”kelakuané wong lanang wektu lagi bareng karo wong wédok”, kuwi mbiyèn dipahaminé sesuatu sing négatif. Soalé, ing ayat 15 lan 16 nyebutké hal-hal négatif sing ”ora tau kandha, ’Cukup’”. Terus, ing ayat 20 ya nyebutké soal ”wong wédok sing selingkuh” sing rumangsa nèk dhèwèké ora melakukan sesuatu sing salah. Makané, ayat 18 lan 19 iki mbiyèn dipahaminé kuwi sesuatu sing èlèk, yaiku cah lanang sing ngakali cah wédok bèn gelem berhubungan sèks karo dhèwèké. Sing dilakukan cah lanang kuwi jejaké angèl dilacak, kaya manuk elang sing mabur ing langit, ula sing mlaku ing watu-watu, lan kapal sing ngliwati tengah laut.

Tapi kétoké, ayat-ayat kuwi ora nduduhké sesuatu sing négatif. Penulisé mung lagi nyebutké hal-hal luar biasa sing marakké dhèwèké kagum.

Nèk saka naskah asliné ing basa Ibrani, ayat iki maksudé ya sakjané sesuatu sing positif. Menurut siji kamus sing njelaské soal Kitab-Kitab Ibrani, kata Ibrani ”ora isa tak pahami” ing Wulang Bebasan 30:18 iki ”maksudé sesuatu sing luar biasa, marakké kagum, lan kétoké ora mungkin kelakon”.

Terus, Profésor Crawford H. Toy saka Universitas Harvard ing Amerika Serikat ya nyimpulké nèk ayat iki ora lagi njelaské sesuatu sing négatif. Dhèwèké ngomong, ”Penulisé mung njelaské nèk hal-hal sing disebutké kuwi luar biasa.”

Dadi kétoké masuk akal nyimpulké nèk Wulang Bebasan 30:​18, 19 iki lagi njelaské hal-hal luar biasa sing ora isa dipahami. Kaya penulisé, awaké dhéwé kagum nèk mikirké piyé elang isa mabur ing langit, piyé ula sing ora nduwé sikil isa mlaku cepet banget ing watu-watu, piyé kapal sing abot banget isa ngliwati lautan, lan piyé cah lanang karo cah wédok isa jatuh cinta lan urip bahagia bareng.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim