PENJELASAN ING ALKITAB
Yésus Sinau soal Manut
Yésus selalu manut karo Yéhuwah. (Yoh. 8:29) Lha terus, ngapa kok ing Alkitab disebutké nèk ”wektu ngalami akèh kesusahan”, Yésus sinau soal manut?—Ibr. 5:8.
Pas ing bumi, Yésus ngalami akèh hal sing ora tau dialami pas ing swarga. Misalé, dhèwèké digedhèkké karo wong tuwa sing nglayani Yéhuwah, tapi ora sempurna. (Luk. 2:51) Dhèwèké ya diperlakukan ora adil karo para pemimpin agama lan pamréntah. (Mat. 26:59; Mrk. 15:15) Bahkan, matiné ya sengsara. Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké ngrendhahké dhiri lan manut nganti mati.”—Flp. 2:8.
Dadi, Yésus sinau soal manut liwat hal-hal sing ora tau dialami selama ing swarga. Hasilé, Yésus isa dadi Raja lan Imam Agung sing paling apik merga isa memahami perasaané manungsa. (Ibr. 4:15; 5:9) Sakwisé sinau soal manut wektu ngalami akèh kesusahan, Yésus ya dadi luwih berharga manèh kanggo Yéhuwah. Makané nèk terus manut meskipun ngadhepi kesulitan, awaké dhéwé ya bakal semakin berharga kanggo Yéhuwah lan isa digunakké Yéhuwah kanggo tugas apa waé.—Yak. 1:4.