Apa Njenengan Kèlingan?
Apa njenengan isih kèlingan karo topik-topik ing majalah Warta Penting taun iki? Ayo njawab pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa waé alesané péngin ngluhurké Yéhuwah?
Merga bener-bener menghormati lan sayang banget karo Yéhuwah. Terus ya merga péngin wong-wong ngerti sing bener soal Yéhuwah.—w25.01, hlm. 3.
Nèk ana sing marakké tersinggung, piyé bèn isa ngampuni?
Ora berupaya seolah-olah ora apa-apa padahal sakjané lara ati. Terus ya ora terus-terusan nesu, soalé kuwi ana pengaruhé karo carané awaké dhéwé memperlakukan wong liya.—w25.02, hlm. 15-16.
Ngapa kok Markus dadi conto sing apik kanggo cah-cah lanang?
Markus gelem berbuat luwih akèh kanggo nglayani. Meskipun kétoké tau lara ati, Markus ora nyerah. Dhèwèké berupaya terus akrab karo Paulus lan para sedulur liyané sing wis bertaun-taun setya nglayani.—w25.04, hlm. 27.
Apa maksudé Yésus pas ndonga, ”Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong kuwi”? (Yohanes 17:26)
Yésus ora lagi ngandhani murid-muridé nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah, soalé meréka wis ngerti. Maksudé Yésus kuwi Yésus wis nduduhké sifat-sifat, perbuatan, lan karepé Yéhuwah ing murid-muridé.—w25.05, hlm. 20-21.
Nèk rendah hati, awaké dhéwé bakal ngakoni apa?
Bakal ngakoni nèk ana hal-hal sing ora dingertèni. Misalé, kapan donya iki bakal diakhiri utawa apa sing bakal dilakukan Yéhuwah wektu kuwi. Terus ya ngakoni nèk awaké dhéwé ora ngerti apa sing bakal dialami utawa sepira ngertiné Yéhuwah soal awaké dhéwé.—w25.06, hlm. 15-18.
Piyé bèn artikel utawa ceramah sing disiapké kanggo umum isa bermanfaat kanggo njenengan?
Pikirna, ’Saka bahan kuwi, bukti-bukti apa sing isa tak gunakké kanggo njelaské soal topik kuwi? Ing bahan kuwi, ana ora perumpamaan sing isa tak tiru? Sapa sing kira-kira bakal berminat karo topik iki?’—w25.07, hlm. 19.
Saka carané Yéhuwah ngampuni Daud, apa sing isa dipelajari?
Meskipun wis tau melakukan beberapa dosa gedhé, tapi sakwisé Daud bener-bener bertobat, Yéhuwah ngampuni dhèwèké. (1 Raj. 9:4, 5) Nèk wis ngampuni, Yéhuwah ora bakal ngéling-éling dosa kuwi manèh utawa ngukum merga dosa kuwi.—w25.08, hlm. 17.
Kudu piyé nèk sing sinau Alkitab ora langsung paham utawa nampa salah siji ajaran Alkitab?
Nèk bar dijelaské tenanan isih durung paham utawa durung isa nampa, lanjutké sik waé pelajarané. Bahasen manèh topik kuwi ing wektu liya.—w25.09, hlm. 24.
Ing Alkitab disebutké nèk dosa ”nggawé wong-wong kapusan”. (Ibr. 3:13) Nggawé kapusané piyé?
Dosa ora mung marakké wong dadi kegodha kanggo nglakoni sing salah, tapi ya dadi ragu karo katresnané Yéhuwah.—w25.10, hlm. 16.
Bèn dongané isa luwih bermutu, kudu piyé?
(1) Ngrenungké Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing kaya apa. (2) Mikirké sik apa sing lagi diadhepi, misalé apa ana sing durung diampuni, lan nyebutké kuwi pas ndonga. (3) Ora kesusu pas ndonga bèn ana luwih akèh sing isa dicritakké karo Yéhuwah.—w25.10, hlm. 19-20.
Piyé awaké dhéwé isa mbantu para sedulur lansia?
Isa ngunjungi lan ngubungi meréka, ngancani pas kontrol ing dokter, utawa ngejak meréka ing macem-macem corak nginjil.—w25.11, hlm. 6-7.
Bèn calon mantèn isa ngluhurké Yéhuwah pas acara pernikahané, kudu piyé?
Manut hukumé pamréntah. Mastèkké bèn sing menonjol ing acara kuwi sifat-sifaté Yéhuwah, ora soal pas ceramah perkawinan utawa resèpsi. Pakaian lan penampilané sederhana waé. Aja nganti ana kebiasaan sing ora sesuai karo Alkitab. Kabèh rencana kudu diomongké apik-apik lan dipastèkké tenanan.—w25.12, hlm. 21-24.