BAHAN PELAJARAN PRIBADI LAN KELUARGA
Bèn Tambah Percaya Nèk Yéhuwah Isa Nylametké
Wacanen Wilangan 13:25–14:4 lan gatèkna piyé wong Israèl mulai ora percaya karo Yéhuwah.
Pelajari tenanan ceritané. Ngapa kok wong Israèl kuduné yakin nèk Yéhuwah isa nylametké meréka? (Mzm. 78:12-16, 43-53) Apa sing marakké meréka mulai ora percaya karo Yéhuwah? (PT. 1:26-28) Piyé Yosua lan Kalèb mbuktèkké nèk percaya karo Yéhuwah?—Wi. 14:6-9.
Pelajari luwih akèh. Apa sing kuduné dilakukan wong Israèl bèn isa luwih percaya karo Yéhuwah? (Mzm. 9:10; 22:4; 78:11) Ngapa kok nèk ngajèni Yéhuwah isa marakké dadi percaya karo Dhèwèké?—Wi. 14:11.
Golèkana pelajarané. Pikirna:
’Ing situasi apa waé aku dadi angèl percaya karo Yéhuwah?’
’Kèt saiki, aku kudu piyé bèn isa luwih percaya karo Yéhuwah?’
’Wektu sengsara gedhé mulai, aku isa yakin soal apa?’—Luk. 21:25-28.