-
2 Babad 2:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 merga aku arep mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku, bèn aku isa nyucèkké kuwi kanggo Gusti Allah lan mbakar dupa wangi+ ing ngarepé, supaya ing kana ajeg ana roti persembahan,*+ lan supaya ana persembahan bakaran, ésuk lan bengi,+ pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan pas perayaan+ kanggo Yéhuwah Gusti Allahku. Iki bakal dadi kewajibané Israèl kanggo sakterusé.
-
-
Néhémia 10:32, 33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Aku kabèh janji arep mènèhi sepertelu syèkel* saben taun kanggo pelayanan ing omahé* Gusti Allahku,+ 33 kanggo roti persembahan,+ kanggo persembahan biji-bijian+ sing diwènèhké saben dina, kanggo persembahan bakaran sing ajeg pas dina Sabat+ lan bulan anyar,+ kanggo perayaan-perayaan,+ kanggo persembahan suci, kanggo persembahan dosa+ bèn dosané wong Israèl isa diapura, lan kanggo kabèh gawéan ing omahé Gusti Allahku.
-