20-26 OKTOBER
PENGKHOTBAH 9-10
Lagu 30 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Tetep Nduwé Pandhangan sing Bener Pas Ana Masalah
(10 men.)
Nèk ngalami masalah, kuwi ora berarti Yéhuwah ora seneng karo awaké dhéwé (Pkh 9:11; w13-IN 15/8 14 ¶20-21)
Saiki, kabèh isa ngalami keadaan sing ora adil (Pkh 10:7; w19.09 4 ¶10)
Meskipun ana masalah, awaké dhéwé isa nyedhiakké wektu kanggo mikirké berkahé Yéhuwah (Pkh 9:7, 10; w11-IN 15/10 8 ¶1-2)
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Pkh 10:12-14—Ing ayat-ayat iki ana naséhat apa soal nggosip? (it-IN ”Fitnah; Gosip” ¶4, 8)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Pkh 10:1-20 (th Pelajaran 11)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) ING PANGGONAN UMUM. Ngejak omong-omongan wong sing kétok sedhih. (lmd Pelajaran 3 nomer 4)
5. Mulai Omong-omongan
(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Wongé crita nèk angèl nggolèk dhuwit. Bahasen salah siji topik sing ana ing ”Ajaran ing Alkitab sing Seneng Dicritakké” saka Lampiran A ing brosur Sayang Kabèh Wong. (lmd Pelajaran 4 nomer 4)
6. Ndadèkké Murid
Lagu 47
7. Yéhuwah Bakal Mbantu Pas Ana Masalah
(15 men.) Rembugan.
Saben dina awaké dhéwé ngalami masalah sing béda-béda. Kadhang masalahé ujug-ujug ana lan awaké dhéwé ora ngerti kudu piyé utawa ora ngerti isa ngadhepi masalah kuwi apa ora. Wektu ana masalah sing abot, sapa sing isa mbantu lan awaké dhéwé kudu piyé?
Embuh apa masalahé, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé bèn tetep ngrasa ayem. (Yés 33:6) Bèn isa ngrasa kaya ngono, awaké dhéwé kudu masuk akal. (WB 11:2) Wektu ngalami masalah sing abot, awaké dhéwé butuh wektu kanggo nggawé keputusan sing bener, kanggo diri sendiri lan keluarga, utawa kanggo berduka. (Pkh 4:6)
Yéhuwah isa nggunakké sedulur-sedulur kanggo nguwatké njenengan, mula aja ragu kanggo nampa utawa njaluk bantuan. Sedulur-sedulur sayang banget karo njenengan lan seneng mbantu.
Wacanen 2 Korintus 4:7-9. Terus takona:
Ngapa kok kudu tetep ngibadah, maca Alkitab, lan nginjil meskipun ana masalah?
Setèlen VIDÉO ”Yéhuwah Cedhak karo Wong sing Remuk Atiné”. Terus takona:
Piyé Yéhuwah mbantu Sedulur Gary lan Beth Septer?
Piyé sedulur-sedulur mbantu meréka?
Apa manèh sing isa dipelajari saka Sedulur Gary lan Beth?
8. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) lfb Pelajaran 28, Pengantar Bagian 6, lan Pelajaran 29