13-19 OKTOBER
PENGKHOTBAH 7-8
Lagu 39 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Nguwatké Wong sing Lagi Berduka
(10 men.)
Nyedhiakké wektu kanggo wong sing lagi berduka (Pkh 7:2; it-IN ”Berkabung; Perkabungan” ¶9)
Ngomongké sifat-sifat apiké wong sing mati (Pkh 7:1; w19.06 24 ¶15)
Ndonga bareng wong sing lagi berduka (w17.07 13 ¶16)
ÉLINGA: Meskipun ana sedulur sing wis suwé ditinggal mati keluargané, sedulur kuwi tetep butuh dikuwatké.—w17.07 13-14 ¶17-19.
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Pkh 7:20-22—Nèk ana sing nggawé jèngkèl, piyé naséhat ing ayat iki isa nggawé awaké dhéwé ngerti kudu mbahas masalahé apa ora? (w23.03 31 ¶18)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Pkh 8:1-13 (th Pelajaran 10)
4. Mulai Omong-omongan
(2 men.) ING PANGGONAN UMUM. Pikirna topik apa sing diminati wong kuwi, terus janjian kanggo nglanjutké omong-omongané. (lmd Pelajaran 2 nomer 4)
5. Mulai Omong-omongan
(2 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. (lmd Pelajaran 2 nomer 3)
6. Mupuk Minat
(2 men.) ING OMAH-OMAH. Duduhna isiné situs wèb jw.org. (lmd Pelajaran 9 nomer 4)
7. Njelaské Kepercayaané Njenengan
(5 men.) Adegan. ijwfq artikel 50—Judhul: Kaya Apa Acara Layatané Seksi-Seksi Yéhuwah? (th Pelajaran 17)
Lagu 151
8. Yakin Tenan karo Harapan Diuripké Manèh
(15 men.) Rembugan.
Janjiné Yéhuwah soal wong mati isa diuripké manèh kuwi hadiah sing luar biasa kanggo awaké dhéwé. Kuwi ya mbuktèkké nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé, wicaksana, apikan, lan sayang karo awaké dhéwé.—Yoh 3:16.
Nèk yakin tenan karo harapan kuwi, awaké dhéwé ora terus-terusan mikirké masalah sing lagi diadhepi. (2Kor 4:16-18) Awaké dhéwé isa tetep tenang wektu dianiaya, lara, utawa ditinggal mati wong sing disayangi. (1Tés 4:13) Bayangna nèk awaké dhéwé ora nduwé harapan kuwi, awaké dhéwé ora isa tetep tenang lan ora bahagia. (1Kor 15:19) Njenengan isa berupaya bèn tambah percaya karo harapan kuwi.
Wacanen Yohanes 11:21-24. Terus takona:
Apa buktiné nèk Marta percaya wong mati isa diuripké manèh?
Apa berkah sing ditampa Marta?—Yoh 11:38-44
Setèlen VIDÉO Niru Wong-Wong Wédok sing Kuwat Imané—Marta. Terus takona:
Ngapa kok njenengan seneng karo janjiné Yéhuwah nèk wong mati bakal diuripké manèh?
Piyé bèn tambah yakin karo janji kuwi?
9. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) lfb Pelajaran 26-27