17-23 NOVEMBER
KIDUNG AGUNG 6-8
Lagu 34 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Tetep Nduwé Pikiran lan Tingkah Laku sing Bener
(10 men.)
Kakang-kakangé wong wédok Syulam péngin bèn adhiné ora nglakoni hubungan sèks sakdurungé nikah (Kid 8:8, 9; it-IN ”Kidung Agung, Buku” ¶11)
Wong wédok Syulam isa ngrasa tentrem merga isa nolak godhaan (Kid 8:10; yp-IN 188 ¶2)
Wong wédok Syulam dadi conto sing apik kanggo cah-cah enom (yp2-IN 33)
PIKIRNA: ’Piyé aku isa mbantu sedulur ing jemaatku sing durung nikah bèn tetep nduwé pikiran lan tingkah laku sing bener?’
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Kid 8:6—Ngapa kok cinta sejati dipadhakké kaya ”geni saka Yah”? (w15-IN 15/1 29 ¶3)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Kid 7:1-13 (th Pelajaran 12)
4. Mulai Omong-omongan
(2 men.) ING OMAH-OMAH. Gunakna kartu kontak jw.org kanggo mulai omong-omongan. (lmd Pelajaran 4 nomer 4)
5. Mulai Omong-omongan
(2 men.) ING PANGGONAN UMUM. Gunakna selebaran kanggo mulai omong-omongan ing dhaérah bisnis. (lmd Pelajaran 1 nomer 4)
6. Mulai Omong-omongan
(2 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Ngejak omong-omongan tapi durung sempet mènèhi kesaksian. (lmd Pelajaran 2 nomer 4)
7. Njelaské Kepercayaané Njenengan
(5 men.) Adegan. ijwfq artikel 43—Judhul: Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nduwé Aturan soal Pacaran? (th Pelajaran 7)
Lagu 121
8. Cepet-Cepet Nolak Hubungan Sèks sing Ora Pantes
(15 men.) Rembugan.
Ing buku Kidung Agung dicritakké nèk gembala ngejak wong wédok Syulam mlaku-mlaku bareng. (Kid 2:10-14) Meskipun gembala kuwi mungkin ora nduwé niat jahat, tapi kakang-kakangé wong wédok Syulam ngekèki adhiné gawéan bèn adhiné ora lunga karo gembala. (Kid 2:15) Soalé, kakang-kakangé ngerti nèk adhiné berduaan karo gembala mengko meréka isa nglakoni perbuatan sing salah.
Ing Alkitab ana naséhat nèk wong Kristen kudu ”cepet-cepet nolak hubungan sèks sing ora pantes”. (1Kor 6:18) Awaké dhéwé kudu menghindari situasi sing isa marahi nglakoni sing salah. Sing nulis buku Kidung Agung ya nyebutké, ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman terus ana ing kono lan akhiré kena cilaka.”—WB 22:3.
Setèlen VIDÉO Gusti Allah ”Ngerti Rahasia sing Disimpen ing Njero Ati”. Terus takona:
Apa sing isa dipelajari saka vidéo kuwi?
9. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) lfb Pelajaran 36-37