20-26 APRIL
YÉSAYA 54-55
Lagu 86 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Apa Njenengan Gelem Diwulang Yéhuwah?
(10 men.)
Yéhuwah janji bakal mulang kabèh anaké (Yés 54:13; w09-IN 15/9 21 ¶3)
Awaké dhéwé kudu nyedhiakké wektu kanggo sinau Alkitab (Yés 55:1, 2; w18.11 4-5 ¶6-7)
Butuh upaya kanggo ngrungokké sing diajarké Yéhuwah, tapi kuwi isa nylametké uripé awaké dhéwé (Yés 55:3; be-IN 14 ¶3-5)
PIKIRNA: ’Piyé bèn pelajaran pribadiku luwih bermutu lan rutin?’
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Yés 54:17—Saka kalimat pertama ing ayat iki, awaké dhéwé isa ngerti apa waé? (w19.01 6 ¶14-15)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Yés 54:1-10 (th Pelajaran 11)
4. Mulai Omong-omongan
(2 men.) ING OMAH-OMAH. Mbahas salah siji topik saka Lampiran A ing brosur Sayang Kabèh Wong. (lmd Pelajaran 1 nomer 4)
5. Mulai Omong-omongan
(2 men.) ING PANGGONAN UMUM. Mbahas salah siji topik saka Lampiran A ing brosur Sayang Kabèh Wong. (lmd Pelajaran 2 nomer 3)
6. Mupuk Minat
(2 men.) ING PANGGONAN UMUM. Wongé dikèki kartu kontak. (lmd Pelajaran 9 nomer 3)
7. Ceramah
(5 men.) w24.11 31 ¶1-6—Judhul: Carané Bèn Isa Rutin Pelajaran Pribadi (th Pelajaran 14)
Lagu 97
8. Kudu Piyé Bèn Semangat Pelajaran Pribadi?
(15 men.) Rembugan.
Bèn pelajaran pribadiné isa rutin kuwi ora gampang. Bayangna njenengan lagi mbantu sedulur liya bèn isa rutin pelajaran pribadi lan maca Alkitab. Terus dhèwèké nyritakké tantangané kaya ing ngisor iki. Kanggo saben tantangan kuwi, njenengan isa nulis saran sing cocog, naséhat ing Alkitab, utawa artikel lan vidéo sing isa mbantu dhèwèké.
”Aku ora lancar maca”
”Aku males sinau”
”Aku ora ngerti mèh mulai maca Alkitab saka endi utawa sepira akèhé sing diwaca saben dina”
”Bahan sing dienggo sinau akèh banget. Aku ora ngerti mèh sinau apa waé saben minggu”
”Aku sibuk banget, aku ora nduwé wektu kanggo sinau”
”Aku angèl konsèntrasi lan kadhang lali karo sing bar tak waca”
Setèlen VIDÉO Sinau Pribadi sing Èfèktif. Terus takona:
Saka vidéo kuwi, piyé bèn pelajaran pribadiné njenengan bermanfaat?
9. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) lfb Pelajaran 78-79