PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 September hlm. 14-19
  • Buktèkna Nèk Ngajèni Kabèh Wong

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Buktèkna Nèk Ngajèni Kabèh Wong
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ NGAJÈNI
  • NGAJÈNI ANGGOTA KELUARGA
  • NGAJÈNI SEDULUR SEIMAN
  • NGAJÈNI WONG SING ORA SEIMAN
  • Apa Saling Menghargai Kuwi Isih Penting?
    Gatèkna!—2024
  • Manut karo Sing Nduwé Wewenang
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Menghargai Wong Liya
    Gatèkna!—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 September hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 38

LAGU 120 Niru Yésus sing Rendah Hati

Buktèkna Nèk Ngajèni Kabèh Wong

”Luwih apik diajèni timbang éntuk pérak lan emas.”—WB. 22:1.

INTI

Ngapa kok kudu ngajèni kabèh wong meskipun kuwi ora gampang lan piyé carané.

1. Ngapa kok wong mesthi seneng nèk diajèni? (Wulang Bebasan 22:1)

NJENENGAN mesthi seneng ta nèk diajèni? Kuwi wajar, soalé kabèh wong nduwé kebutuhan kanggo diajèni lan kuwi marakké bahagia. Makané, ing Alkitab disebutké, ”Luwih apik diajèni timbang éntuk pérak lan emas.”—Wacanen Wulang Bebasan 22:1.

2-3. (a) Ngapa kok ngajèni wong liya kuwi kadhang ora gampang? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

2 Ngajèni wong liya kuwi kadhang ora gampang. Salah siji alesané merga ngerti kelemahané wong kuwi. Terus, akèh-akèhé wong saiki ya ora ngajèni wong liya. Nah, awaké dhéwé aja nganti kaya ngono, soalé Yéhuwah pénginé awaké dhéwé ”ngajèni kabèh wong”.—1 Ptr. 2:17.

3 Ing artikel iki bakal dibahas maksudé ngajèni wong liya lan piyé mbuktèkké nèk ngajèni (1) anggota keluarga, (2) sedulur seiman, lan (3) wong sing ora seiman. Sing bakal dibahas iki khususé piyé bèn isa tetep ngajèni meskipun ora gampang.

MAKSUDÉ NGAJÈNI

4. Apa maksudé ngajèni?

4 Ngajèni kuwi maksudé ora mung nganggep wong liya pantes diajèni, tapi ya mbuktèkké kuwi liwat perbuatan. Mungkin awaké dhéwé ngajèni wong merga dhèwèké nduwé sifat-sifat sing apik, wis melakukan hal-hal sing apik, utawa mémang nduwé wewenang. Nah nèk ngajèni wong liya, awaké dhéwé ya bakal nggawé dhèwèké ngrasa dihargai, dihormati, lan diajèni. Nduduhké nèk ngajèni kuwi kudu tulus saka ati.—Mat. 15:8.

5. Apa sing marakké awaké dhéwé tergerak kanggo ngajèni wong liya?

5 Yéhuwah péngin umaté ngajèni wong liya, misalé ”pamréntah”. (Rm. 13:​1, 7) Tapi, mungkin ana sing mikir, ’Ya nèk mémang wongé pantes diajèni, aku gelem ngajèni.’ Apa pikiran kaya ngono kuwi bener? Ora. Ngajèni kuwi kuduné ora berdasarkan apa sing dilakukan utawa sing ora dilakukan wong kuwi. Sing péngin awaké dhéwé ngajèni wong liya kuwi Yéhuwah, lan awaké dhéwé mesthi péngin nggawé Yéhuwah seneng.—Yos. 4:14; 1 Ptr. 3:15.

6. Apa isa ngajèni wong sing ora ngajèni awaké dhéwé? Jelasna. (Deloken gambar.)

6 Tapi, apa mémang isa ngajèni wong sing ora ngajèni awaké dhéwé? Gatèkna conto-conto iki. Yonatan wis diunèk-unèkké Raja Saul bapaké ing ngarepé wong akèh. (1 Sam. 20:​30-34) Tapi, Yonatan tetep ngajèni bapaké lan terus mèlu perang ngancani Saul nganti sak matiné. (Pa. 20:12; 2 Sam. 1:23) Hana ditudhuh Imam Agung Èli mabuk. (1 Sam. 1:​12-14) Tapi wektu omongan karo Èli, Hana tetep sopan lan ngajèni, meskipun kabèh wong ing Israèl wis ngerti nèk Èli kuwi dudu bapak lan imam agung sing apik. (1 Sam. 1:​15-18; 2:​22-24) Terus, Rasul Paulus ya dilokké wong-wong Athéna ”tukang ngocèh”. (Kis. 17:18) Tapi wektu omongan, Paulus tetep ngajèni meréka. (Kis. 17:22) Dadi, meskipun wongé angèl diajèni, awaké dhéwé isa tetep ngajèni nèk bener-bener sayang Yéhuwah lan péngin nyenengké Dhèwèké. Nah, saiki ayo mbahas sik sapa sing kudu diajèni lan apa alesané.

Yonatan, Saul, lan prajurit Israèl perang karo nggawa pedhang, tombak, lan tamèng.

Meskipun wis diunèk-unèkké bapaké, Yonatan tetep ndhukung lan nglindhungi bapaké (Deloken paragraf 6)


NGAJÈNI ANGGOTA KELUARGA

7. Apa waé sing marakké angèl kanggo ngajèni anggota keluarga?

7 Sing marakké angèl. Merga kerep kumpul lan ketemu, dadi ora mung ngerti apiké, tapi ya èlèké saben anggota keluarga. Terus, mungkin ana anggota keluarga sing nduwé penyakit tertentu sing marakké dadi angèl ngopèniné. Utawa mungkin ana sing nduwé gangguan kecemasan. Terus, ya ana sing omongan utawa perbuatané marakké lara ati. Nah, nèk ana anggota keluarga sing ora ngajèni liyané, mengko isa marakké suasana ing omah dadi ora nyenengké. Padha kaya penyakit isa marakké fungsi tubuh terganggu, nèk ana anggota keluarga sing ora ngajèni liyané, keluargané ya dadi ora damai. Tapi padha kaya penyakit sing isa ditambani, kabèh anggota keluarga ya isa belajar kanggo saling ngajèni.

8. Ngapa kok kudu ngajèni anggota keluarga? (1 Timotius 5:​4, 8)

8 Ngapa kok kudu ngajèni? (Wacanen 1 Timotius 5:​4, 8.) Ing suraté sing pertama kanggo Timotius, Paulus nyebutké nèk saben anggota keluarga saling ngajèni, mesthi ya bakal saling nggatèkké. Kuwi dilakukan dudu merga kewajiban, tapi merga ”ngabdi marang Gusti Allah”. Berarti kuwi dilakukan merga sayang Yéhuwah lan nganggep nèk kuwi ya termasuk ibadah. Élinga nèk Yéhuwah sing nggawé pengaturan soal keluarga. (Éf. 3:​14, 15) Dadi nèk ngajèni anggota keluarga, kuwi padha karo ngajèni Yéhuwah. Kuwi alesan sing penting banget ngapa kok kudu ngajèni anggota keluarga.

9. Piyé carané nduduhké nèk ngajèni bojo? (Deloken gambar.)

9 Carané nduduhké nèk ngajèni. Wong lanang sing ngajèni bojoné mesthi bakal nganggep bojoné berharga, ora soal pas lagi wong loro thok utawa ing ngarepé wong liya. (WB. 31:28; 1 Ptr. 3:7) Dhèwèké ora bakal ngantemi, ngisin-isinké, utawa marakké bojoné ngrasa ora disayangi. Arthur,a sing manggon ing Argentina, ngomong, ”Merga penyakité, omongané bojoku kadhang nglarani atiku. Tapi pas kaya ngono, aku langsung éling nèk maksudé dhèwèké sakjané ora kaya ngono. Naséhat ing 1 Korintus 13:5 marakké aku ora gampang nesu lan omonganku tetep alus.” (WB. 19:11) Wong wédok sing ngajèni bojoné ora bakal ngèlèk-èlèk bojoné. (Éf. 5:33) Dhèwèké ya ora bakal nyindir, ngrèmèhké, utawa ngekèki sebutan sing kasar. Dhèwèké ngerti nèk kuwi isa marakké perkawinané dadi rusak. (WB. 14:1) Sedulur wédok ing Italia sing bojoné ngalami gangguan kecemasan crita, ”Kadhang aku ngrasa nèk sing dikuwatirké bojoku kuwi terlalu berlebihan. Mbiyèn, omongan lan èksprèsi wajahku kerep nduduhké nèk aku ora ngajèni dhèwèké. Tapi, sakwisé kerep bergaul karo wong-wong sing selalu ngomongké sing apik-apik soal wong liya, aku dadi luwih ngajèni bojoku.”

Gambar: Suami istri saling ngajèni. 1. Meréka nyiapké panganan bareng-bareng ing dapur. Wektu omongan, sing lanang omongané alus. 2. Sing lanang lagi ngekèki panganan kanggo sedulur lansia. Sing wédok muji bojoné ing ngarepé tamu-tamu liyané.

Nèk ngajèni anggota keluarga, kuwi padha karo ngajèni Yéhuwah, sing wis nggawé pengaturan soal keluarga (Deloken paragraf 9)


10. Piyé cah-cah enom isa nduduhké nèk ngajèni wong tuwané?

10 Cah-cah enom, manuta aturan sing wis digawé wong tuwamu. (Éf. 6:​1-3) Nèk omongan karo wong tuwa, ya sing sopan. (Pa. 21:17) Pas meréka saya tuwa, mesthi butuh luwih akèh bantuan. Dadi, upayakna sak isa-isané ngopèni meréka. Gatèkna pengalamané María sing bapaké dudu Seksi Yéhuwah. Bapaké lara, lan dhèwèké kasar karo María. Kuwi marakké María dadi kangèlan ngrawaté. María crita, ”Aku ndonga bèn isa tetep ngajèni bapakku. Aku ngerti nèk ngajèni wong tuwa kuwi préntahé Yéhuwah, dadi mesthi Yéhuwah bakal ngekèki kekuwatan bèn aku isa melakukan kuwi. Suwé-suwé, aku ngerti nèk aku isa tetep ngajèni bapakku meskipun kelakuané ora berubah.” Dadi meskipun ora gampang, nèk terus ngajèni anggota keluarga, kuwi bukti nèk ngajèni Yéhuwah sing nggawé keluarga.

NGAJÈNI SEDULUR SEIMAN

11. Apa sing kadhang marakké angèl kanggo ngajèni sedulur seiman?

11 Sing marakké angèl. Meskipun berupaya manut pathokan ing Alkitab, tapi kadhang ana sedulur seiman sing ora apikan, marakké jèngkèl, utawa mikir èlèk soal awaké dhéwé. Kuwi isa dadi ”alesan kanggo tersinggung” lan angèl kanggo ngajèni dhèwèké. (Kol. 3:13) Nah, piyé bèn isa tetep ngajèni?

12. Ngapa kok kudu ngajèni sedulur seiman? (2 Pétrus 2:​9-12)

12 Ngapa kok kudu ngajèni? (Wacanen 2 Pétrus 2:​9-12.) Ing suraté sing keloro, Pétrus nyritakké nèk ana beberapa sedulur seiman sing ngèlèk-èlèk ”wong-wong sing mulya”, yaiku para pinituwa. Pas para malaékat ndelok kelakuané wong-wong sing ngèlèk-èlèk kuwi, piyé tanggepané? Merga ”ngajèni Yéhuwah”, para malaékat sing sempurna kuwi blas ora gelem ngomong kasar soal wong-wong kuwi, tapi malah masrahké masalahé ing Yéhuwah bèn Yéhuwah waé sing ngukum wong-wong kuwi. (Rm. 14:​10-12; bandhingna Yudas 9.) Apa pelajarané? Nèk karo wong-wong sing nentang waé kudu tetep ngajèni, apamanèh karo sedulur seiman. Malah, awaké dhéwé kuduné ”luwih dhisik ngajèni liyané”. (Rm. 12:10) Kuwi bukti nèk ngajèni Yéhuwah.

13-14. Piyé carané nduduhké nèk ngajèni para sedulur ing jemaat? Kèkana conto. (Deloken gambar.)

13 Carané nduduhké nèk ngajèni. Para pinituwa, carané njenengan mulang kudu nduduhké nèk njenengan sayang. (Flm. 8, 9) Nèk kudu ngekèki naséhat, carané sing apikan lan aja pas jèngkèl. Sedulur-sedulur wédok, bèn suasana ing jemaat nyenengké merga kabèh saling ngajèni, aja seneng nggosip utawa mitnah. (Tit. 2:​3-5) Terus nèk kabèh sing ing jemaat padha ndhukung lan menghargai kerja kerasé para pinituwa kanggo mandhu pertemuan ibadah, ngatur kegiatan nginjil, lan ngélikké para sedulur sing ”tumindaké ngarah marang sing salah”, kuwi bukti nèk ngajèni para pinituwa.—Gal. 6:1; 1 Tim. 5:17.

14 Gatèkna pengalamané Sedulur Rosa sing tau ora trima wektu dinaséhati pinituwa. Rosa ngomong, ”Aku ora seneng karo carané dhèwèké ngekèki naséhat. Pas ing omah, aku ngrasani dhèwèké. Naséhaté ya ora tak lakukan. Aku ragu apa dhèwèké bener-bener perduli karo aku. Tapi, aku berupaya bèn ora kétok kaya ngono.” Rosa crita manèh, ”Wektu maca Alkitab, aku maca 1 Tésalonika 5:​12, 13. Aku dadi sadhar nèk ternyata aku ora ngajèni pinituwa kuwi. Hati nuraniku ya dadi ora pénak. Akhiré aku ndonga lan riset saka publikasi bèn ngerti sikapku kuduné piyé. Aku akhiré dadi ngerti nèk masalahé kuwi dudu ing sedulur kuwi, tapi ing aku merga aku sombong. Bèn isa ngajèni wong, aku kudu rendah hati. Mémang aku isih kudu berjuang bèn isa nduduhké nèk ngajèni wong liya, tapi aku ngrasa Yéhuwah menghargai upayaku.”

Gambar: Sedulur wédok lansia maca Alkitab lan ngrenungké kerja kerasé pinituwa. 1. Pinituwa nyampèkké ceramah. 2. Pinituwa mbantu sedulur lansia ing kursi roda. 3. Pinituwa ngresiki salju ing ngarep Balai Ibadah.

Nèk ngajèni para pinituwa, awaké dhéwé bakal gelem ndhukung lan menghargai kerja kerasé meréka (Deloken paragraf 13-14)


NGAJÈNI WONG SING ORA SEIMAN

15. Apa sing mungkin marakké angèl kanggo ngajèni wong-wong sing ora seiman?

15 Sing marakké angèl. Akèh wong sing ditemoni pas nginjil ora ngajèni Gusti Allah lan ora menghargai Alkitab. (Éf. 4:18) Malah, ana sing sengaja nolak merga kepercayaané kèt cilik. Sakliyané kuwi, ana majikan utawa guru sing angèl disenengké lan ora menghargai kerja kerasé awaké dhéwé. Terus, ya ana kanca kerja utawa kanca sekolah sing ora ramah. Merga ngadhepi wong-wong kaya ngono, suwé-suwé awaké dhéwé dadi wegah ngajèni lan wegah apikan karo meréka.

16. Ngapa kok kudu ngajèni wong-wong sing ora seiman? (1 Pétrus 2:12; 3:15)

16 Ngapa kok kudu ngajèni? Élinga nèk Yéhuwah nggatèkké carané awaké dhéwé memperlakukan wong sing ora seiman. Rasul Pétrus ngélingké wong Kristen nèk tingkah lakuné meréka isa marakké wong ”ngluhurké Gusti Allah”. Makané, meréka kudu njelaské kepercayaané nganggo cara sing ”alus lan ngajèni”. (Wacanen 1 Pétrus 2:12; 3:15.) Ora soal nyritakké kepercayaan wektu ing pengadilan utawa pas lagi omong-omongan, awaké dhéwé kudu selalu ngajèni. Yéhuwah ora mung nggatèkké apa sing awaké dhéwé omongké, tapi ya carané nyampèkké. Makané, awaké dhéwé kudu ngajèni wong-wong sing ora seiman.

17. Piyé carané nduduhké nèk ngajèni wong sing ora seiman?

17 Carané nduduhké nèk ngajèni. Pas nginjil, aja nganti nggawé wong ngrasa dirèmèhké merga wong kuwi ora ngerti akèh soal Alkitab. Awaké dhéwé kuduné nganggep meréka luwih unggul. Meréka ya berharga kanggo Yéhuwah. (Hag. 2:7; Flp. 2:3) Terus, nèk ana sing ngèlèk-èlèk kepercayaané awaké dhéwé, aja dibales lan aja ngomong sing nylekit. (1 Ptr. 2:23) Langsung njaluka ngapura nèk salah omong. Nah, nèk ing panggonan kerja piyé? Kudu seneng kerja keras lan sikapé apik karo kanca kerja utawa majikan. (Tit. 2:​9, 10) Nèk dadi wong sing jujur, rajin, lan kerjané tenanan, meskipun ora selalu dihargai manungsa, yakina nèk kuwi dihargai Yéhuwah.—Kol. 3:​22, 23.

18. Ngapa kok kudu ngajèni wong liya?

18 Ana akèh alesan ngapa kok kudu ngajèni wong liya. Nèk ngajèni anggota keluarga, kuwi padha karo ngajèni Yéhuwah, sing wis nggawé pengaturan soal keluarga. Nèk ngajèni sedulur seiman, kuwi padha karo ngajèni Yéhuwah, Bapak ing swarga. Terus, nèk ngajèni wong-wong sing ora seiman, kuwi isa marakké meréka tergerak kanggo ngluhurké utawa ngajèni Yéhuwah, Gusti Allah sing hébat. Bahkan nèk misalé ora diajèni, awaké dhéwé tetep kudu ngajèni wong liya, soalé Yéhuwah bakal mberkahi. Dhèwèké janji, ”Wong sing ngajèni Aku bakal Tak ajèni.”—1 Sam. 2:30.

APA JAWABANÉ?

  • Piyé carané nduduhké nèk ngajèni anggota keluarga?

  • Piyé carané nduduhké nèk ngajèni sedulur seiman?

  • Piyé carané nduduhké nèk ngajèni wong sing ora seiman?

LAGU 129 Terus Setya

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim