PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Oktober hlm. 30-31
  • Loro Anggota Pengurus Pusat sing Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Loro Anggota Pengurus Pusat sing Anyar
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Loro Anggota Pengurus Pusat sing Anyar
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Sapa Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Anggota Pengurus Pusat sing Anyar
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Oktober hlm. 30-31

Loro Anggota Pengurus Pusat sing Anyar

TANGGAL 5 Oktober 2024, ana pengumuman sing nyenengké ing pertemuan tahunan. Sedulur Jody Jedele lan Jacob Rumph dilantik dadi anggota Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah. Loro sedulur kuwi wis setya nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun.

Jody Jedele karo Damaris bojoné

Sedulur Jedele lair ing Missouri, Amerika Serikat. Wong tuwané Seksi Yéhuwah. Ing dhaérah tempat tinggalé, Seksi Yéhuwahé mung sithik. Makané, akèh sedulur saka endi-endi kerep mrono kanggo ngerjakké dhaérah kuwi. Dadi, Sedulur Jedele kerep ketemu meréka. Dhèwèké tersentuh merga ndelok kasih sayang lan persatuané meréka. Tanggal 15 Oktober 1983, dhèwèké dibaptis pas isih remaja. Merga seneng nginjil, sakwisé lulus sekolah, dhèwèké mulai merintis biasa sasi September 1989.

Pas Sedulur Jedele isih cilik, wong tuwané kerep ngejak dhèwèké karo adhiné wédok ngunjungi Bètel. Kuwi marakké Sedulur Jedele karo adhiné dadi péngin nglayani ing Bètel. Akhiré, cita-citané meréka kelakon. Sedulur Jedele mulai nglayani ing Bètel Wallkill sasi September 1990. Tugas pertamané kuwi ing Departemèn Pembersihan, terus ing Layanan Mèdis.

Wektu kuwi, ana beberapa jemaat basa Spanyol sing lagi berkembang lan butuh akèh sedulur lanang. Sedulur Jedele gabung ing salah siji jemaat kuwi lan mulai belajar basa Spanyol. Ora suwé bar kuwi, dhèwèké ketemu karo Damaris, perintis sing nglayani ing wilayah sing padha. Akhiré, meréka nikah lan Damaris mèlu nglayani ing Bètel.

Taun 2005, meréka ora nglayani manèh ing Bètel merga kudu ngrawat wong tuwané. Selama wektu kuwi, meréka nglayani dadi perintis biasa. Sedulur Jedele ya dadi instruktur Sekolah kanggo Perintis. Dhèwèké ya nglayani dadi anggota Panitia Penghubung Rumah Sakit lan Panitia Pembangunan Régional.

Taun 2013, Sedulur Jedele lan bojoné diundang manèh ing Bètel kanggo mbantu proyèk pembangunan ing Warwick. Bar kuwi, meréka ya nglayani ing Patterson lan Wallkill. Sedulur Jedele tau nglayani ing Departemèn Rancang/Bangun Setempat lan Layanan Informasi Rumah Sakit. Sasi Maret 2023, dhèwèké dilantik dadi asistèn Panitia Penginjilan. Wektu ngéling-éling tugas sing wis tau dilakukan, Sedulur Jedele ngomong, ”Wektu éntuk tugas sing anyar, kadhang rasané kewalahan. Tapi, kuwi malah wektuné kanggo ngendelké Yéhuwah. Soalé, sing isa marakké berhasil nglakoni tugas apa waé kuwi mung Yéhuwah.”

Jacob Rumph karo Inga bojoné

Sedulur Rumph lair ing Kalifornia, Amerika Serikat. Meskipun ibuné Seksi Yéhuwah, pas Sedulur Rumph isih cilik, ibuné wis suwé ora ngibadah lan nginjil. Tapi, ibuné berupaya ngajari dhèwèké soal Alkitab. Sakliyané kuwi, mbahé wédok Sedulur Rumph kuwi Seksi Yéhuwah sing setya. Nah, saben taun, dhèwèké ngunjungi mbahé kuwi. Mbahé seneng nyritakké hal-hal rohani. Akhiré pas umur 13, Sedulur Rumph péngin belajar Alkitab. Tanggal 27 September 1992, pas isih remaja, Sedulur Rumph dibaptis. Bar kuwi, ibuné ya mulai ngibadah lan nginjil manèh. Malah, bapak lan adhi-adhiné ya nggawé kemajuan lan dibaptis.

Pas remaja, Sedulur Rumph nggatèkké nèk para perintis kuwi bahagia. Dadi bar lulus sekolah, sasi September 1995, dhèwèké mulai merintis. Taun 2000, dhèwèké pindhah ing Ekuador kanggo nglayani ing panggonan sing luwih mbutuhké. Ing kana dhèwèké ketemu karo Inga, perintis saka Kanada. Meréka akhiré nikah, terus nglayani ing salah siji kutha ing Ekuador sing penginjilé mung sithik. Saiki, ing kutha kuwi wis ana jemaat siji sing jumlah penginjilé akèh.

Bar kuwi, meréka dadi perintis istiméwa, terus nglayani ing tugas keliling. Taun 2011, meréka diundang kanggo Sekolah Giléad kelas ke-132. Bar lulus, meréka sempet nglayani ing lima negara lan ing akèh tugas liyané. Misalé ing Bètel, dadi utusan injil, lan tugas keliling. Sedulur Rumph ya tau dadi instruktur Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah.

Merga pandemi COVID-19, meréka akhiré balik ing Amerika Serikat. Bar kuwi, meréka diundang nglayani ing Bètel Wallkill. Ing kono, Sedulur Rumph dilatih ing Departemèn Penginjilan. Bar kuwi, meréka ditugaské kanggo balik ing cabang Ekuador. Ing kono, Sedulur Rumph nglayani dadi anggota Panitia Cabang. Taun 2023, meréka balik manèh ing Warwick. Terus sasi Januari 2024, Sedulur Rumph dilantik dadi asistèn Panitia Penginjilan. Wektu ngéling-éling panggonan-panggonan sing tau dhèwèké layani, Sedulur Rumph ngomong, ”Sing marakké istiméwa kuwi dudu panggonan sing dilayani, tapi karo sapa awaké dhéwé nglayani.”

Awaké dhéwé mesthi menghargai banget kerja kerasé meréka lan péngin ”terus nresnani sedulur-sedulur sing kaya ngono kuwi”.—Flp. 2:29.

Anggota Pengurus Pusat saiki ana 11: David Splane; Gage Fleegle; Geoffrey Jackson; Gerrit Lösch; Jacob Rumph; Jeffrey Winder; Jody Jedele; Kenneth Cook, Jr.; Mark Sanderson; Samuel Herd; lan Stephen Lett.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim