PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Oktober hlm. 24-29
  • Aja Lali Ndongakké Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Aja Lali Ndongakké Wong Liya
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA KOK KUDU NDONGAKKÉ WONG LIYA?
  • SING BUTUH DIDONGAKKÉ
  • NDONGAKKÉ PARA SEDULUR PER PRIBADI
  • PANDHANGAN SING BENER SOAL NDONGA
  • Ndonga karo Gusti Allah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Bèn Dongané Luwih Bermutu?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Kaurmatan Gedhé kanggo Donga
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Menghargai Kesempatan Isa Ndonga karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Oktober hlm. 24-29

ARTIKEL PELAJARAN 43

LAGU 41 Rungokna Aku

Aja Lali Ndongakké Wong Liya

’Kowé kudu padha-padha ndongakké liyané. Dongané wong bener kuwi gedhé kekuwatané.’—YAK. 5:16.

INTI

Ngapa kok kudu ndongakké wong liya lan piyé carané.

1. Apa buktiné nèk dongané awaké dhéwé dianggep penting karo Yéhuwah?

COBA pikirna: Ana tugas-tugas sing Yéhuwah pasrahké ing para malaékat. (Mzm. 91:11) Yésus ya dipasrahi Yéhuwah akèh tanggung jawab sing penting. (Mat. 28:18) Tapi, soal ngrungokké donga, kuwi ora dipasrahké sapa-sapa. Yéhuwah dhéwé ’sing ngrungokké dongané’ awaké dhéwé. (Mzm. 65:2) Donga bener-bener hadiah sing luar biasa.

2. Apa sing isa dipelajari saka Rasul Paulus soal ndongakké wong liya?

2 Mémang, pas ndonga awaké dhéwé isa nyritakké apa waé sing dikuwatirké. Tapi aja lali ndongakké wong liya. Kuwi sing dilakukan Rasul Paulus. Misalé, kanggo para sedulur ing Éfésus dhèwèké nulis, ”Aku terus ndongakké [kalian].” (Éf. 1:16) Sakliyané kuwi, Paulus ya ndongakké para sedulur per pribadi. Misalé, dhèwèké ngomong karo Timotius, ”Aku ngucap syukur marang Gusti Allah. . . . Aku terus ngéling-éling kowé awan lan bengi wektu aku ndonga marang Gusti Allah.” (2 Tim. 1:3) Paulus ya nduwé akèh masalah sing dikuwatirké, tapi tetep ndongakké wong liya.—2 Kor. 11:23; 12:​7, 8.

3. Apa sing marakké kadhang lali ndongakké wong liya?

3 Apa ta sing marakké kadhang lali ndongakké wong liya? Sedulur Sabrinaa nyebutké salah siji alesané. Dhèwèké ngomong, ”Akèh wong saiki padha kewalahan karo masalahé dhéwé, dadi pas ndonga, sing disebutké ya mung soal masalahé dhéwé.” Apa njenengan ya kadhang kaya ngono? Nèk iya, ing artikel iki ayo mbahas (1) ngapa kok kudu ndongakké wong liya lan (2) piyé carané bèn isa melakukan kuwi.

NGAPA KOK KUDU NDONGAKKÉ WONG LIYA?

4-5. Kok isa donga kuwi ”gedhé kekuwatané”? (Yakobus 5:16)

4 Kudu ndongakké wong liya soalé donga kuwi ”gedhé kekuwatané”. (Wacanen Yakobus 5:16.) Ndongakké wong liya kuwi ana pengaruhé kanggo wong sing didongakké. Makané, meskipun ngerti nèk Rasul Pétrus bakalé ora ngakoni Yésus, Yésus tetep ndongakké bèn ’imané Pétrus tetep kuwat’. (Luk. 22:32) Paulus ya ngerti soal kuwi. Makané pas dipenjara ing Roma, dhèwèké ngomong karo Filémon, ”Mungkin aku bakal dibébaské merga [kalian] dongakké lan isa marani [kalian].” (Flm. 22) Kenyataané, ora suwé bar kuwi Paulus dibébaské saka penjara lan isa nginjil manèh.

5 Tapi élinga, ndonga kuwi ora berarti awaké dhéwé meksa Yéhuwah melakukan sesuatu. Saka donga, Yéhuwah dadi ngerti sepira pentingé permintaan kuwi kanggo sing ndonga, lan kadhang Yéhuwah milih kanggo nuruti. Merga ngerti soal kuwi, wektu ndongakké sesuatu mesthi dadi luwih tenanan, lan yakin nèk solusiné Yéhuwah mesthi sing paling apik.—Mzm. 37:5; 2 Kor. 1:11.

6. Apa manfaaté kanggo awaké dhéwé nèk ndongakké wong liya? (1 Pétrus 3:8)

6 Kudu ndongakké wong liya bèn awaké dhéwé isa ”nduwé rasa mesakké”. (Wacanen 1 Pétrus 3:8.) Wong sing nduwé rasa mesakké kuwi ora mung ngerti wong liya susah, tapi ya dadi tergerak péngin mbantu. (Mrk. 1:​40, 41) Pinituwa sing jenengé Michael ngomong, ”Wektu ndongakké wong liya, aku dadi luwih ngerti perjuangané meréka lan dadi luwih sayang karo meréka. Aku ya ngrasa luwih akrab karo meréka meskipun meréka ora ngerti.” Pinituwa sing jenengé Richard nyebutké manfaat liyané. Dhèwèké ngomong, ”Nèk ndongakké wong liya, awaké dhéwé dadi luwih tergerak kanggo mbantu. Terus, nèk ngekèki bantuan wong sing awaké dhéwé dongakké, kuwi seolah-olah mèlu mbantu njawab dongané awaké dhéwé mau.”

7. Menurut Filipi 2:​3, 4, apa manèh manfaaté nèk ndongakké wong liya? (Deloken gambar.)

7 Kudu ndongakké wong liya bèn awaké dhéwé ora terlalu fokus karo masalahé dhéwé. (Wacanen Filipi 2:​3, 4.) Saben wong mesthi nduwé masalah merga donya iki dikuwasani Sétan. (1 Yoh. 5:19; Why. 12:12) Nèk kerep ndongakké wong liya, mengko dadi terus éling nèk ’kabèh sedulur seimané awaké dhéwé ing donya iki ya ngalami kesengsaraan sing padha’. (1 Ptr. 5:9) Perintis sing jenengé Katherine ngomong, ”Merga ndongakké wong liya, aku dadi éling nèk wong liya ya ngadhepi masalah. Kuwi marakké aku ora terlalu fokus karo masalahku dhéwé.”

Gambar: Para sedulur sing ya nduwé masalah, tapi tetep ndongakké liyané. 1. Cah wédok ing kasur lagi ndonga. Ing ndhuwuré ana gambar sak keluarga lagi ngungsi numpak kapal merga omahé kebanjiran. 2. Keluarga sing ngungsi mau ndonga bareng. Ing ndhuwuré ana gambar sedulur lanang ing penjara. 3. Sedulur lanang sing dipenjara mau, lagi ndonga. Ing ndhuwuré ana gambar sedulur wédok lansia lagi opname ing rumah sakit. 4. Sedulur wédok lansia sing mau, lagi ndonga. Ing ndhuwuré ana gambar cah wédok sing ing gambar pertama. Bocah kuwi lagi ing kelas dhèwèkan pas kanca-kancané ngrayakké ulang taun.

Nèk ndongakké wong liya, dadi ora terlalu fokus karo masalahé dhéwé (Deloken paragraf 7)d


SING BUTUH DIDONGAKKÉ

8. Sapa waé sing isa didongakké?

8 Sapa waé sing isa didongakké? Isa ndongakké para sedulur secara kelompok. Misalé, sing lagi lara, cah-cah enom sing ngadhepi tantangan ing sekolahan, utawa sedulur sing wis lansia. Terus, ya ana sedulur-sedulur sing ditentang keluarga utawa pamréntah. (Mat. 10:​18, 36; Kis. 12:5) Ana manèh sing kudu ngungsi merga ana kerusuhan politik utawa dadi korban bencana alam. Mungkin awaké dhéwé ora kenal para sedulur kuwi siji-siji, tapi nèk ndongakké meréka kuwi bukti nèk manut préntahé Yésus soal ”kudu padha-padha nresnani”.—Yoh. 13:34.

9. Ngapa kok kudu ndongakké para sedulur sing nduwé wewenang ing organisasi lan bojoné?

9 Terus, ya isa ndongakké para sedulur sing nduwé wewenang ing organisasi. Misalé, anggota Pengurus Pusat lan asistèné, Panitia Cabang, para pengawas departemèn ing kantor cabang, pinituwa wilayah, para pinituwa ing jemaat, lan abdiné jemaat. Meskipun meréka dhéwé isih kudu berjuang karo masalahé, tapi meréka gelem kerja keras nglayani para sedulur liyané. (2 Kor. 12:15) Ana pinituwa wilayah sing jenengé Mark sing ngomong, ”Salah siji tantangan sing paling abot kuwi merga ora isa manggon bareng karo wong tuwaku padahal loro-loroné wis tuwa lan lara-laranen. Mémang mbakyuku karo bojoné ngopèni meréka, tapi aku ya sedhih merga ora isa akèh mbantu wong tuwaku.” Mungkin awaké dhéwé ora ngerti kerja keras lan kekuwatirané para sedulur sing nduwé wewenang, tapi aja lali kudu tetep ndongakké meréka. (1 Tés. 5:​12, 13) Terus, ya isa ndongakké bojoné para sedulur lanang kuwi merga meréka terus ndhukung bojoné ing tugasé.

10-11. Nèk dongané ora spésifik nyebutké jeneng, apa Yéhuwah ya tetep seneng? Jelasna.

10 Kaya sing wis dibahas, awaké dhéwé mungkin wis kerep ndongakké para sedulur secara kelompok. Misalé, njaluk Yéhuwah bèn nguwatké para sedulur sing lagi dipenjara utawa sing bar ditinggal mati, tanpa spésifik nyebutké jenengé wongé. Pinituwa sing jenengé Donald ngomong, ”Ana akèh banget sedulur sing ngalami kesulitan. Dadi bèn isa ndongakké kabèh, kadhang dongané ora perlu terlalu spésifik.”

11 Apa Yéhuwah seneng karo donga-donga kaya ngono? Iya. Soalé, mémang awaké dhéwé ora ngerti apa persisé sing dibutuhké saben sedulur seiman. Dadi ora apa-apa nèk dongané ora terlalu spésifik nyebutké jeneng. (Yoh. 17:20; Éf. 6:18) Donga-donga kuwi bukti nèk awaké dhéwé ”nresnani kabèh sedulur seiman”.—1 Ptr. 2:17.

NDONGAKKÉ PARA SEDULUR PER PRIBADI

12. Nèk seneng nggatèkké kebutuhané wong liya, ngapa kok mengko dongané isa dadi luwih spésifik?

12 Nggatèkké kebutuhané para sedulur. Sakliyané ndongakké para sedulur secara kelompok, apik nèk isa ndongakké para sedulur karo nyebutké jenengé. Misalé, apa ing jemaat ana sing lagi lara parah? Apa ana cah enom sing lagi ora semangat merga tekanan kancané ing sekolahan? Apa ana wong tuwa sing nggedhèkké anaké dhèwèkan lan berjuang ndhidhik anaké ”sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah”? (Éf. 6:4) Nèk nggatèkké tenanan, mengko dadi gampang mesakké lan tergerak kanggo ndongakké meréka.b—Rm. 12:15.

13. Piyé isa ndongakké para sedulur sing awaké dhéwé durung kenal?

13 Nyebutké jenengé. Njenengan isa nyebutké jenengé para sedulur bahkan sing durung tau ketemu. Misalé, para sedulur sing dipenjara ing Eritrea, Krimea, Rusia, lan Singapura. Njenengan isa ngerti jeneng-jenengé nèk mbukak jw.org.c Pinituwa wilayah sing jenengé Brian ngomong, ”Jenengé para sedulur sing dipenjara kuwi biasané tak tulis, terus tak sebutké nganggo swara. Kuwi marakké aku dadi éling jenengé lan isa tak sebutké wektu ndonga.”

14-15. Piyé bèn ndongané isa luwih spésifik?

14 Njaluké sing spésifik. Michael, sing disebutké mau ngomong, ”Wektu maca pengalaman ing jw.org, aku mbayangké piyé nèk aku sing dipenjara. Aku mesthi bakal nguwatirké bojoku lan pénginé dhèwèké tetep kopèn. Merga ngrenungké kuwi, wektu ndonga, aku dadi ngerti hal spésifik apa sing isa tak dongakké kanggo para sedulur lanang sing wis nikah sing dipenjara kuwi.”—Ibr. 13:​3, cathetan ngisor.

15 Nèk mbayangké apa sing saben dina dialami para sedulur ing penjara, mengko ya dadi isa ngerti hal spésifik sing isa didongakké. Misalé, ndonga bèn penjaga penjara tetep apikan karo para sedulur lan pamréntah ngijinké meréka ngibadah. (1 Tim. 2:​1, 2) Terus ya isa ndongakké bèn kesetiaané para sedulur kuwi isa dadi conto para sedulur ing jemaaté lan marakké wong sing dudu Seksi Yéhuwah dadi gelem ngrungokké kabar apik merga nggatèkké tingkah lakuné sing apik. (1 Ptr. 2:12) Nah, hal-hal kuwi ya isa dilakukan wektu ndongakké para sedulur sing ngadhepi masalah liyané. Dadi, nèk seneng nggatèkké, ndonga nyebutké jenengé, lan njaluké sing spésifik, kuwi isa mbuktèkké nèk awaké dhéwé sayang banget karo para sedulur.—1 Tés. 3:12.

PANDHANGAN SING BENER SOAL NDONGA

16. Pandhangan sing bener apa sing kudu diduwèni soal ndonga? (Matius 6:8)

16 Kaya sing wis dibahas, donga kuwi ana pengaruhé kanggo wong sing didongakké. Tapi awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing bener soal ndonga. Wektu ndonga, aja mikir nèk Yéhuwah durung ngerti masalah kuwi, utawa nèk Yéhuwah butuh saran saka awaké dhéwé. Yéhuwah wis ngerti apa sing dibutuhké umaté bahkan sakdurungé meréka utawa awaké dhéwé sadhar soal kuwi. (Wacanen Matius 6:8.) Tapi ya aja mikir nèk ora perlu ndongakké wong liya. Soalé, sakliyané alesan-alesan sing wis disebutké ing artikel iki, kuwi ya bukti nèk perduli lan sayang karo meréka. Yéhuwah mesthi seneng nèk umaté saling menyayangi.

17-18. Ngapa kok apik nèk ndongakké wong liya? Kèkana perumpamaan.

17 Bahkan nèk dongané awaké dhéwé kétoké ora ana pengaruhé kanggo wong sing didongakké, kuwi sakjané mbuktèkké nèk sayang karo para sedulur, lan kuwi digatèkké Yéhuwah. Perumpamaané ngéné: Bayangna ana bapak sing nduwé anak loro, lanang karo wédok. Terus anaké sing lanang lara. Nah, sing wédok ngomong karo bapaké, ”Pak, tulungana Masé, mesakké, dhèwèké kelaran.” Sakjané bapaké mesthi wis ngerti lan ya wis ngrawat merga dhèwèké sayang karo anaké lanang. Tapi bapaké mesthi dadi luwih seneng merga ngerti nèk anaké wédok ternyata perduli banget karo masé nganti njaluk bèn bapaké ndang nulungi.

18 Yéhuwah ya kaya ngono. Dhèwèké péngin umaté saling nggatèkké lan saling ndongakké. Nèk kuwi dilakukan, kuwi bukti nèk ora mung mikirké diri sendiri tapi bener-bener sayang karo para sedulur, lan kuwi digatèkké Yéhuwah. (2 Tés. 1:3; Ibr. 6:10) Terus, kaya sing wis dibahas, kadhang kuwi ya ana pengaruhé kanggo wong sing didongakké. Makané, ayo aja lali ndongakké wong liya.

APA JAWABANÉ?

  • Apa maksudé donga kuwi ”gedhé kekuwatané”?

  • Ngapa kok kudu ndongakké para sedulur secara kelompok?

  • Wektu ndongakké para sedulur per pribadi, piyé bèn dongané isa luwih spésifik?

LAGU 101 Rukun Dadi Umaté Yéhuwah

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b Deloken vidéo Takeshi Shimizu: Yéhuwah Kuwi sing Ngrungokké Donga ing jw.org.

c Nèk péngin ngerti jeneng-jenengé para sedulur sing isih dipenjara, deloken ”Saksi-Saksi Yehuwa yang Dipenjarakan Karena Iman Mereka—Menurut Lokasi” ing jw.org.

d PENJELASAN GAMBAR: Para sedulur sing ya nduwé masalah, tapi tetep ndongakké wong liya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim