PENJELASAN ING ALKITAB
Carané Isa Saling Nguwatké
Wektu ngumpul karo sedulur seiman, mesthi rasané dikuwatké. Tapi bèn isa luwih dikuwatké, ya aja mung sekedar ngumpul-ngumpul thok. Menurut Alkitab, ya kudu saling nguwatké iman. (Rm. 1:11, 12) Nah, apa waé sing isa dilakukan?
Nguwatké liwat omongan. Wektu njawab ing pertemuan ibadah, sing ditonjolké aja soal diri sendiri, tapi critakna sing isa dipelajari soal Yéhuwah, Alkitab, lan umaté. Terus wektu ngobrol, sing diomongké ya hal-hal sing isa nguwatké iman.
Nguwatké liwat perbuatan. Misalé, nèk tetep merintis padahal lagi ngadhepi akèh masalah, kuwi isa nguwatké wong liya. Utawa, nèk tetep teka ing pertemuan ibadah tengah pekan meskipun nduwé masalah keséhatan utawa kekeselen merga wis sedina kerja, kuwi ya isa nguwatké wong liya.
Apa njenengan isa nguwatké para sedulur liwat omongan lan perbuatan? Terus, apa njenengan ya nggatèkké omongan utawa perbuatané meréka sing isa nguwatké?