Pertanyaan saka Pembaca
”Kepénginan” apa sing sedhéla manèh bakal Yéhuwah kèkké ing atiné para pamréntah?
Soal sing bakal kelakon ing awal sengsara gedhé, ing Wahyu 17:16, 17 disebutké, ”Sungu sepuluh sing mbok delok lan kéwan buas kuwi bakal sengit karo pelacur kuwi, ngrampas kabèh duwèké, nggawé dhèwèké wuda, mangan dagingé, lan ngobong dhèwèké nganti entèk. Kuwi kelakon merga Gusti Allah mènèhi kepénginan ing atiné raja sepuluh kuwi bèn nindakké karepé Gusti Allah. Mula, raja sepuluh kuwi nduwé tujuan sing padha, yaiku nyerahké kerajaané marang kéwan buas kuwi.” Mbiyèn, ing publikasi dijelaské nèk ”kepénginan” sing dikèkké Yéhuwah ing atiné para pamréntah kuwi kepénginan kanggo ngancurké agama palsu.
Tapi, pemahaman kuwi kudu disesuaikké. ”Kepénginan” sing bakal dikèkké Yéhuwah ing atiné para pamréntah kuwi kepénginan bèn meréka ”nyerahké kerajaané marang kéwan buas kuwi”. Nah, kuwi kelakoné piyé? Ayo nggatèkké beberapa pertanyaan iki:
Sing disebutké ing ramalan kuwi maksudé sapa waé? ”Pelacur” sing ya disebut ”Babilon Gedhé” kuwi maksudé kabèh agama palsu sak donya. ”Kéwan buas sing wernané abang mbranang” kuwi maksudé Perserikatan Bangsa-Bangsa. Mbiyèn, jenengé Liga Bangsa-Bangsa lan dibentuké taun 1919. Organisasi kuwi dibentuk bèn kabèh negara ing sak donya isa damai. (Why. 17:3-5) ”Sungu sepuluh” kuwi maksudé kabèh pamréntahan sing ndhukung kéwan buas kuwi.
Apa hubungané pelacur kuwi karo kéwan buas sing wernané abang mbranang? Pelacur kuwi ”lungguh ing ndhuwuré kéwan buas”. Berarti, dhèwèké ndhukung lan berupaya mempengaruhi kéwan buas kuwi.
Apa sing bakal dialami pelacur kuwi? Kéwan buas lan sungu sepuluh kuwi ”bakal sengit” banget karo pelacur kuwi nganti meréka ngrampas kabèh duwèké lan nyingkapké kejahatané. Terus, meréka bakal matèni pelacur kuwi persis kaya sing wis diramalké Yéhuwah. (Why. 17:1; 18:8) Kuwi berarti, bar kuwi ora ana manèh agama palsu. Tapi sakdurungé kuwi kelakon, Yéhuwah bakal marakké pamréntah melakukan sesuatu sing durung tau dilakukan sakdurungé.
Apa sing bakal dilakukan Yéhuwah? Yéhuwah bakal marakké pamréntah utawa ”sungu sepuluh” melakukan sing dadi ’kepénginané’. Yaiku, bèn meréka ”mènèhké kekuwatan lan kuwasané marang” Perserikatan Bangsa-Bangsa utawa ”kéwan buas sing wernané abang mbranang”. (Why. 17:13) Pamréntah gelem mènèhké kekuwatan lan kuwasané kuwi dudu merga kepénginané meréka dhéwé. Kaya sing wis diramalké, Yéhuwah sing bakal marakké meréka melakukan kuwi. (WB. 21:1; bandhingna Yésaya 44:28.) Nah, perubahan kuwi kelakoné bakal cepet banget, ora bertahap. Bar kuwi, kéwan buas mau bakal bener-bener ngancurké kabèh agama palsu kanggo saklawasé.
Dadi, saiki awaké dhéwé ngentèni apa? Ora usah ngentèni pamréntah secara bertahap semakin ndhukung Perserikatan Bangsa-Bangsa. Soalé, Yéhuwah ngekèki kepénginan bèn meréka ngekèkké kuwasa ing kéwan buas kuwi kelakoné ora secara bertahap, tapi tiba-tiba. Nah pas kuwi kelakon, berarti sengsara gedhé wis arep dimulai. Dadi, saiki ”awaké dhéwé kudu tetep tangi lan sadhar” merga sedhéla manèh bakal ana perubahan-perubahan sing mendadak.—1 Tés. 5:6.