Kondhisi Politik sing Ora Stabil Dadi Bukti Nèk Ramalan ing Alkitab Kelakon
Saiki, akèh wong ora seneng karo aturan sing digawé pamréntah. Meréka ngrasa nèk aturan kuwi nggawé uripé dadi susah lan akhiré meréka protès karo pamréntah. Para pejabat pamréntah ya ora isa sepakat, terus meréka ora gelem ngalah lan ora gelem ngrungokké pendapat pejabat liyané. Kuwi kabèh nggawé kondhisi politik dadi ora stabil lan akibaté gawéan ing pamréntah dadi ora lancar.
Tapi, kondhisi politik sing ora stabil sing kelakon ing pamréntahan Amerika Serikat lan Inggris, utawa sing biasané disebut Inggris Raya, perlu awaké dhéwé gatèkké. Lha ngapa? Soalé ing Alkitab ana ramalan soal pamréntahan loro sing kondhisi politiké ora stabil, lan wektu kuwi Gusti Allah bakal ngedegké kerajaan ing swarga sing bakal ngubah keadaan ing bumi. Ramalan kuwi ana hubungané karo pamréntahan Amerika Serikat lan Inggris. Lha kok isa?
Kondhisi politik sing ora stabil ”ing dina-dina terakhir”
Ing Alkitab, ing buku Danièl, ana ramalan sing menarik kanggo dipelajari. Ing ramalan kuwi Gusti Allah ngandhani ”apa sing bakal kelakon ing dina-dina terakhir”, sing bakal mempengaruhi uripé manungsa ing masa depan.—Danièl 2:28.
Gusti Allah ngandhani ramalan kuwi liwat mimpiné raja Babilon. Ing mimpi kuwi, raja ndelok ana patung sing gedhé banget. Patung kuwi digawé saka bahan logam sing béda-béda. Terus, Nabi Danièl njelaské nèk saka sirah nganti sikilé patung kuwi nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing paling kuwat ing sak donya.a Tapi akhiré ana watu sing bakal ngancurké patung kuwi. Watu kuwi nggambarké Kerajaané utawa pamréntahané Gusti Allah.—Danièl 2:36-45.
Menurut ramalan kuwi, Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Kerajaané Gusti Allah kuwi ya tau disebutké Yésus wektu dhèwèké ngajari murid-muridé soal carané ndonga. Wektu kuwi Yésus ngomong, ”Muga-muga Kerajaan-Mu teka.”—Matius 6:10.
Saka ramalané Danièl soal patung kuwi, apa sing nduduhké nèk bakal ana pamréntahan sing kondhisi politiké ora stabil? Nah, sikil bagian ngisoré patung kuwi ”sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat”. (Danièl 2:33) Tapi bagian liyané saka patung kuwi bahané mung siji lan ora dicampur apa-apa. Campuran bahan kuwi nduduhké nèk bakal ana pamréntahan sing paling berkuasa ing sak donya sing béda karo pamréntahan-pamréntahan sakdurungé. Lha ngapa kok béda? Gatèkna ramalan sing dicathet ing buku Danièl.
Menurut ramalan kuwi, pamréntahan sing paling berkuasa ing sak donya, sing digambarké karo sikil bagian ngisoré patung kuwi, bakal ngalami kondhisi politik sing ora stabil lan kuwi merga rakyaté dhéwé.
Apa buktiné nèk ramalan ing buku Danièl kelakon jaman saiki?
Sikil bagian ngisor saka patung kuwi nggambarké pamréntahan sing saiki paling kuwat ing sak donya, yaiku Amerika Serikat lan Inggris sing kerja sama. Peristiwa apa waé sing nduduhké nèk keterangan kuwi bener?
Sikil bagian ngisor saka patung kuwi ”sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat”. Campuran bahan kuwi sakjané malah nggawé bagian kuwi dadi rapuh. (Danièl 2:42) Saiki, pamréntahané Amerika Serikat lan Inggris ya lemah, lan kuwi merga rakyaté dhéwé. Contoné, rakyaté ora gelem bersatu lan padha démo nuntut haké, bahkan nganti rusuh. Terus, para pejabat sing dipilih rakyat ya kerep ora sepakat. Merga rakyaté ora gelem bersatu, rencana sing digawé pamréntah Amerika Serikat lan Inggris kadhang ora isa kelakon.
Keadaan politik sing kelakon saiki wis diramalké ing Danièl bab 2
Ayo mbahas arti saka ramalané Danièl kuwi lan apa buktiné nèk ramalan kuwi saiki kelakon:
Ramalané: ”Kerajaan kuwi ora isa bersatu, ning sebagéan kerajaan kuwi bakal atos kaya wesi.”—Danièl 2:41.
Arti ramalané: Meskipun ing pamréntahan Amerika Serikat lan Inggris ana akèh masalah politik, tapi meréka nduwé pasukan militèr sing kuwat. Kuwi nggawé meréka ngrasa nèk nduwé kekuwatan kanggo nindakké hal-hal apa waé sing isa mempengaruhi negara liyané.
Sing kelakon saiki
Ana daftar urutan negara-negara sing nggunakké dhuwit akèh selama taun 2023 kanggo kebutuhan militèr. Ing daftar kuwi, Amerika Serikat lan Inggris ana ing urutan pertama. Bahkan nèk 12 negara ing ngisoré Amerika Serikat karo Inggris pengeluarané dijumlahké, isih tetep luwih akèh Amerika Serikat lan Inggris.—Stockholm International Peace Research Institute.
”Kerja sama pertahanan antara Amerika Serikat lan Inggris . . . ndadèkké loro negara kuwi nduwé hubungan kerja sama sing paling kuwat. Kami ya nggunakké tèknologi sing paling anyar. . . . Kami kerja bareng, kami saling ndhukung, kami berjuang bareng.”—Komando Strategis, Kementerian Pertahanan Inggris, April 2024.
Ramalané: ”Kaya driji-drijiné sing sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat, kerajaan kuwi bakal kuwat sebagéan lan rapuh sebagéan.”—Danièl 2:42.
Arti ramalané: Meskipun Amerika Serikat lan Inggris nduwé pasukan militèr sing kuwat, tapi ora kabèh rencanané isa kelakon merga sistem pamréntahané démokrasi. Dadi nèk ana akèh sing ora setuju, rencana-rencana kuwi ora isa ditrapké.
Sing kelakon saiki
”Menurut beberapa pakar politik, merga wong-wong sing ana ing pamréntahan [Amerika Serikat] ora isa sepakat, kuwi nggawé meréka ora isa ngatasi masalah sing ana ing sak donya kaya sing meréka janjèkké, misalé masalah perdagangan utawa keamanan.”—The Wall Street Journal.
”Ing Inggris, ana akèh masalah politik sing durung tau kelakon sakdurungé lan kuwi nggawé para pemimpin politiké bingung cara ngatasiné. Dadi, wong-wong sing kerja ing pamréntahan ora isa ngekèki solusi sing dibutuhké rakyaté.”—Institute for Government.
Ramalané: ”Bagéan saka kerajaan kuwi bakal campur karo wong-wong biasa. Ning, loro-loroné ora bakal isa bersatu.”—Danièl 2:43, cathetan ngisor.
Arti ramalané: Merga sistem pamréntahané démokrasi, kebijakané pamréntah isa kelakon apa ora kuwi tergantung rakyaté. Tapi, kadhang hasilé ora selalu isa nggawé rakyaté utawa pejabaté seneng.
Sing kelakon saiki
”Saiki, akèh wong ing Amerika Serikat nduwé pandhangan négatif soal pamréntah. Meréka ya ora percaya karo para pemimpin politik.”—Pew Research Center.
”Nèk dibandhingké 50 taun yang lalu, masyarakat ing Inggris saiki wis ora patia percaya manèh karo pamréntah lan para pemimpin politik.”—National Centre for Social Research.
Piyé ramalan ing buku Danièl kelakon ing masa depan?
Menurut ramalan ing buku Danièl, Amerika Serikat lan Inggris bakal dadi pamréntahan sing paling kuwat lan nguwasani donya wektu Kerajaané Gusti Allah nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.—Danièl 2:44.
Ing buku Wahyu ya dicathet ramalan sing padha. Ing kana disebutké nèk raja-raja ing bumi bakal ngumpul kanggo perang nglawan Gusti Allah Yéhuwah.b Perang kuwi disebut Armagédon, yaiku ”perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. (Wahyu 16:14, 16; 19:19-21) Wektu perang Armagédon, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Kuwi berarti kabèh pamréntahan sing paling berkuasa ing sak donya, sing digambarké karo patung ing ramalané Danièl, wis ora ana manèh.
Bèn éntuk keterangan luwih akèh soal Armagédon, wacanen artikel ”Armagédon Kuwi Apa?”
Manfaaté nèk sinau soal ramalan sing ana ing buku Danièl
Kondhisi politik sing ora stabil sing kelakon ing Amerika Serikat lan Inggris wis diramalké ing Alkitab. Terus, apa manfaaté nèk sinau ramalan kuwi?
Njenengan bakal ngerti apa alesané Yésus ngongkon murid-muridé supaya ora mèlu-mèlu urusan politik. (Yohanes 17:16) Terus njenengan ya bakal ngerti kenapa Yésus, sing wis dilantik dadi Raja Kerajaané Gusti Allah, ngomong kaya ngéné, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”—Yohanes 18:36.
Njenengan bakal yakin nèk ora suwé manèh Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan sing ana ing bumi lan mènèhi akèh berkah kanggo manungsa kaya sing wis Gusti Allah janjèkké.—Wahyu 21:3, 4.
Njenengan isa yakin nèk sukmbèn keadaan ing bumi bakal dadi luwih apik. Njenengan ya isa ngrasa ayem merga sukmbèn ora bakal ana perang manèh sing marahi bumi rusak.—Mazmur 37:11, 29.
Ramalan sing dicathet ing buku Danièl nduduhké nèk Amerika Serikat lan Inggris, sing digambarké karo sikil bagian ngisor patung, bakal dadi pamréntahan sing paling kuwat terakhir ing donya. Sakwisé disingkirké, pamréntahan kuwi bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah sing mréntah saka swarga.
Deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa? bèn isa ngerti berkah apa waé sing dirasakké manungsa wektu Kerajaané Gusti Allah mréntah bumi.
a Deloken kothak ”Ramalan soal Patung ing Buku Danièl Nggambarké Pamréntahan Endi Waé?”
b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?”