OLEH RADZYMINSKYI | PENGALAMAN
Tetep Cedhak karo Yéhuwah Meskipun Dipenjara
Aku lair ing Siberia taun 1964. Pas kuwi, wong tuwaku lagi waé didéportasi saka Ukraina. Wong tuwaku lan mbahku bener-bener percaya karo Yéhuwah, bahkan pas meréka dipenjara. Pas nglayani dadi pinituwa wilayah, mbahku tau ditangkep lan dipenjara selama pitung taun. Pas gedhé aku ya tau dipenjara lan aku kudu mbuktèkké nèk aku bener-bener percaya karo Yéhuwah.
Taun 1966, kami balik manèh ing Ukraina. Aku kèlingan, pas umurku patang taun, aku niliki mbahku ing penjara. Aku lan ibu numpak sepur saka Kryvyi Rih, Ukraina tekan Mordovia ing Rusia tengah. Kami mung isa ketemu mbahku selama rong jam lan kuwi waé diawasi karo penjaga penjara. Tapi, meréka ngijinké mbahku kanggo mangku aku.
Tetep Percaya karo Yéhuwah Pas ing Sekolah
Karo adhiku, Mykhailo (sebelah kanan)
Selama ing Ukraina ana akèh tantangan. Misalé, ing sekolah para siswa kudu nganggo pin sing ana gambar wajahé Lènin.a Terus, siswa-siswa ya kudu nganggo kain abang ing guluné kanggo bukti nèk meréka ndhukung Lènin. Tapi, aku ora gelem nganggo kuwi kabèh, soalé aku ngerti nèk mung Yéhuwah sing kudu didhukung.
Wong tuwaku selalu mbantu aku, meréka ngajarké lan ngejak diskusi bèn aku ora mihak ing masalah politik. Meréka ya ngandhani bèn aku dadi siswa sing rajin ing sekolah, bèn isa terus ngluhurké Yéhuwah.
Pernah ana wartawan sing teka ing sekolahku. Dhèwèké saka majalah Nauka i religiia (Sains lan Agama), kuwi majalah sing mempengaruhi wong-wong bèn ora percaya karo Gusti Allah. Guruku ngongkon aku lungguh paling ngarep pas wartawan mau prèsentasi ing ngarepé murid-murid. Tujuané prèsentasi kuwi bèn murid-murid percaya nèk Gusti Allah ora ana.
Terus sakwisé acara, guruku ngejak ketemu karo wartawan mau. Terus dhèwèké takon, ”Agamamu apa?” Aku langsung njawab, ”Aku Seksi-Seksi Yéhuwah.” Bar krungu jawabanku, dhèwèké mung ngomong matur nuwun merga aku gelem ngrungokké prèsentasiné. Kuwi nggawé guruku dadi tambah jèngkèl.
Tetep Percaya karo Yéhuwah Pas Bapak Dipenjara
Omahé kami dienggo nyétak publikasi, terus kami ya mbantu kanggo mbagèkké kuwi kanggo sedulur-sedulur. Pas kuwi bapak nglayani dadi pinituwa wilayah, dadi dhèwèké kerep ngunjungi jemaat-jemaat lan kelompok-kelompok.
Sasi Februari 1978, rong dina sakdurungé adhiku, Pavlik lair, polisi ngglédhah omahku. Meréka nyita kabèh publikasi lan Alkitab.
Sésuké ing sekolah, guru-guru padha mikir nèk aku lan adhiku, Mykhailo, kuwi anaké mata-mata Amerika. Tapi, akhiré meréka ngerti nèk kuwi ora bener. Malah, ana beberapa kancaku sing akhiré dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.
Taun 1981, omah kami diglédhah manèh. Terus aku, bapak, lan mbahku digawa ing kantor polisi. Padahal, pas kuwi umurku lagi 17 taun. Aku ditakon-takoni lan diancem nèk aku bakal dipenjara. Tapi, ana wong lanang sing ora nganggo seragam polisi ngomong, aku isa bébas lan uripku bahagia nèk aku gelem kompromi. Kuwi carané meréka kanggo mempengaruhi aku, sing siji medèn-medèni lan sijiné ngiming-imingi. Meréka ya ngomong nèk mbiyèn bapak, mbahku, lan omku ya tau dipenjara. Meréka ngomong kaya ngono bèn aku tambah wedi. Meréka ora ngerti nèk pengalamané keluargaku malah nggawé aku dadi tambah yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu aku.—Filipi 4:13.
Saka kiri: Bapak, aku, Pavlik, ibu, lan Mykhailo. Foto keluarga sakdurungé aku ditangkep polisi
Tetep Percaya karo Yéhuwah Pas Aku Dipenjara
Pas umurku 18, aku éntuk surat kanggo mèlu wajib militèr. Tapi merga ora gelem mèlu, aku akhiré dipenjara. Sèl penjarané kuwi gedhé banget. Ing kono ana kira-kira 85 wong, tapi mung ana 34 kasur. Dadi turuné kudu gentènan. Terus kami mung éntuk adus seminggu pisan.
Pas mlebu ing sèl, kabèh tahanan padha ndeloki aku. Terus ana sing takon, ngapa kok aku isa dipenjara. Wektu kuwi aku dheg-dhegan. Tapi aku kèlingan kisahé Danièl sing diuncalké ing guwa singa. Hasilé aku dadi luwih tenang lan bener-bener percaya karo Yéhuwah.—Yésaya 30:15; Danièl 6:21, 22.
Benginé, ana salah siji tahanan sing takon soal kepercayaanku. Terus ya ana tahanan liya sing ngrungokké obrolan kami. Aku nyritakké soal kepercayaanku karo meréka kira-kira nganti limang jam. Aku bersyukur banget merga Yéhuwah terus mbantu aku.
Sakdurungé sidang pengadilan, aku ndonga njaluk karo Yéhuwah bèn isa wicaksana lan dadi kendel. Pas ing pengadilan, jaksané ngomong nèk iman karo Gusti Allah kuwi mung alesanku thok bèn ora mèlu wajib militèr. Aku berusaha ngyakinké hakim, nèk aku mèlu wajib militèr kuwi isa nggawé Pribadi sing paling berkuasa ngrasa kecéwa. Tapi taun 1982, pengadilan mutuské aku bersalah lan aku éntuk hukuman rong taun penjara.
Aku bersyukur ana lima sedulur liyané sing dipenjara bareng karo aku. Meskipun kami mung isa ngobrol beberapa menit, tapi kami selalu isa mbahas ayat Alkitab. Kami mémang ora nduwé Alkitab ing penjara, tapi keluarga lan kanca-kanca biasané ngutip ayat Alkitab ing suraté meréka. Terus pas kami maca buku-buku sing ana ing penjara kadhang kami ya isa nemokké ayat-ayat Alkitab.
Tetep Percaya karo Yéhuwah Pas Ana Masalah Keséhatan
Taun 1983, pas lagi kerja ing penjara, ana tumpukan lembaran wesi sing boboté kira-kira rong ton nibani aku lan ngremuk sikil kiriku.
Aku ndonga karo Yéhuwah bèn aku isa kuwat nahan rasa sakit. Terus perawat ing penjara ngongkon aku misuh-misuh bèn isa nylimurké rasa larané. Tapi aku ora gelem, aku milih kanggo nyanyi lagu Kerajaan.
Bèn isa tekan ing rumah sakit, aku kudu numpak truk, prau motor, lagi numpak ambulans. Perjalanané kira-kira enem jam. Mulané aku wis kélangan akèh getih. Merga ngerti nèk bakal dioperasi, aku ndonga bèn dokteré gelem menghargai keputusanku sing ora péngin ditransfusi. Awalé, dokteré ora gelem ngrungokké omonganku. Tapi aku ngomong nèk aku siap nampa résikoné merga mutuské kanggo operasi tanpa transfusi. Akhiré, dokteré setuju aku dioperasi tanpa transfusi. Tapi, sebagian sikil kiriku kudu diamputasi.
Kondhisiku lemah banget sakwisé dioperasi. Bahkan, beberapa minggu sakwisé dioperasi, dokteré mikir nèk aku bakal mati. Terus ana perawat sing ngomong bèn aku isa cepet pulih, aku kudu mangan panganan sing luwih bergizi timbang panganan ing penjara. Mula keluargaku ngirimi aku madu, endhog, lan mentéga. Tapi ternyata meréka mung isa ngirimké kuwi ping pisan thok.
Meskipun ngono, Yéhuwah selalu nyedhiakké kebutuhanku. (Yésaya 59:1) Sakwisé ngganti perbanku, para perawat biasané mbagi panganané kanggo aku. Meréka ya nggawakké madu, endhog, lan mentéga terus nyimpenké kuwi ing kulkas kanggo aku. Aku dadi kèlingan kisahé randha ing Zaréfat sing ora tau kekurangan.—1 Raja 17:14-16.
Akhiré aku mulai pulih. Aku ngrasa terhibur lan dikuwatké merga maca surat saka keluargaku lan sedulur-sedulur. Bahkan ana surat saka sedulur-sedulur sing lagi dipenjara. Wektu kuwi totalé ana 107 surat lan aku mbales suraté siji-siji.
Sakwisé rong sasi, aku akhiré isa adus. Aku wis ora sabar balik manèh ing penjara lan isa ngumpul karo sedulur-sedulur ing kono.
Pas arep balik ing penjara, ana dokter sing ngongkon aku mlebu ing ruangané lan dhèwèké takon-takon soal kepercayaanku. Terus dhèwèké ngomong, muga-muga aku isa cepet pulih lan terus setya karo Gusti Allah. Aku ora nyangka ana petugas militèr sing ngomong kaya ngono karo aku.
Sasi April 1984, ana pertemuan kanggo mbahas apa aku éntuk dibébaské luwih cepet. Terus ana petugas sing takon, apa aku gelem mèlu wajib militèr. Aku ngomong nèk aku bingung karo pitakonané. Soalé kan salah siji sikilku wis diamputasi lan kanggo ngadeg waé kudu nganggo tongkat. Terus meréka takon manèh, ”Nèk kowé ora cacad, kowé gelem dadi tentara?” Terus aku njawab nèk aku bakal nolak merga péngin tetep setya karo Gusti Allah. Akhiré, meréka ngomong nèk aku ora bakal isa dibébaské luwih cepet. Tapi ternyata aku éntuk metu saka penjara rong sasi lan 12 dina luwih cepet.
Karo Mykhailo (kanan), sakwisé aku dibébaské saka penjara
Tetep Percaya karo Yéhuwah Sakwisé Dibébaské
Setaun sakwisé dibébaské, aku mulai nganggo sikil palsu. Biasané butuh wektu sak jam kanggo masang kuwi. Tapi nèk lagi musim dingin butuh wektu sing luwih suwé, merga udara sing adhem nggawé aliran darah ing sikilku sing diamputasi dadi ora lancar. Aku wis ora isa mlayu kèt umurku 19 taun, mula aku ngentèni wektuné aku isa mlayu ing donya anyar.—Yésaya 35:6.
Pernikahan kami
Merga cacad, aku angèl kanggo éntuk gawéan. Tapi akhiré aku isa kerja ing bèngkèl lan dadi tukang bangunan. Dadi meskipun nganggo sikil palsu, aku isa tetep kerja.
Taun 1986, aku nikah karo Svitlana. Kèt cilik, dhèwèké wis sinau soal Yéhuwah, merga mbahé lan wong tuwané ya wis nglayani Yéhuwah. Dhèwèké kerep ngomong nèk seneng banget merga kèt awal pacaran kami nduwé cita-cita sing padha kanggo nglayani Yéhuwah.
Kèt cilik, anak-anak kami, Olia lan Volodia, seneng mbantu aku ndandani omah. Akhiré meréka dadi nduwé ketrampilan konstruksi. Terus pas gedhé meréka kerep mbantu mbangun Balé Ibadah. Meréka ya merintis. Saiki, Olia nglayani dadi anggota tim pembangunan lan Volodia nglayani dadi pinituwa.
Mantuku lanang, Oleg; anakku wédok, Olia; Svitlana; aku; mantuku wédok, Anna; lan anakku lanang, Volodia
Svitlana selalu ndhukung aku, hasilé aku isa melakukan tugas-tugasku ing jemaat. Pas taun 1990-an, ing Ukraina, akèh jemaat sing penyiaré luwih saka 200 tapi mung ana siji utawa loro pinituwané. Dadi sesasi pisan, aku ngeterké bacaan-bacaan kanggo jemaat-jemaat ing Ukraina bagian tengah.
Tetep Percaya karo Yéhuwah Nganti Saiki
Taun 2022, aku lan Svitlana pindhah saka Kryvyi Rih lan saiki kami nglayani ing jemaat ing Austria.
Kèt cilik aku sinau saka anggota keluargaku sing sayang karo Yéhuwah. Meskipun ngadhepi akèh masalah, meréka isa tetep bahagia. Terus merga sinau Alkitab, kami isa kenal Yéhuwah lan dadi sahabaté. (Yakobus 4:8) Kuwi sing nggawé aku bahagia. Aku ya bersyukur, meskipun ngalami akèh masalah aku isa terus ngluhurké Yéhuwah.
Karo Svitlana ing Austria
a Vladimir Lenin kuwi pendiri Partai Komunis Rusia lan pemimpin pertama Uni Soviet.