Rebo, 1 Oktober
Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi . . . siap manut.—Yak. 3:17.
Apa njenengan tau ngrasa nèk manut kuwi abot? Raja Daud tau kaya ngono. Makané dhèwèké ndonga, ”Gawénen aku bèn péngin manut karo Njenengan.” (Mzm. 51:12) Meskipun sayang karo Yéhuwah, Daud isih kudu berjuang bèn isa manut. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Lha ngapa? Pertama, merga awaké dhéwé ora sampurna, biasané pénginé mbrontak. Keloro, Sétan terus-terusan ngojok-ojoki bèn awaké dhéwé ora manut Gusti Allah, kaya dhèwèké. (2 Kor. 11:3) Ketelu, akèh-akèhé wong saiki seneng mbrontak merga ’pikirané dipengaruhi karo penguasané donya iki’. (Éf. 2:2) Makané, awaké dhéwé kudu berjuang bèn isa terus manut karo Yéhuwah lan karo wong-wong sing dikèki Yéhuwah wewenang. w23.10 6 ¶1
Kemis, 2 Oktober
Kowé nyimpen anggur sing apik lan lagi mbok suguhké saiki.—Yoh. 2:10.
Apa sing isa dipelajari saka mukjijaté Yésus ngubah banyu dadi anggur? Sakwisé nggawé mukjijat, Yésus ora pamèr. Malah dhèwèké babar blas ora tau pamèr. Yésus rendah hati. Dhèwèké bola-bali ngomong nèk isa nggawé mukjijat merga dibantu Yéhuwah. (Yoh. 5:19, 30; 8:28) Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ora bakal pamèr. Meskipun awaké dhéwé wis akèh mbantu sedulur-sedulur lan éntuk tugas-tugas ing organisasi, dudu kuwi sing dibanggakké. Tapi, sing dibanggakké merga isa nglayani Yéhuwah. (Yér. 9:23, 24) Awaké dhéwé péngin sing dipuji kuwi mung Yéhuwah. Sakjané apa awaké dhéwé isa berhasil nèk ora dibantu Yéhuwah? (1 Kor. 1:26-31) Nèk rendah hati, awaké dhéwé ora bakal crita-crita nèk wis mbantu sedulur-sedulur. Ngerti Yéhuwah nggatèkké upayané awaké dhéwé waé wis nggawé seneng. (Bandhingna karo Matius 6:2-4; Ibr. 13:16) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé niru Yésus sing rendah hati.—1 Ptr. 5:6. w23.04 4 ¶9; 5 ¶11-12
Jumat, 3 Oktober
Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.—Flp. 2:4.
Nèk ngetrapké saran ing ayat kuwi, awaké dhéwé bakal mikirké wong liya sing ya péngin mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah. Coba pikirna, nèk omong-omongan karo kanca, apa njenengan sing bakal ngomong terus? Mesthi ora. Njenengan mesthi mènèhi kesempatan kancané njenengan ngomong. Padha kaya ngono, pas pertemuan ibadah, awaké dhéwé péngin sing mènèhi koméntar akèh. Sakjané, sedulur-sedulur isa dadi semangat nèk diwènèhi kesempatan kanggo koméntar. (1 Kor. 10:24) Dadi koméntaré singkat waé bèn luwih akèh sing isa ngacung. Terus, aja diborong. Nèk jawabané diborong kabèh, ora ana manèh sing isa dikoméntari. w23.04 23 ¶11-13