PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Kemis, 2 Oktober

Kowé nyimpen anggur sing apik lan lagi mbok suguhké saiki.—Yoh. 2:10.

Apa sing isa dipelajari saka mukjijaté Yésus ngubah banyu dadi anggur? Sakwisé nggawé mukjijat, Yésus ora pamèr. Malah dhèwèké babar blas ora tau pamèr. Yésus rendah hati. Dhèwèké bola-bali ngomong nèk isa nggawé mukjijat merga dibantu Yéhuwah. (Yoh. 5:​19, 30; 8:28) Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ora bakal pamèr. Meskipun awaké dhéwé wis akèh mbantu sedulur-sedulur lan éntuk tugas-tugas ing organisasi, dudu kuwi sing dibanggakké. Tapi, sing dibanggakké merga isa nglayani Yéhuwah. (Yér. 9:​23, 24) Awaké dhéwé péngin sing dipuji kuwi mung Yéhuwah. Sakjané apa awaké dhéwé isa berhasil nèk ora dibantu Yéhuwah? (1 Kor. 1:​26-31) Nèk rendah hati, awaké dhéwé ora bakal crita-crita nèk wis mbantu sedulur-sedulur. Ngerti Yéhuwah nggatèkké upayané awaké dhéwé waé wis nggawé seneng. (Bandhingna karo Matius 6:​2-4; Ibr. 13:16) Yéhuwah mesthi seneng nèk awaké dhéwé niru Yésus sing rendah hati.—1 Ptr. 5:6. w23.04 4 ¶9; 5 ¶11-12

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Jumat, 3 Oktober

Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.—Flp. 2:4.

Nèk ngetrapké saran ing ayat kuwi, awaké dhéwé bakal mikirké wong liya sing ya péngin mènèhi koméntar ing pertemuan ibadah. Coba pikirna, nèk omong-omongan karo kanca, apa njenengan sing bakal ngomong terus? Mesthi ora. Njenengan mesthi mènèhi kesempatan kancané njenengan ngomong. Padha kaya ngono, pas pertemuan ibadah, awaké dhéwé péngin sing mènèhi koméntar akèh. Sakjané, sedulur-sedulur isa dadi semangat nèk diwènèhi kesempatan kanggo koméntar. (1 Kor. 10:24) Dadi koméntaré singkat waé bèn luwih akèh sing isa ngacung. Terus, aja diborong. Nèk jawabané diborong kabèh, ora ana manèh sing isa dikoméntari. w23.04 23 ¶11-13

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Setu, 4 Oktober

Apa waé tak tindakké kanggo kepentingané kabar apik, bèn aku isa martakké kuwi marang wong liya.—1 Kor. 9:23.

Awaké dhéwé aja lali nèk mbantu wong liya kuwi penting, utamané nginjil. Pas nginjil, awaké dhéwé ora éntuk kaku. Awaké dhéwé ketemu karo wong sing agama, sikap, lan budayané béda-béda. Awaké dhéwé isa niru Rasul Paulus sing ora kaku. Yésus milih Paulus dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya”. (Rm. 11:13) Paulus nginjil karo wong Yahudi, Yunani, wong sing pendidikané dhuwur, wong sing ora sekolah, pejabat, lan raja. Paulus ngupaya sak isa-isané kanggo ”mbantu kabèh wong”. (1 Kor. 9:​19-22) Dhèwèké nggatèkké tenanan budaya, latar belakang, lan agamané wong-wong sing dikabari. Paulus dadi ngerti piyé carané mbantu wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya isa berhasil nginjil nèk mikirké wong-wong sing dikabari lan gelem nyesuaikké apa sing diomongké. w23.07 23 ¶11-12

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim