Kemis, 30 Oktober
Terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.—Flp. 3:16.
Yéhuwah ora nganggep njenengan gagal mung merga nduwé cita-cita sing ngluwihi kesanggupan. (2 Kor. 8:12) Sinaua saka kegagalan. Pikirna cita-cita sing wis kelakon. Menurut Alkitab, Gusti Allah ”ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké”. (Ibr. 6:10) Dadi njenengan ya aja lali. Pikirna apa waé sing wis tercapai. Misalé, isa akrab karo Yéhuwah, crita karo wong liya soal Yéhuwah, utawa dibaptis. Nèk mbiyèn waé isa tercapai, cita-citané njenengan saiki ya isa tercapai nèk terus berjuang. Nèk dibantu Yéhuwah, cita-citané njenengan mesthi isa terwujud. Coba pikirna berkah-berkah lan bantuané Yéhuwah selama iki. (2 Kor. 4:7) Nèk ora nyerah, njenengan bakal éntuk berkah sing luwih akèh.—Gal. 6:9. w23.05 31 ¶16-18
Jumat, 31 Oktober
Bapak dhéwé sayang karo kowé merga kowé wis sayang karo aku lan kowé percaya nèk aku iki wakilé Gusti Allah.—Yoh. 16:27.
Yéhuwah kerep ngandhani nèk Dhèwèké seneng lan sayang karo umaté. Ing Alkitab, ping loro dicritakké nèk Yéhuwah ngomong Yésus kuwi Anaké sing disayangi lan Yéhuwah seneng karo Yésus. (Mat. 3:17; 17:5) Nah nèk saiki piyé? Mémang, Yéhuwah ora ngomong secara langsung, tapi ”ngomongé” liwat Alkitab. Pas maca omongané Yésus kanggo murid-muridé, awaké dhéwé isa mbayangké Yéhuwah ”ngomong” kaya ngono karo awaké dhéwé. Soalé, sifat-sifaté Yésus padha kaya Yéhuwah. (Yoh. 15:9, 15) Nèk ana masalah, kuwi ora berarti Gusti Allah ora seneng karo awaké dhéwé. Malah, kuwi isa dadi kesempatan awaké dhéwé mbuktèkké nèk bener-bener sayang lan percaya Yéhuwah.—Yak. 1:12. w24.03 28 ¶10-11
Setu, 1 November
Njenengan nyebabké bocah cilik lan bayi ngucapké pujian.—Mat. 21:16.
Wong tuwa isa mbantu anak-anak nyiapké koméntar sing cocog karo umuré. Kadhang sing dirembug mémang abot, misalé masalah perkawinan. Tapi isa waé ana siji utawa loro paragraf sing anak-anak isa mèlu koméntar. Kandhanana anak-anak nèk ora mesthi ditunjuk terus. Nèk wis dikandhani, anak-anak ora bakal sedhih nèk ora ditunjuk. (1 Tim. 6:18) Awaké dhéwé isa nyiapké koméntar sing muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur. (WB. 25:11) Nyritakké pengalaman pribadi kuwi ora apa-apa, tapi aja nganti mung crita soal njenengan thok. (WB. 27:2; 2 Kor. 10:18) Awaké dhéwé péngin sedulur-sedulur tetep mikirké Yéhuwah, Alkitab, lan organisasiné.—Why. 4:11. w23.04 24-25 ¶17-18