PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Jumat, 31 Oktober

Bapak dhéwé sayang karo kowé merga kowé wis sayang karo aku lan kowé percaya nèk aku iki wakilé Gusti Allah.—Yoh. 16:27.

Yéhuwah kerep ngandhani nèk Dhèwèké seneng lan sayang karo umaté. Ing Alkitab, ping loro dicritakké nèk Yéhuwah ngomong Yésus kuwi Anaké sing disayangi lan Yéhuwah seneng karo Yésus. (Mat. 3:17; 17:5) Nah nèk saiki piyé? Mémang, Yéhuwah ora ngomong secara langsung, tapi ”ngomongé” liwat Alkitab. Pas maca omongané Yésus kanggo murid-muridé, awaké dhéwé isa mbayangké Yéhuwah ”ngomong” kaya ngono karo awaké dhéwé. Soalé, sifat-sifaté Yésus padha kaya Yéhuwah. (Yoh. 15:​9, 15) Nèk ana masalah, kuwi ora berarti Gusti Allah ora seneng karo awaké dhéwé. Malah, kuwi isa dadi kesempatan awaké dhéwé mbuktèkké nèk bener-bener sayang lan percaya Yéhuwah.—Yak. 1:12. w24.03 28 ¶10-11

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Setu, 1 November

Njenengan nyebabké bocah cilik lan bayi ngucapké pujian.—Mat. 21:16.

Wong tuwa isa mbantu anak-anak nyiapké koméntar sing cocog karo umuré. Kadhang sing dirembug mémang abot, misalé masalah perkawinan. Tapi isa waé ana siji utawa loro paragraf sing anak-anak isa mèlu koméntar. Kandhanana anak-anak nèk ora mesthi ditunjuk terus. Nèk wis dikandhani, anak-anak ora bakal sedhih nèk ora ditunjuk. (1 Tim. 6:18) Awaké dhéwé isa nyiapké koméntar sing muji Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur. (WB. 25:11) Nyritakké pengalaman pribadi kuwi ora apa-apa, tapi aja nganti mung crita soal njenengan thok. (WB. 27:2; 2 Kor. 10:18) Awaké dhéwé péngin sedulur-sedulur tetep mikirké Yéhuwah, Alkitab, lan organisasiné.—Why. 4:11. w23.04 24-25 ¶17-18

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Minggu, 2 November

Aja nganti awaké dhéwé turu kaya sing liyané, ning awaké dhéwé kudu tetep tangi lan sadhar.—1 Tés. 5:6.

Nduwé katresnan kuwi penting bèn isa tetep siap. (Mat. 22:​37-39) Nèk nresnani Gusti Allah, awaké dhéwé bakal tetep nginjil meskipun ora gampang. (2 Tim. 1:​7, 8) Merga nresnani wong liya, awaké dhéwé ya tetep nginjil, bahkan liwat télpon utawa surat. Awaké dhéwé yakin nèk wong-wong kuwi bakal berubah dadi wong sing apik. (Yèh. 18:​27, 28) Awaké dhéwé ya nresnani sedulur-sedulur. Mula, awaké dhéwé ”terus nguwatké lan mbantu liyané”. (1 Tés. 5:11) Awaké dhéwé ya saling nyemangati kaya prajurit sing maju bareng pas perang. Awaké dhéwé mesthi ora péngin sengaja nglarani sedulur-sedulur seiman. (1 Tés. 5:​13, 15) Nèk nresnani, awaké dhéwé ya bakal ngajèni para pinituwa.—1 Tés. 5:12. w23.06 10 ¶6; 11 ¶10-11

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim