PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Senèn, 3 November

Nèk [Yéhuwah] ngomong, mesthi ditindakké.—Wi. 23:19.

Bèn isa nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé kudu ngrenungké tebusané Yésus. Merga ana tebusan, janji-janjiné Yéhuwah mesthi bakal kelakon. Nèk ngrenungké pengorbanané Yéhuwah lan kenapa Yéhuwah mènèhi tebusan, awaké dhéwé isa tambah yakin nèk janjiné Yéhuwah soal donya anyar mesthi ditepati. Kok isa? Coba pikirna manèh pengorbanané Yéhuwah. Yéhuwah réla ngutus ing bumi Anaké siji-sijiné sing paling disayangi bèn dadi tebusan. Pas ing bumi, Yésus ngalami akèh penderitaan. Dhèwèké sengsara nganti mati. Kuwi bener-bener pengorbanan sing luar biasa. (Yoh. 3:16; 1 Ptr. 1:​18, 19) Yéhuwah ora mungkin berkorban kaya ngono nèk manungsa uripé mung sedhéla thok. Merga ana tebusan, manungsa bakal isa urip saklawasé. w23.04 27 ¶8-9

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Selasa, 4 November

Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?—Hos. 13:14.

Jelas nèk Yéhuwah gelem nguripké manèh wong mati. Buktiné, Yéhuwah bola-bali janji nèk bakal nguripké manèh wong mati. (Yés. 26:19; Why. 20:​11-13) Kabèh janjiné Yéhuwah selalu ditepati. (Yos. 23:14) Malah sakjané Yéhuwah ora mung gelem, tapi ya péngin banget nguripké manèh wong mati. Coba pikirna kata-katané Ayub. Ayub yakin meskipun dhèwèké mati, Yéhuwah bakal kangen banget karo dhèwèké. (Ayb. 14:​14, 15) Yéhuwah ya kangen banget karo kabèh umaté sing wis mati. Yéhuwah péngin banget nguripké wong-wong kuwi. Tapi piyé sing durung dadi umaté Yéhuwah? Yéhuwah ya péngin nguripké manèh wong-wong kuwi. (Kis. 24:15) Yéhuwah péngin wong-wong kuwi dadi kancané lan urip saklawasé ing bumi.—Yoh. 3:16. w23.04 9 ¶5-6

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Rebo, 5 November

Gusti Allah bakal mènèhi aku kekuwatan.—Mzm. 108:13.

Piyé bèn njenengan tambah yakin karo harapan ing masa depan? Nèk njenengan harapané urip saklawasé ing bumi, njenengan isa maca lan ngrenungké keterangan ing Alkitab soal Firdaus. (Yés. 25:8; 32:​16-18) Bayangna nèk njenengan wis ing donya anyar. Nèk terus mikirké harapan ing donya anyar, masalahé awaké dhéwé dadi krasa ”ora abot lan mung sedhéla”. (2 Kor. 4:17) Yéhuwah isa ngekèki njenengan kekuwatan liwat harapan. Nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké, ’Gusti Allah bakal mènèhi kekuwatan’. Yéhuwah wis ngekèki akèh persediaan sing isa nguwatké awaké dhéwé. Dadi, nèk pas lagi éntuk tugas sing abot, ngadhepi akèh masalah, utawa lagi ora semangat, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah lan pelajaran pribadi. Aja nolak bantuan saka para sedulur. Terus, ya kudu kerep mikirké harapan ing masa depan. Hasilé, ’Gusti Allah bakal nggunakké kekuwatané sing mulya kanggo nguwatké njenengan. Dadi, njenengan isa terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé.’—Kol. 1:11. w23.10 17 ¶19-20

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim