Kemis, 18 September
Terus mènèhké korban pujian marang Gusti Allah, . . . yaiku nggunakké lambéné awaké dhéwé kanggo martakké jenengé.—Ibr. 13:15.
Saiki, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa ngekèki korban kanggo Yéhuwah. Carané gelem ngorbanké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Buktiné nèk bersyukur merga dikèki kesempatan istiméwa kuwi ya kudu ngupayakké sing paling apik. Rasul Paulus nyebutké nèk nyembah Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé. (Ibr. 10:22-25) Awaké dhéwé kudu ndonga, nyritakké soal harapan masa depan, ngumpul kanggo ngibadah, lan saling nguwatké. Awaké dhéwé kudu ”luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak”. Ing bagéan penutup buku Wahyu, malaékaté Yéhuwah ngomong, ”Sembahen Gusti Allah.” Dhèwèké ngomong kuwi nganti ping pindho kanggo nandheské nèk kuwi penting. (Why. 19:10; 22:9) Muga-muga awaké dhéwé terus kèlingan pelajaran soal bait rohaniné Yéhuwah sing agung lan menghargai kesempatan istiméwa isa nyembah Yéhuwah. w23.10 29 ¶17-18
Jumat, 19 September
Ayo terus nresnani liyané.—1 Yoh. 4:7.
Awaké dhéwé mesthi péngin ”terus nresnani” sedulur seiman. Tapi, Yésus wis ngomong nèk saiki ”akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh”. (Mat. 24:12) Mémang, maksudé Yésus kuwi dudu murid-muridé. Tapi, merga saiki akèh wong ora saling menyayangi, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn aja nganti mèlu-mèlu. Saiki, ayo dibahas apa buktiné nèk awaké dhéwé isih sayang banget karo para sedulur? Nèk mèh ngerti apa awaké dhéwé isih sayang tenan karo para sedulur apa ora, kuwi isa didelok saka tanggepané awaké dhéwé. (2 Kor. 8:8) Misalé, nèk ana sedulur sing nggawé salah utawa marahi awaké dhéwé lara ati, piyé tanggepané awaké dhéwé? Pétrus ngomong, ”Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya, merga katresnan nutupi akèh banget dosa.”—1 Ptr. 4:8, cathetan ngisor. w23.11 10-11 ¶12-13
Setu, 20 September
Kowé kudu padha-padha nresnani.—Yoh. 13:34.
Mémang kaya Yésus, isa waé awaké dhéwé luwih cedhak karo wong-wong tertentu. (Yoh. 13:23; 20:2) Tapi nèk manut préntahé Yésus, sing kudu disayangi kuwi kabèh sedulur. Rasul Pétrus ngomong nèk awaké dhéwé kudu berusaha bèn ”sayang” karo sedulur seiman kaya karo keluargané dhéwé. (1 Ptr. 2:17) Pétrus ya ngongkon awaké dhéwé bèn ”tenanan sayang karo liyané saka ati”. (1 Ptr. 1:22) Maksudé ”tenanan” iki kudu tetep sayang meskipun kuwi ora gampang. Misalé, nèk ana sedulur seiman sing marakké tersinggung utawa lara ati, mungkin awaké dhéwé pénginé mbales. Tapi saka pengalamané Pétrus, jelas nèk Gusti Allah ora seneng nèk wong balas dendam. (Yoh. 18:10, 11) Pétrus nulis, ”Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan. Nèk diécé aja mbales ngécé. Ning, kowé kudu mbales nganggo tumindak sing apik.” (1 Ptr. 3:9) Nèk tenanan sayang, mesthi bakal tetep apikan lan perduli. w23.09 28-29 ¶9-11