Rebo, 17 September
Wong sing kesalahan lan dosané diapura bakal bahagia.—Rm. 4:7.
Yéhuwah gelem ngampuni dosané wong-wong sing beriman karo Dhèwèké. Dosané babar blas wis ora diéling-éling manèh. (Mzm. 32:1, 2) Wong-wong kuwi dianggep bener lan ora nduwé salah merga imané. Meskipun Abraham, Daud, lan umaté Yéhuwah liyané dianggep bener, meréka isih durung sampurna. Tapi merga meréka nduwé iman, Gusti Allah nganggep meréka ora salah, apamanèh nèk dibandhingké karo wong-wong sing ora beriman karo Gusti Allah. (Éf. 2:12) Ing suraté kanggo wong Roma, Rasul Paulus njelaské bèn isa dadi kancané Gusti Allah kuwi kunciné kudu nduwé iman. Abraham lan Daud isa dadi kancané Gusti Allah merga meréka beriman karo Dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa kaya ngono. w23.12 3 ¶6-7
Kemis, 18 September
Terus mènèhké korban pujian marang Gusti Allah, . . . yaiku nggunakké lambéné awaké dhéwé kanggo martakké jenengé.—Ibr. 13:15.
Saiki, awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa ngekèki korban kanggo Yéhuwah. Carané gelem ngorbanké wektu, tenaga, lan dhuwit kanggo ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Buktiné nèk bersyukur merga dikèki kesempatan istiméwa kuwi ya kudu ngupayakké sing paling apik. Rasul Paulus nyebutké nèk nyembah Yéhuwah kuwi kudu ngapa waé. (Ibr. 10:22-25) Awaké dhéwé kudu ndonga, nyritakké soal harapan masa depan, ngumpul kanggo ngibadah, lan saling nguwatké. Awaké dhéwé kudu ”luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak”. Ing bagéan penutup buku Wahyu, malaékaté Yéhuwah ngomong, ”Sembahen Gusti Allah.” Dhèwèké ngomong kuwi nganti ping pindho kanggo nandheské nèk kuwi penting. (Why. 19:10; 22:9) Muga-muga awaké dhéwé terus kèlingan pelajaran soal bait rohaniné Yéhuwah sing agung lan menghargai kesempatan istiméwa isa nyembah Yéhuwah. w23.10 29 ¶17-18
Jumat, 19 September
Ayo terus nresnani liyané.—1 Yoh. 4:7.
Awaké dhéwé mesthi péngin ”terus nresnani” sedulur seiman. Tapi, Yésus wis ngomong nèk saiki ”akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh”. (Mat. 24:12) Mémang, maksudé Yésus kuwi dudu murid-muridé. Tapi, merga saiki akèh wong ora saling menyayangi, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn aja nganti mèlu-mèlu. Saiki, ayo dibahas apa buktiné nèk awaké dhéwé isih sayang banget karo para sedulur? Nèk mèh ngerti apa awaké dhéwé isih sayang tenan karo para sedulur apa ora, kuwi isa didelok saka tanggepané awaké dhéwé. (2 Kor. 8:8) Misalé, nèk ana sedulur sing nggawé salah utawa marahi awaké dhéwé lara ati, piyé tanggepané awaké dhéwé? Pétrus ngomong, ”Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya, merga katresnan nutupi akèh banget dosa.”—1 Ptr. 4:8, cathetan ngisor. w23.11 10-11 ¶12-13