Kemis, 25 September
Dhèwèké wis apikan banget lan ngapura kabèh pelanggarané awaké dhéwé.—Kol. 2:13.
Yéhuwah janji bakal ngampuni nèk awaké dhéwé mertobat. (Mzm. 86:5) Dadi meskipun wis nggawé dosa, nèk bener-bener menyesal lan ora mbalèni manèh kesalahané, awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah wis ngampuni. Njenengan isa éling nèk Yéhuwah kuwi ora seneng nuntut. Dhèwèké ora tau ngongkon awaké dhéwé nglakoni sesuatu sing awaké dhéwé ora sanggup. Yéhuwah menghargai apa waé upayané awaké dhéwé nèk kuwi wis sing paling apik. Terus, pikirna conto ing Alkitab soal wong-wong sing tenanan nglayani Yéhuwah. Misalé, selama bertaun-taun Rasul Paulus nginjil ing endi-endi nganti éwonan kilomèter. Hasilé, ana akèh jemaat sing anyar. Tapi, pas dhèwèké ora isa akèh nginjil kaya sakdurungé, apa kuwi nggawé Yéhuwah dadi ora seneng? Ora. Merga Paulus terus ngupayakké sing paling apik, Yéhuwah mberkahi dhèwèké. (Kis. 28:30, 31) Padha kaya ngono, sing paling penting kanggo Yéhuwah kuwi nèk awaké dhéwé tulus nglayani Dhèwèké, meskipun sing isa diupayakké saiki ora isa akèh kaya mbiyèn. w24.03 27 ¶7, 9
Jumat, 26 September
Ésuk-ésuk, Yésus metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga.—Mrk. 1:35.
Yésus dadi conto sing apik soal ndonga. Selama ing bumi Yésus kerep banget ndonga. Yésus kudu nyisihké wektu kanggo ndonga merga dhèwèké sibuk banget lan digolèki akèh wong. (Mrk. 6:31, 45, 46) Dhèwèké tangi ésuk-ésuk bèn isa ndonga. Yésus ya tau ndonga sewengi muput wektu arep nggawé keputusan sing penting. (Luk. 6:12, 13) Sakdurungé mati, Yésus ya bola-bali ndonga bèn isa ngrampungké tugasé sing abot. (Mat. 26:39, 42, 44) Ora soal sibuké kaya apa, Yésus selalu nduwé wektu kanggo ndonga. Nèk niru Yésus, mungkin awaké dhéwé isa tangi luwih ésuk utawa turu luwih bengi bèn isa ndonga. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kesempatan isa ndonga. w23.05 3 ¶4-5
Setu, 27 September
Gusti Allah wis mènèhi awaké dhéwé roh suciné kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé.—Rm. 5:5.
Ing basa asliné, ayat iki njelaské gagasan nèk kasih sayangé Yéhuwah karo wong-wong sing dipilih munggah swarga kuwi gedhé banget kaya banyu sing diesokké. Meréka wis ngrasakké dhéwé nèk ”ditresnani Gusti Allah”. (Yud. 1) Misalé, Rasul Yohanes ngomong, ”Bapak tresna banget karo awaké dhéwé, nganti awaké dhéwé disebut anak-anaké Gusti Allah.” (1 Yoh. 3:1) Apa Yéhuwah mung sayang karo wong-wong sing nduwé harapan ing swarga? Ora, Yéhuwah ya sayang karo kabèh wong. Tebusan kuwi bukti sing paling luar biasa nèk Yéhuwah sayang banget karo njenengan.—Yoh. 3:16; Rm. 5:8. w24.01 28 ¶9-10