Jumat, 26 September
Ésuk-ésuk, Yésus metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga.—Mrk. 1:35.
Yésus dadi conto sing apik soal ndonga. Selama ing bumi Yésus kerep banget ndonga. Yésus kudu nyisihké wektu kanggo ndonga merga dhèwèké sibuk banget lan digolèki akèh wong. (Mrk. 6:31, 45, 46) Dhèwèké tangi ésuk-ésuk bèn isa ndonga. Yésus ya tau ndonga sewengi muput wektu arep nggawé keputusan sing penting. (Luk. 6:12, 13) Sakdurungé mati, Yésus ya bola-bali ndonga bèn isa ngrampungké tugasé sing abot. (Mat. 26:39, 42, 44) Ora soal sibuké kaya apa, Yésus selalu nduwé wektu kanggo ndonga. Nèk niru Yésus, mungkin awaké dhéwé isa tangi luwih ésuk utawa turu luwih bengi bèn isa ndonga. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé menghargai kesempatan isa ndonga. w23.05 3 ¶4-5
Setu, 27 September
Gusti Allah wis mènèhi awaké dhéwé roh suciné kanggo mbuktèkké nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé.—Rm. 5:5.
Ing basa asliné, ayat iki njelaské gagasan nèk kasih sayangé Yéhuwah karo wong-wong sing dipilih munggah swarga kuwi gedhé banget kaya banyu sing diesokké. Meréka wis ngrasakké dhéwé nèk ”ditresnani Gusti Allah”. (Yud. 1) Misalé, Rasul Yohanes ngomong, ”Bapak tresna banget karo awaké dhéwé, nganti awaké dhéwé disebut anak-anaké Gusti Allah.” (1 Yoh. 3:1) Apa Yéhuwah mung sayang karo wong-wong sing nduwé harapan ing swarga? Ora, Yéhuwah ya sayang karo kabèh wong. Tebusan kuwi bukti sing paling luar biasa nèk Yéhuwah sayang banget karo njenengan.—Yoh. 3:16; Rm. 5:8. w24.01 28 ¶9-10
Minggu, 28 September
Mungsuh-mungsuhku bakal mlayu pas aku njaluk tulung marang Njenengan. Aku yakin nèk Gusti Allah ndhukung aku.—Mzm. 56:9.
Ing ayat kuwi disebutké apa sing marakké Daud dadi ora wedi meskipun nyawané terancam: Daud ngrenungké apa sing bakal dilakukan Yéhuwah kanggo dhèwèké sukmbèn. Daud ngerti nèk Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké. Apamanèh, Yéhuwah wis janji nèk Daud bakal dadi raja berikuté ing Israèl. (1 Sam. 16:1, 13) Daud yakin banget nèk janjiné Yéhuwah mesthi bakal ditepati. Yéhuwah janji apa kanggo njenengan? Mémang, Yéhuwah ora janji nèk awaké dhéwé bakal bébas saka masalah. Tapi Yéhuwah janji nèk apa waé masalah sing diadhepi, kuwi ora bakal ana manèh ing donya anyar. (Yés. 25:7-9) Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh wong mati, nambani wong lara, lan nyingkirké apa waé sing marakké sedhih lan susah.—1 Yoh. 4:4. w24.01 6 ¶12-13