PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 September hlm. 8-13
  • Cara sing Paling Apik Wektu Ngadhepi Ketidakadilan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Cara sing Paling Apik Wektu Ngadhepi Ketidakadilan
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • YÉHUWAH LAN YÉSUS ORA SENENG KETIDAKADILAN
  • SING DILAKUKAN YÉSUS WEKTU NDELOK KETIDAKADILAN
  • NIRU YÉSUS
  • SING ISA DILAKUKAN SAIKI
  • Kudu Piyé Wektu Diperlakukan Ora Adil?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Apa Wong sing Ora Adil Bakal Terus Ana?
    Topik Liyané
  • ”Hakiming Jagad” Mesthi Tumindak Adil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Aku Mbéla Keadilan
    Kuwasané Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 September hlm. 8-13

ARTIKEL PELAJARAN 37

LAGU 114 ”Kudu Sabar”

Cara sing Paling Apik Wektu Ngadhepi Ketidakadilan

”Dhèwèké berharap wong-wong ing kono adil wektu ngadili, tapi nyatané ora adil.”—YÉS. 5:7.

INTI

Niru sing dilakukan Yésus wektu ngadhepi ketidakadilan.

1-2. Wektu ana sing diperlakukan ora adil, biasané wong-wong dadi piyé, lan apa sing bakal dibahas?

SAIKI ana akèh sing diperlakukan ora adil, mungkin merga sukuné, asalé, penampilané, jenis kelaminé, utawa status ékonominé. Terus, pebisnis lan pamréntah sing srakah lan mung mikirké dhuwit ya marakké akèh wong dadi susah. Nah, awaké dhéwé utawa wong sing awaké dhéwé kenal isa waé dadi korban ketidakadilan kuwi.

2 Kabèh mesthi pénginé diperlakukan adil lan urip damai. Makané, wektu ngalami dhéwé utawa ndelok ketidakadilan, akèh sing ora trima. Bahkan, ana sing nganti démo nglawan pamréntah utawa ndhukung pemimpin politik sing janji bakal nyingkirké ketidakadilan. Tapi, wong Kristen ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. Meréka percaya nèk sing isa nyingkirké ketidakadilan kuwi mung Kerajaané Gusti Allah. (Yoh. 17:16) Wektu ndelok ana sing diperlakukan ora adil, mémang rasané dadi ora trima. Tapi, sakjané kuduné piyé? Apa sing isa dilakukan saiki? Nah, ayo mbahas sik piyé perasaané Yéhuwah lan Yésus wektu ana sing diperlakukan ora adil.

YÉHUWAH LAN YÉSUS ORA SENENG KETIDAKADILAN

3. Ngapa kok wajar nèk ora trima wektu ngalami dhéwé utawa ndelok wong liya diperlakukan ora adil? (Yésaya 5:7)

3 Menurut Alkitab, awaké dhéwé diciptakké mirip kaya Yéhuwah. Nah, Yéhuwah ”seneng karo apa sing bener lan adil”. Makané, wajar nèk awaké dhéwé ora trima wektu ngalami dhéwé utawa ndelok wong liya diperlakukan ora adil. (Mzm. 33:5; PD. 1:26) Yéhuwah selalu adil lan ora seneng ketidakadilan. (PT. 32:​3, 4; Mi. 6:8; Za. 7:9) Pas jamané Nabi Yésaya, Yéhuwah ngrungokké wektu wong Israèl padha ”sambat” merga dijahati wong Israèl liyané. (Wacanen Yésaya 5:7.) Makané, Yéhuwah ngukum wong-wong sing terus-terusan nglanggar hukumé kuwi lan sing memperlakukan wong liya ora adil.—Yés. 5:​5, 13.

4. Piyé perasaané Yésus wektu ana sing diperlakukan ora adil? (Deloken gambar.)

4 Kaya Yéhuwah, Yésus ya seneng karo apa sing adil lan sengit nèk ana sing diperlakukan ora adil. Salah siji contoné kuwi wektu dhèwèké ndelok wong lanang sing tangané lumpuh sebelah. Yésus mesakké lan langsung marèkké wong lanang kuwi. Tapi, para pemimpin agama ora seneng. Meréka ngomong nèk Yésus nglanggar hukum soal Sabat. Meréka luwih mentingké hukum kuwi timbang penderitaané wong lanang mau. Pas ndelok kuwi, Yésus ”sedhih banget merga ngerti nèk wong-wong kuwi ora tanggap”.—Mrk. 3:​1-6.

Ing sinagogé, Yésus ngomong karo para pemimpin agama Yahudi soal wong lanang sing tangané lumpuh sebelah. Yésus arep marèkké wong lanang kuwi. Para pemimpin agama kuwi wajahé kétok ora seneng.

Ora kaya para pemimpin agama, Yésus perduli lan gelem nulungi wong sing butuh bantuan (Deloken paragraf 4)


5. Wektu ngalami dhéwé utawa ndelok wong liya diperlakukan ora adil, ngapa kok ora éntuk jèngkèl utawa nesu terus?

5 Yéhuwah lan Yésus ora seneng nèk ana sing diperlakukan ora adil. Dadi, wajar nèk awaké dhéwé ya nduwé perasaan kaya ngono. (Éf. 4:26) Tapi meskipun kuwi wajar, kudu éling nèk ora éntuk terus-terusan jèngkèl utawa nesu. Awaké dhéwé ya ora isa nyingkirké ketidakadilan. Malah nèk jèngkèl utawa nesu terus, mengko isa dadi lara lan strès. (Mzm. 37:​1, 8; Yak. 1:20) Lha terus, kudu piyé? Ayo niru contoné Yésus.

SING DILAKUKAN YÉSUS WEKTU NDELOK KETIDAKADILAN

6. Pas Yésus ing bumi, ketidakadilan apa waé sing dialami wong-wong? (Deloken gambar.)

6 Wektu ing bumi, Yésus kerep ndelok wong diperlakukan ora adil. Yésus ndelok nèk para pemimpin agama nggawé akèh aturan sing mbebani wong-wong. (Mat. 23:​2-4) Dhèwèké ya ngerti nèk pamréntah Romawi kejem karo rakyaté. Makané, akèh wong Yahudi péngin bébas saka pamréntah Romawi. Bahkan, ana sing nganti nggawé kelompok kanggo nglawan pamréntah, misalé kaum Zélot. Tapi Yésus ora tau mèlu-mèlu kelompok kaya ngono. Malah, wektu ana sing arep ndadèkké Yésus raja, Yésus langsung lunga.—Yoh. 6:15.

Yésus lunga ing gunung dhèwèkan. Ana akèh wong ngumpul ing ngisor gunung.

Yésus menghindari wong-wong sing arep ndadèkké dhèwèké raja (Deloken paragraf 6)


7-8. Pas ing bumi, ngapa kok Yésus ora berupaya nyingkirké ketidakadilan? (Yohanes 18:36)

7 Pas ing bumi, Yésus ora berupaya nyingkirké ketidakadilan, misalé liwat politik. Soalé, Yésus ngerti nèk manungsa ora nduwé hak lan kemampuan kanggo mréntah manungsa liyané. (Mzm. 146:3; Yér. 10:23) Manungsa ya ora isa nyingkirké penyebab utamané ketidakadilan. Donya iki dikuwasani Sétan. Dhèwèké kuwi kejem lan akèh wong malah mèlu-mèlu dhèwèké. (Yoh. 8:44; Éf. 2:2) Terus merga ora sempurna, bahkan manungsa sing paling apik waé ya ora isa selalu adil.—Pkh. 7:20.

8 Yésus ngerti nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing bener-bener isa nyingkirké penyebab utamané ketidakadilan. Makané, Yésus nggunakké wektu lan tenagané kanggo ”martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah”. (Luk. 8:1) Yésus ngandhani ”wong-wong sing péngin banget bèn keadilan ditindakké” nèk ketidakadilan bakalé disingkirké. (Mat. 5:6; Luk. 18:​7, 8) Tapi, kuwi ora bakal terwujud liwat pamréntahané manungsa. Mung Kerajaané Gusti Allah, sing ”ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan ing donya”, sing isa mujudké kuwi.—Wacanen Yohanes 18:36.

NIRU YÉSUS

9. Ngapa kok njenengan yakin nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké ketidakadilan?

9 Merga wis ”akhir jaman”, saiki ana luwih akèh ketidakadilan timbang pas jamané Yésus. Tapi penyebabé isih padha, yaiku Sétan lan wong-wong jahat. (2 Tim. 3:​1-5, 13; Why. 12:12) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya percaya nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké penyebab utamané ketidakadilan. Merga ndhukung Kerajaan kuwi, awaké dhéwé ora bakal mèlu-mèlu protès, démo, utawa melakukan hal-hal liyané kanggo nyingkirké ketidakadilan. Gatèkna pengalamané Sedulur Stacy,a sing mbiyèné kerep mèlu démo. Dhèwèké crita, ”Mbiyèn pas mèlu démo, aku kadhang ragu apa sing tak béla iki mémang pihak sing bener. Tapi saiki, aku yakin nèk aku ana ing pihak sing bener. Soalé sing tak dhukung kuwi Kerajaané Gusti Allah. Aku ngerti nèk Yéhuwah isa melakukan sesuatu sing ora bakal isa tak lakukan, yaiku mbéla kabèh korban ketidakadilan.”—Mzm. 72:​1, 4.

10. Ngapa kok nèk mèlu démo kuwi ora sesuai karo ajarané Yésus ing Matius 5:​43-48? (Deloken gambar.)

10 Wektu protès utawa démo, biasané wong dadi ngamuk-ngamuk, nglanggar hukum, utawa melakukan kejahatan liyané. Nah, hal-hal kuwi ora cocog karo sing diajarké Yésus. (Éf. 4:31) Sedulur Jeffrey ngomong, ”Pas démo, situasiné isa cepet banget berubah. Wong isa waé ngerti-ngerti dadi ngamuk, njarah, utawa bahkan téga nyilakani wong liya.” Padahal Yésus ngongkon bèn sayang karo kabèh wong, termasuk karo sing béda pandhangan lan sing nganiaya awaké dhéwé. (Wacanen Matius 5:​43-48.) Merga dadi muridé, awaké dhéwé mesthi bakal berupaya sak isa-isané kanggo manut ajarané Yésus.

Pas ing dalan ana grombolan wong sing lagi démo, sedulur wédok nyingkir saka kono.

Kudu bertékad ora mèlu-mèlu urusan politik lan sosial (Deloken paragraf 10)


11. Apa sing isa waé marakké kangèlan kanggo niru Yésus?

11 Meskipun wis ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké ketidakadilan, tapi wektu diperlakukan ora adil, isa waé dadi kangèlan kanggo niru Yésus. Gatèkna pengalamané Sedulur Janiya. Merga werna kulité, mbiyèn dhèwèké diperlakukan ora adil. Dhèwèké crita, ”Wektu kuwi, aku ora trima, nesu, lan lara ati. Bahkan, aku nganti kepikiran kanggo mèlu démo bèn atiku lega. Tapi terus aku sadhar nèk ora éntuk mikir kaya ngono. Soalé kuwi malah nduduhké nèk aku ora percaya Yéhuwah, tapi percaya karo manungsa. Akhiré, aku mutuské ora bergaul manèh karo wong-wong sing terlibat hal-hal kaya ngono.” Dadi, meskipun wajar nèk ora trima wektu diperlakukan ora adil, kudu tetep ngati-ati aja nganti dadi terlibat urusan politik utawa sosial.—Yoh. 15:19.

12. Ngapa kok kudu milih-milih soal apa sing arep ditonton, diwaca, utawa dirungokké?

12 Piyé bèn aja nganti kepancing nesu merga ketidakadilan? Akèh sing ngrasakké manfaaté nèk milih-milih apa sing ditonton, diwaca, utawa dirungokké. Kadhang, berita ing internèt utawa sosial média kuwi isiné digedhèk-gedhèkké utawa marakké wong dadi kepancing kanggo protès karo pamréntah. Terus, kadhang réporter nyampèkké beritané ora sesuai fakta, tapi mung berdasarkan pendapaté dhéwé. Bahkan nèk misalé berita kuwi bener, apa ya ana manfaaté nèk terus-terusan mikirké kuwi? Isa waé, malah dadi tambah kuwatir, strès, utawa nesu. (WB. 24:10) Sing luwih bahaya, kuwi isa marakké dadi ora percaya manèh nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké ketidakadilan.

13. Apa manfaaté maca lan ngrenungké Alkitab saben dina?

13 Nèk maca lan ngrenungké Alkitab saben dina, mengko dadi isa ngerti cara sing paling apik kanggo ngadhepi ketidakadilan. Misalé, Sedulur Alia. Dhèwèké sedhih ndelok wong-wong ing sekitaré diperlakukan ora adil. Dhèwèké ya nesu soalé pelakuné malah ora dihukum. Alia ngomong, ”Aku mikir apa aku bener-bener percaya Yéhuwah bakal ngrampungi kabèh masalah kuwi. Terus, aku maca Ayub 34:​22-29. Saka ayat-ayat kuwi, aku diélingké nèk ora ana sing isa didhelikké saka Yéhuwah. Mung Yéhuwah sing ngerti apa sing bener-bener adil lan mung Dhèwèké sing bakal bener-bener ngrampungi kabèh masalah kuwi.” Tapi, karo ngentèni Kerajaané Gusti Allah bertindak, apa sing isa dilakukan saiki?

SING ISA DILAKUKAN SAIKI

14. Apa sing isa dilakukan saiki? (Kolose 3:​10, 11)

14 Mémang, awaké dhéwé ora isa ngatur carané wong memperlakukan wong liya. Tapi, sing isa dikendalikan kuwi carané awaké dhéwé memperlakukan wong liya. Kaya sing wis dibahas, nèk niru Yésus, mesthi bakal menyayangi wong liya. Salah siji bukti sayang kuwi nèk apikan, bahkan karo wong-wong sing ora adil karo awaké dhéwé. (Mat. 7:12; Rm. 12:17) Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé apikan lan adil karo kabèh wong.—Wacanen Kolose 3:​10, 11.

15. Apa manfaaté nèk ngajari wong soal Alkitab?

15 Cara sing paling apik kanggo ngadhepi ketidakadilan kuwi nèk ngajari wong-wong soal Yéhuwah. Soalé nèk ngerti ”pengetahuan soal Yéhuwah”, wong sing mauné kejem lan kasar isa berubah dadi apikan lan sayang karo wong liya. (Yés. 11:​6, 7, 9) Kuwi sing dialami karo wong lanang sing jenengé Jamal. Mbiyèn, Jamal ngrasa nèk pamréntah ing negarané ora adil, makané dhèwèké gabung ing kelompok sing nglawan pamréntah. Tapi sakwisé belajar Alkitab, dhèwèké wis ora kaya ngono manèh. Jamal crita, ”Kanggo berubah kuwi ora isa dipeksa. Aku dhéwé berubahé merga péngin ngetrapké ajaran sing tak pelajari saka Alkitab.” Dadi, nèk ngajari wong soal Alkitab, kuwi padha waé ngajari wong bèn aja nganti memperlakukan wong liya ora adil.

16. Apa sing marakké njenengan péngin nyritani wong liya soal Kerajaané Gusti Allah?

16 Nèk ngerti Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké ketidakadilan, wong-wong sing saiki diperlakukan ora adil isa dadi nduwé harapan. (Yér. 29:11) Stacy, sing mau disebutké, ngomong, ”Merga ngerti nèk Gusti Allah bakal nyingkirké ketidakadilan, aku isa tetep tenang wektu ngalami dhéwé utawa ndelok wong liya diperlakukan ora adil.” Makané, awaké dhéwé kudu selalu siap nyritakké soal harapan kuwi. Nèk mempelajari luwih akèh keterangan ing Alkitab soal ngapa kok manungsa susah lan apa sing bakal dilakukan Yéhuwah, mengko bakal semakin yakin wektu nyritani kanca sekolah utawa kanca kerja soal kuwi.b

17. Piyé Yéhuwah nulungi bèn awaké dhéwé isa ngadhepi ketidakadilan saiki?

17 Mémang, selama Sétan isih dadi ”penguasa donya iki”, bakal terus ana ketidakadilan. Tapi isih ana harapan, soalé Yéhuwah wis janji nèk saiki bakal nulungi lan sukmbèn bakal nyingkirké Sétan lan kabèh wong sing jahat. (Yoh. 12:31) Liwat Alkitab, Yéhuwah ora mung ngandhani ngapa kok ana akèh ketidakadilan, tapi ya piyé perasaané wektu ndelok ketidakadilan. (Mzm. 34:​17-19) Terus saka Yésus, awaké dhéwé ngerti kudu piyé wektu diperlakukan ora adil lan nèk sedhéla manèh Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké ketidakadilan kanggo saklawasé. (2 Ptr. 3:13) Makané, ayo terus martakké soal Kerajaané Gusti Allah, karo ngentèni wektuné bumi dikebaki karo apa sing ”bener lan adil”.—Yés. 9:7.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok awaké dhéwé ora seneng nèk ana sing diperlakukan ora adil?

  • Ngapa kok awaké dhéwé ora ngendelké manungsa kanggo nyingkirké ketidakadilan?

  • Wektu ngalami dhéwé utawa ndelok wong liya diperlakukan ora adil, apa sing isa dilakukan saiki?

LAGU 158 Aku Sabar Ngentèni

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

b Deloken brosur Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid Lampiran A nomer 24-27.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim