ARTIKEL PELAJARAN 39
LAGU 54 ”Iki Dalané”
Kudu Piyé Wektu Nemokké Wong sing Berminat?
”Kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé dadi percaya.”—KIS. 13:48.
INTI
Pentingé nawakké pelajaran Alkitab lan ngundang ing pertemuan ibadah.
1. Piyé tanggepané wong-wong wektu krungu kabar apik? (Kisah 13:47, 48; 16:14, 15)
PAS jamané para rasul, ana akèh wong sing bar dikabari soal Yésus, langsung kepéngin dadi wong Kristen. (Wacanen Kisah 13:47, 48; 16:14, 15.) Saiki ya ngono, ana akèh sing pas pertama kali krungu soal kabar apik, langsung berminat. Bahkan sing awalé ora berminat, suwé-suwé akhiré ya dadi péngin ngerti soal Yéhuwah. Nah, nèk ketemu karo wong ”sing nduwé sikap sing bener” kaya ngono, kudu piyé?
2. Gawéan martakké kabar apik kuwi diumpamakké kaya apa? Critakna.
2 Gawéan martakké kabar apik kuwi isa dipadhakké kaya ngurus kebon. Ing kebon, mungkin ana wit sing buahé wis mateng, tapi ya ana sing durung. Nèk buah sing wis mateng, isa langsung dipanèn. Tapi sing durung mateng, wité tetep disiram lan diurusi. Padha kaya ngono, nèk ketemu karo wong sing berminat, ya ndang langsung dibantu bèn dhèwèké dadi muridé Yésus. Tapi, wong-wong sing butuh luwih akèh wektu kanggo akhiré isa berminat, ya tetep dibantu. (Yoh. 4:35, 36) Nèk ngerti endi wong sing berminat utawa durung, mengko ya ngerti bantuan apa sing cocog kanggo masing-masing wong kuwi. Saiki, ayo dibahas apa sing isa dilakukan nèk ketemu wong sing berminat bahkan pas pertama kali omong-omongan. Terus, ya bakal dibahas piyé carané mbantu meréka bèn isa terus akrab karo Yéhuwah lan nggawé kemajuan.
WEKTU KETEMU WONG SING BERMINAT
3. Pas nemokké wong sing berminat, apa sing isa dilakukan? (1 Korintus 9:26)
3 Wektu nemokké wong sing berminat, mesthi pénginé langsung mbantu meréka bèn kenal lan mulai nyedhak karo Yéhuwah. Makané, bahkan pas pertama kali mulai omong-omongan, aja ragu-ragu kanggo langsung nawakké pelajaran Alkitab lan ngundang meréka teka ing pertemuan ibadah.—Wacanen 1 Korintus 9:26.
4. Critakna pengalamané wong sing langsung gelem dijak belajar Alkitab.
4 Nawakké pelajaran Alkitab. Ana sing bar ditawani belajar Alkitab langsung gelem. Gatèkna pengalamané mbak-mbak ing Kanada. Dina Kemis, dhèwèké marani rak beroda lan njupuk brosur Bahagia Saklawasé. Sedulur wédok sing jaga gerai pas kuwi nawani kanggo belajar Alkitab nganggo brosur kuwi. Mbak-mbak kuwi tertarik, terus meréka tukeran nomer HP. Dina kuwi, mbak-mbak mau langsung nge-chat lan takon kapan isa mulai belajar Alkitab. Sedulur wédok kuwi nawani arep mara ing omahé dina Setu. Tapi, mbak-mbak kuwi ngomong, ”Piyé nèk sésuk waé?” Akhiré, meréka belajar dina Jumat. Nah, dina Minggu mbak-mbak kuwi teka ing pertemuan ibadah. Sakwisé kuwi, dhèwèké terus nggawé kemajuan.
5. Nèk wongé durung gelem dijak belajar Alkitab, apa sing isa dilakukan? (Deloken gambar.)
5 Ya mémang, ora kabèh wong bakal kaya mbak-mbak mau, sing sekali ditawani langsung gelem belajar Alkitab. Mungkin ana beberapa sing butuh luwih akèh wektu bèn akhiré gelem. Dadi, bahasen topik-topik sing menarik kanggo wong kuwi. Terus, nèk tetep optimis lan nduduhké nèk perduli karo wong kuwi, mungkin suwé-suwé dhèwèké akhiré gelem. Nah, bèn isa ngerti apa sing isa diomongké wektu nawakké belajar Alkitab, ayo nggatèkké sarané sedulur-sedulur sing wis berpengalaman kanggo ngejak wong belajar Alkitab.
Apa sing bakal njenengan lakukan bèn wong-wong iki tertarik kanggo belajar Alkitab? (Deloken paragraf 5)a
6. Apa waé sing isa diéling-éling wektu arep nawakké pelajaran Alkitab?
6 Menurut beberapa penginjil lan perintis, wektu arep ngejak wong belajar Alkitab, ing beberapa panggonan luwih apik aja nggunakké istilah-istilah kaya ”belajar”, ”kursus Alkitab”, utawa ”mulang njenengan”. Mungkin luwih apik ngomong waé ”ngobrol”, ”rembugan”, lan ”péngin ngerti soal Alkitab”. Bèn omong-omongané isa dilanjutké manèh, njenengan isa ngomong, ”Isih ana luwih akèh manèh keterangan ing Alkitab” utawa ”Alkitab kuwi dudu buku sing isiné mung soal agama, tapi ya ana akèh saran-saran sing bermanfaat”. Njenengan ya isa ngomong, ”Mung 10 nganti 15 menit waé, njenengan isa éntuk keterangan sing berharga.” Terus, bèn wongé ora ngrasa terikat, mungkin aja nganggo istilah ”rutin mara” utawa ”saben minggu”.
7. Ana sing akhiré ngerti nèk wis nemokké ajaran sing bener kuwi pas apa? (1 Korintus 14:23-25)
7 Ngundang teka ing pertemuan ibadah. Pas jamané Rasul Paulus, kétoké ana wong-wong sing dadi sadhar nèk wis nemokké ajaran sing bener kuwi pas teka ing pertemuan ibadah. (Wacanen 1 Korintus 14:23-25.) Saiki ya ngono. Ana akèh wong sing cepet nggawé kemajuan sakwisé teka ing pertemuan ibadah. Dadi, apiké kapan ngundang wong-wong teka ing pertemuan ibadah? Mémang ing buku Bahagia Saklawasé Pelajaran 10 ana pembahasan soal kuwi, tapi bahkan pas pertama kali omong-omongan, njenengan isa ngundang meréka teka ing pertemuan ibadah akhir pekan. Misalé, sebutna judhulé ceramah umum utawa topik sing bakal dibahas ing artikel Warta Penting minggu kuwi.
8. Wektu ngundang wong teka ing pertemuan ibadah, apa waé sing isa dicritakké? (Yésaya 54:13)
8 Pas ngundang, critakna nèk acara ibadahé Seksi Yéhuwah béda karo acara ibadah sing mungkin biasa dhèwèké ikuti. Ana pengalaman saka pelajar Alkitab sing pertama kali teka ing pertemuan ibadah pas acarané pembahasan Warta Penting. Dhèwèké takon karo guru Alkitabé apa sing mandhu ngerti kabèh jenengé sing teka. Guru Alkitabé njelaské nèk Seksi Yéhuwah kuwi kaya keluarga. Padha kaya nèk awaké dhéwé ngerti jenengé saben anggota keluarga, Seksi Yéhuwah ya berupaya bèn ngerti jenengé kabèh wong ing jemaat. Pelajar Alkitab kuwi ngomong nèk kuwi béda banget karo ing gréjané. Sakliyané kuwi, jelasna tujuané Seksi Yéhuwah ngumpul. (Wacanen Yésaya 54:13.) Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo nyembah Yéhuwah, belajar soal Yéhuwah, lan saling nguwatké. (Ibr. 2:12; 10:24, 25) Dadi, acarané diatur kanggo belajar lan ora ana ritual. (1 Kor. 14:40) Panggonan ibadahé ya sederhana lan nganggo pencahayaan sing apik bèn belajaré pénak. Ing kono ya ora mbahas soal politik utawa debat. Nah, bèn wong kuwi ngerti kaya apa acara ibadahé Seksi Yéhuwah, mungkin isa nyetèlké vidéo Ana Acara Apa Waé ing Balai Ibadah?
9-10. Pas ngundang, bèn wongé ora wedi kanggo teka, apa sing isa dilakukan? (Deloken gambar.)
9 Ana sing wis diundang ora gelem teka mungkin merga wedi nèk mengko dipeksa dadi Seksi Yéhuwah. Dadi, kandhanana nèk Seksi Yéhuwah seneng ngundang sapa waé, lan nèk teka ya ora bakal dipeksa kanggo melakukan sesuatu. Sing teka ya éntuk ngejak keluargané, termasuk anak-anaké sing isih cilik. Mengko anak-anak ora dipisahké saka wong tuwané. Meréka isa lungguh jèjèr wong tuwané lan belajar bareng. Dadi, wong tuwané ngerti anaké karo sapa lan diajari apa. (PT. 31:12) Terus, ya ora ana kolèkte lan ora ana amplop sumbangan sing dibagèkké. Seksi Yéhuwah manut préntahé Yésus, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.” (Mat. 10:8) Terus, kandhanana nèk sing teka ora perlu nganggo klambi sing larang, soalé sing didelok Gusti Allah kuwi isi atiné wong, dudu penampilané.—1 Sam. 16:7.
10 Nèk wongé gelem teka, ya disambut. Kenalna karo para pinituwa lan sedulur-sedulur liyané. Nèk dhèwèké ngrasa disambut lan digatèkké, sapa ngerti dhèwèké gelem teka manèh. Terus selama acara, nèk dhèwèké ora nduwé Alkitab, ya duduhna ayat-ayat saka Alkitabé njenengan. Pas pembahasan, duduhna publikasi sing lagi dibahas bèn dhèwèké ya isa ngikuti.
Wong isa ndang akrab karo Yéhuwah nèk ndang dijak teka ing pertemuan ibadah (Deloken paragraf 9-10)
WEKTU MULAI MANDHU PELAJARAN ALKITAB
11. Piyé carané mbuktèkké nèk menghargai wektuné sing sinau Alkitab?
11 Pas mandhu pelajaran Alkitab, élinga nèk kudu menghargai wektuné sing sinau Alkitab. Misalé nèk wis janjian, ya tekaa tepat waktu, meskipun wong-wong ing dhaérahé njenengan ora biasa tepat waktu. Terus, nèk kuwi lagi pertama kali belajar, luwih apik aja suwé-suwé. Beberapa sedulur sing berpengalaman nyaranké nèk apiké, saben belajar Alkitab kuwi rampungé sesuai wektu sing wis disepakati, meskipun sing sinau Alkitab mungkin isih péngin lanjut. Sakliyané kuwi, aja kakèhan ngomong. Kèkana kesempatan bèn sing sinau Alkitab nyritakké kabèh sing dipikirké lan dirasakké.—WB. 10:19.
12. Kèt awal, apa sing kuduné dadi tujuané mandhu pelajaran Alkitab?
12 Élinga, nèk kèt awal mandhu pelajaran Alkitab kuwi tujuané mbantu bèn sing sinau isa kenal lan semakin sayang karo Yéhuwah lan Yésus. Makané sing disampèkké kudu selalu saka Alkitab, aja pengetahuané dhéwé. (Kis. 10:25, 26) Rasul Paulus dadi conto sing apik. Wektu mulang, fokusé selalu soal Yésus, sing wis diutus kanggo mbantu wong bèn isa kenal lan sayang Yéhuwah. (1 Kor. 2:1, 2) Paulus ya nduduhké pentingé mbantu sing sinau Alkitab bèn isa nduwé sifat-sifat sing apik, sing dipadhakké kaya emas, pérak, lan watu berharga. (1 Kor. 3:11-15) Sifat-sifat kuwi misalé iman, kawicaksanan, pertimbangan sing apik, lan wedi karo Yéhuwah. (Mzm. 19:9, 10; WB. 3:13-15; 1 Ptr. 1:7) Njenengan ya isa niru contoné Paulus nèk mbantu sing sinau Alkitab bèn nduwé iman sing kuwat lan nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.—2 Kor. 1:24.
13. Piyé nduduhké nèk sabar lan ora meksa wektu mandhu pelajaran Alkitab? (2 Korintus 10:4, 5) (Deloken gambar.)
13 Nèk niru carané Yésus mulang, mesthi bakal sabar lan ora meksa. Aja ngejokké pertanyaan sing marakké dhèwèké isin. Nèk ana ajaran sing dhèwèké ora langsung paham, lanjutké sik waé pelajarané, mengko topik kuwi isa dibahas manèh. Terus nèk dhèwèké durung isa nampa ajaran tertentu, aja dipeksa. Kèkana wektu bèn dhèwèké isa mikir dhéwé lan akhiré nyimpulké nèk mémang kuwi ajaran sing bener. (Yoh. 16:12; Kol. 2:6, 7) Menurut Alkitab, ajaran sing salah kuwi kaya ’bèntèng sing kuwat’ sing kudu dirubuhké. (Wacanen 2 Korintus 10:4, 5.) Mémang angèl kanggo ninggalké sesuatu sing wis dipercaya selama bertaun-taun. Makané, bantunen dhèwèké percaya karo Yéhuwah bèn dhèwèké luwih gampang ninggalké kepercayaan sing lawas kuwi.—Mzm. 91:9.
Kèkana wektu bèn pelajar Alkitab isa mikirké sing dipelajari lan akhiré isa nampa ajaran sing bener (Deloken paragraf 13)
NÈK ANA SING LAGI PERTAMA KALI TEKA ING BALAI IBADAH
14. Karo wong sing lagi pertama kali teka ing pertemuan ibadah, awaké dhéwé kuduné piyé?
14 Yéhuwah péngin awaké dhéwé apikan karo kabèh wong, ora soal latar belakang, suku, utawa status ékonominé. (Yak. 2:1-4, 9) Nah, piyé carané nduduhké nèk apikan karo wong sing lagi pertama kali teka ing pertemuan ibadah?
15-16. Apa waé sing isa dilakukan bèn wong sing lagi pertama kali teka ing Balai Ibadah ngrasa disambut?
15 Ana sing mungkin teka ing Balai Ibadah kuwi merga péngin ngerti utawa merga dikon kanca utawa keluargané sing manggon ing dhaérah liya. Dadi, aja ragu kanggo nyambut meréka. Tapi, aja terlalu berlebihan bèn meréka ora risi. Ajaken meréka lungguh jèjèr njenengan. Kèkana Alkitab lan publikasi, utawa duduhna saka Alkitab lan publikasiné njenengan. Sakliyané kuwi, pikirna perasaané meréka. Ana wong lanang sing lagi pertama kali teka ing Balai Ibadah ngomong karo sedulur sing nyambut dhèwèké nèk dhèwèké isin soalé klambiné terlalu santai. Sedulur kuwi njelaské, nèk pas teka ing pertemuan ibadah, mémang Seksi Yéhuwah klambiné resmi, tapi meréka kuwi kaya wong umumé. Merga diomongi ngono, wong lanang kuwi dadi tenang. Bahkan nganti sakwisé dibaptis, dhèwèké isih terus éling tanggepané sedulur lanang mau. Élinga, wektu omong-omongan, aja takon-takon hal-hal sing terlalu pribadi.—1 Ptr. 4:15.
16 Terus wektu ngobrol, njawab, utawa nyampèkké bagian ing pertemuan ibadah, kudu wicaksana wektu ngomongké soal wong sing dudu Seksi Yéhuwah utawa kepercayaané. Aja nganti kuwi marakké wong dadi tersinggung utawa wegah teka manèh. (Tit. 2:8; 3:2) Misalé, aja nganti ngèlèk-èlèk utawa ngrèmèhké kepercayaan agama liya. (2 Kor. 6:3) Sedulur-sedulur sing nyampèkké ceramah umum khususé kudu nggatèkké soal kuwi. Meréka ya kudu éling nèk sing teka kuwi ana sing dudu Seksi Yéhuwah. Dadi, kudu milih kata-kata sing gampang dipahami lan ora nggunakké istilah sing mung dingertèni Seksi Yéhuwah thok.
17. Nèk nemokké wong sing ”nduwé sikap sing bener”, aja ragu-ragu kanggo ngapa?
17 Saya suwé, gawéan ndadèkké murid dadi semakin penting, lan bakal ana semakin akèh wong sing ”nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé”. (Kis. 13:48) Makané, aja ragu-ragu nawakké pelajaran Alkitab utawa ngundang meréka teka ing pertemuan ibadah. Kuwi langkah awal bèn meréka isa mulai mlaku ing ’dalan sing ngarah ing urip’.—Mat. 7:14.
LAGU 64 Seneng Merga Mèlu Martakké
a PENJELASAN GAMBAR: Loro sedulur lanang nginjil ing omahé pènsiunan tentara sing lagi santai ing ngarep omah. Loro sedulur wédok nginjil karo ibu-ibu sing lagi répot, tapi nginjilé ora suwé.