PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Oktober hlm. 2-5
  • 1925 (Satus Taun Kepungkur)

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1925 (Satus Taun Kepungkur)
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”HARAPAN SING ORA NDANG KELAKON”
  • MBANGUN STASIUN-STASIUN RADIO MANÈH
  • PEMAHAMAN SING ANYAR
  • NGEKÈKI KESAKSIAN SOAL YÉHUWAH
  • MARANI MANÈH WONG SING BERMINAT
  • ANA LUWIH AKÈH KEGIATAN ING TAUN BERIKUTÉ
  • 1924 (Satus Taun Kepungkur)
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • 1922—Satus Taun Kepungkur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Cara kanggo Nginjil—Martakké Kabar Apik marang Akèh Wong
    Kratoné Allah Wis Mréntah
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Oktober hlm. 2-5
Para sedulur sing teka ing pertemuan ing Indianapolis, Indiana taun 1925 lagi foto bareng.

Pertemuan ing Indianapolis, Indiana, 1925

1925 (Satus Taun Kepungkur)

ING The Watch Tower 1 Januari 1925 disebutké, ”Taun iki, awaké dhéwé ngentèni hal-hal sing luar biasa. Tapi, aja terlalu fokus karo kuwi, soalé mengko dadi ora fokus karo gawéan sing ditugaské Gusti.” Mémangé, ing taun 1925 kuwi Siswa-Siswa Alkitab padha ngentèni apa? Terus, piyé meréka isa tetep sibuk nginjil meskipun kecéwa merga sing dientèni ora kelakon?

”HARAPAN SING ORA NDANG KELAKON”

Akèh Siswa Alkitab ngira nèk bumi bakal dadi Firdaus taun 1925. Lha ngapa? Sedulur Albert Schroeder, sing tau nglayani dadi anggota Pengurus Pusat, ngomong, ”Wektu kuwi kami mikiré nèk ing taun 1925 wong-wong pilihan bakal munggah swarga. Terus, wong-wong sing setya saka jaman mbiyèn, misalé Abraham lan Daud, bakal diuripké manèh lan dadi pemimpin-pemimpin ing bumi.” Nah, wektu sing diharapké kuwi ora kelakon, ana beberapa sing akhiré dadi kecéwa.—WB. 13:12.

Meskipun kecéwa, akèh-akèhé Siswa Alkitab tetep semangat nginjil. Meréka malah dadi sadhar nèk martakké soal Yéhuwah kuwi hal paling penting sing kudu dilakukan. Saiki, ayo ndelok piyé meréka nggunakké radio kanggo martakké ajaran sing bener ing luwih akèh wong.

MBANGUN STASIUN-STASIUN RADIO MANÈH

Taun 1924 ana akèh sing ngrungokké siarané radio WBBR. Makané, taun 1925 Siswa-Siswa Alkitab mbangun manèh stasiun radio liyané ing cedhak Chicago, Illinois, sing disebut WORD. Ralph Leffler, sing mèlu mbangun stasiun kuwi ngomong nèk bengi-bengi pas hawané adhem, wong-wong saka panggonan sing adoh-adoh padha ngrungokké siaran radio kuwi. Misalé, siji keluarga sing manggon ing kutha Pilot Station, Alaska, sing jaraké luwih saka 5.000 kilomèter, mèlu ngrungokké siaran radio WORD. Bar ngrungokké siaran radio kuwi, meréka nulis surat ngomong maturnuwun merga dadi luwih ngerti soal Gusti Allah lan Alkitab.

Kiwa: Menara pemancar stasiun radio WORD ing Batavia, Illinois

Tengen: Ralph Leffler lagi kerja ing stasiun radio

Ing The Watch Tower 1 Desember 1925 dijelaské nèk stasiun WORD iki nggunakké pemancar radio 5.000 watt, makané dadi salah siji stasiun sing jangkauané paling luas ing Amerika Serikat. Jangkauané isa nganti tekan kabèh dhaérah ing Amerika Serikat, Kuba, lan bahkan bagian ujung loré Alaska. Akèh wong sing durung tau krungu kabar apik akhiré dadi berminat sakwisé ngrungokké siaran radio iki.

George Naish

Siswa-Siswa Alkitab ing Kanada ya nggunakké radio kanggo nyiarké kabar apik. Taun 1924, Siswa-Siswa Alkitab mbangun stasiun radio CHUC ing Saskatoon, Saskatchewan. Kuwi salah siji stasiun radio pertama ing Kanada sing nyiarké acara keagamaan. Taun 1925, stasiun radio kuwi dadi duwèké organisasi. Terus, merga butuh panggonan sing luwih gedhé, organisasi tuku téater tuwa ing Saskatoon sing jenengé Regent Building, terus ngrénovasi panggonan kuwi. Bar kuwi, stasiun radioné pindhah ing kono.

Merga siaran radio kuwi, akèh wong ing kutha-kutha cilik lan désa-désa ing Saskatchewan isa krungu kabar apik. Salah sijiné kuwi ibu-ibu sing jenengé Graham, sing manggon ing kutha terpencil. Sakwisé ngrungokké siaran kuwi, dhèwèké nulis surat kanggo njaluk publikasi. Sedulur George Naish crita, ”Ibu-ibu kuwi kétok péngin banget éntuk publikasiné. Makané, akhiré kami kirimi sak sèt buku Studies in the Scriptures”. Bar kuwi, Ibu Graham mulai nyritakké sing dhèwèké pelajari ing dhaérah-dhaérah liya sing luwih adoh.

PEMAHAMAN SING ANYAR

Ing The Watch Tower 1 Maret 1925 ana artikel sing judhulé ”Birth of the Nation” (Lairé Siji Bangsa). Ngapa kok iki artikel sing penting? Selama beberapa waktu, Siswa-Siswa Alkitab wis ngerti nèk Sétan nduwé organisasi sing isiné malaékat-malaékat jahat, agama palsu, pamréntahan politik, lan sistem ékonomi ing bumi. Tapi ing artikel iki, ”budhak sing setya lan wicaksana” njelaské nèk Yéhuwah ya nduwé organisasi sing isiné umaté sing setya ing swarga lan ing bumi. Meréka ora padha kaya wong-wong sing dikuwasani Sétan, lan malah bener-bener bertentangan karo Sétan lan bala-balané. (Mat. 24:45) Sakliyané kuwi, budhak sing setya ya njelaské nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah kèt taun 1914. Ing taun kuwi ana ”perang ing swarga” sing marakké Sétan lan para malaékat jahat diusir saka swarga lan diuncalké ing bumi.—Why. 12:​7-9.

Ana Siswa-Siswa Alkitab sing ora isa nampa pemahaman anyar iki. Ing artikel kuwi ya disebutké, ”Nèk ana pembaca Watch Tower sing ora setuju karo keterangan iki, apiké meréka tetep sabar, percaya karo Gusti, lan terus setya nglayani Gusti.”

Tom Eyre, kolportir (perintis) saka Inggris, crita soal perasaané akèh-akèhé Siswa Alkitab soal artikel kuwi, ”Para sedulur malah seneng banget krungu penjelasan soal Wahyu bab 12 iki. Sakwisé ngerti nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga, kami dadi péngin nyritakké kuwi ing wong-wong. Kami ya dadi luwih semangat nginjil, lan ya dadi ngerti nèk ana hal-hal sing luar biasa sing bakal dilakukan Yéhuwah sukmbèn.”

NGEKÈKI KESAKSIAN SOAL YÉHUWAH

Saiki mémang Seksi Yéhuwah kerep mbahas kata-kata ing Yésaya 43:​10, sing isiné, ”Yéhuwah ngomong, ’Kowé kuwi seksi-seksi-Ku, Abdi-Ku sing wis Tak pilih.’” Tapi sakdurungé taun 1925, ayat kuwi jarang dibahas ing publikasi. Nah selama taun 1925, Yésaya 43 ayat 10 lan 12 kuwi dibahas ing 11 terbitan The Watch Tower.

Akhir Agustus 1925, Siswa-Siswa Alkitab ngadakké pertemuan rohani ing Indianapolis, Indiana. Ing daftar acarané ana kata-kata sambutan saka Joseph F. Rutherford, sing isiné, ”Awaké dhéwé teka ing pertemuan iki bèn . . . dikuwatké Gusti bèn mengko sakwisé balik saka pertemuan iki awaké dhéwé tambah semangat martakké soal Dhèwèké.” Pertemuan kuwi suwéné wolung dina lan isi acarané nandheské pentingé ngekèki kesaksian soal Yéhuwah pas ngapa waé.

Dina Setu, 29 Agustus, Sedulur Rutherford nyampèkké ceramah sing judhulé ”Seruan kanggo Bertindak”. Ing ceramah kuwi dhèwèké nandheské nèk nginjil kuwi penting banget. Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah wis ngandhani umaté . . . , ’Aku Gusti Allah, lan kowé kuwi seksi-seksi-Ku.’ Terus, Gusti ya ngekèki préntah, ’Wènèhana tandha kanggo bangsa-bangsa.’ Ing bumi iki, mung umaté Gusti sing isa ngekèki kesaksian soal Gusti. Soalé, meréka sing dituntun roh suciné.”—Yés. 43:12; 62:10.

Selebaran ”Message of Hope”.

Selebaran Message of Hope

Sakwisé ceramah, Sedulur Rutherford macakké dokumèn sing judhulé ”Berita Harapan”. Ing kono disebutké nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa ngekèki ”kedamaian, kemakmuran, keséhatan, kehidupan, kebébasan, lan kebahagiaan saklawasé”. Kabèh sing teka setuju. Terus, dokumèn kuwi diterjemahké ing beberapa basa lan digawé dadi selebaran. Ana kira-kira 40 yuta selebaran sing dibagèkké.

Lagi beberapa taun bar kuwi, Siswa-Siswa Alkitab ganti jeneng dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Tapi kèt 1925, meréka tambah ngerti nèk nduwé tanggung jawab ngekèki kesaksian soal Yéhuwah.

MARANI MANÈH WONG SING BERMINAT

Jumlahé Siswa-Siswa Alkitab sak donya tambah akèh. Nah, organisasi ngomong nèk meréka kudu ngunjungi manèh wong-wong sing berminat, ora mung mbagèkké publikasi thok. Sakwisé kegiatan khusus mbagèkké selebaran Message of Hope (Berita Harapan), ing Bulletina ana arahan: ”Kunjungana manèh wong-wong sing wis nampa selebaran kuwi.”

Ing Bulletin terbitan Januari 1925 ana laporan saka Siswa Alkitab ing kutha Plano, Texas: ”Kami ora nyangka nèk ngerjakké dhaérah sing wis beberapa kali dikerjakké kuwi hasilé luwih apik timbang nèk ngerjakké dhaérah anyar. Ing dhaérah kami, ana kutha cilik sing wis ping lima dikerjakké selama sepuluh taun iki. . . . Tapi, wektu ibuku karo sedulur wédok sing jenengé Hendrix nginjil ing kono manèh, meréka isa nempatké luwih akèh buku timbang sakdurungé.”

Ana kolportir saka Panama sing crita, ”Akèh wong sing mauné nolak, akhiré gelem ngrungokké bar tak parani pas kunjungan sing keloro utawa ketelu. Setaun iki, nginjilku kuwi akèh-akèhé kanggo marani manèh wong-wong sing tau tak kabari. Aku seneng merga beberapa gelem nyambut.”

ANA LUWIH AKÈH KEGIATAN ING TAUN BERIKUTÉ

Ing akhir taun 1925, Sedulur Rutherford nulis surat kanggo kabèh kolportir. Dhèwèké njelaské soal kegiatan nginjil selama taun 1925 lan sing kudu dilakukan ing taun berikuté. Dhèwèké ngomong, ”Selama taun 1925, kalian wis menikmati tugas istiméwa menghibur wong-wong sing sedhih. Iki gawéan sing marakké bahagia . . . Taun ngarep bakal ana luwih akèh kesempatan kanggo nyritakké soal Gusti Allah lan Kerajaané, lan mbuktèkké nèk kalian bener-bener umaté. . . . Makané, ayo bersatu lan muji Gusti Allah lan Rajané awaké dhéwé.”

Ing akhir taun 1925, ana rencana kanggo memperluas Bètel ing Brooklyn. Taun 1926 kuwi dimulainé proyèk pembangunan sing paling gedhé sing tau dikerjakké organisasi.

Para sedulur ing proyèk pembangunan pas lagi awal-awal mbangun.

Proyèk pembangunan ing Adams Street, Brooklyn, New York, 1926

a Saiki disebut Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé Wong Kristen.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim