ARTIKEL PELAJARAN 40
LAGU 111 Bahagia Merga Yéhuwah
”Seneng Banget” Merga Yéhuwah
” Aku bakal seneng banget merga Gusti Allahku.”—MZM. 43:4.
INTI
Hal-hal sing isa marakké ora bahagia lan carané bèn isa bahagia manèh.
1-2. (a) Apa sing dialami akèh wong saiki? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
AKÈH wong saiki berupaya bèn bahagia, tapi kenyataané tetep ora bahagia. Malah, akèh sing akhiré ngrasa sedhih lan putus asa. Umaté Yéhuwah ya isa ngrasa kaya ngono. Merga saiki ”akhir jaman”, ana akèh masalah sing isa marakké kuwatir lan sedhih banget.—2 Tim. 3:1.
2 Ing artikel iki, ayo mbahas apa waé sing isa marakké ora bahagia lan kudu piyé bèn isa bahagia manèh. Tapi sakdurungé kuwi, ayo mbahas sik sapa sing sakjané isa marakké awaké dhéwé bener-bener bahagia.
YÉHUWAH SING ISA MARAKKÉ BENER-BENER BAHAGIA
3. Saka ciptaan, awaké dhéwé dadi ngerti apa soal Yéhuwah? (Deloken gambar.)
3 Yéhuwah selalu bahagia. Dhèwèké ya péngin awaké dhéwé bahagia. Makané, Dhèwèké nyiptakké akèh banget hal sing isa marakké bahagia. Misalé bumi sing indah, werna sing macem-macem, kéwan-kéwan sing lucu, lan panganan sing énak-énak. Yéhuwah bener-bener sayang lan péngin awaké dhéwé menikmati kehidupan.
Baby elephant: Image © Romi Gamit/Shutterstock; penguin chicks: Vladimir Seliverstov/500px via Getty Images; baby goats: Rita Kochmarjova/stock.adobe.com; two dolphins: georgeclerk/E+ via Getty Images
Tingkah lakuné kéwan sing lucu kuwi nduduhké nèk Yéhuwah ”Gusti Allah sing bahagia” (Deloken paragraf 3)
4. (a) Meskipun sedhih ndelok akèh penderitaan, ngapa kok ing Alkitab Yéhuwah disebut ”Gusti Allah sing bahagia”? (b) Piyé carané Yéhuwah nulungi awaké dhéwé? (Mazmur 16:11)
4 Yéhuwah sedhih ndelok akèh penderitaan ing bumi. Tapi, ngapa kok ing Alkitab Yéhuwah disebut ”Gusti Allah sing bahagia”? (1 Tim. 1:11) Salah siji alesané merga Yéhuwah ngerti nèk penderitaan kuwi mung sementara. Dhèwèké wis nentokké wektuné bakal nyingkirké penderitaan kanggo saklawasé. Yéhuwah sabar ngentèni kuwi kelakon. Nah karo ngentèni, Yéhuwah bener-bener perduli karo sing awaké dhéwé rasakké lan péngin nulungi. Carané nulungi piyé? Salah sijiné nggawé awaké dhéwé ngrasa bahagia. (Wacanen Mazmur 16:11.) Nah, saiki ayo mbahas piyé Yéhuwah marakké Yésus bahagia.
5-6. Ngapa kok Yésus bahagia?
5 Saka kabèh ciptaané Yéhuwah, Yésus kuwi sing paling bahagia. Alesané ana loro. (1) Yésus ”nduwé sifat-sifat sing padha” karo Yéhuwah. (Kol. 1:15) (2) Yésus sing paling suwé bergaul karo Yéhuwah.
6 Yésus ya bahagia merga selalu melakukan sing dikarepké Bapaké. (WB. 8:30, 31; Yoh. 8:29) Dhèwèké selalu setya, lan kuwi marakké Yéhuwah bangga lan seneng karo dhèwèké. Hal kuwi mesthi ya marakké Yésus bahagia.—Mat. 3:17.
7. Piyé bèn isa bener-bener bahagia?
7 Nèk terus nyedhak karo Yéhuwah, mengko mesthi isa bener-bener bahagia. Semakin akèh ngerti sifaté Yéhuwah, mengko dadi isa niru Dhèwèké, lan kuwi isa marakké luwih bahagia. Awaké dhéwé ya bakal bahagia nèk melakukan karepé Yéhuwah lan ngerti nèk wis nggawé Dhèwèké seneng.a (Mzm. 33:12) Tapi, piyé nèk kadhang utawa malah terus-terusan ngrasa ora bahagia? Kuwi ora berarti nèk wis ora nggawé Yéhuwah seneng. Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé ora sempurna, makané kadhang isa ngrasa sedhih. (Mzm. 103:14) Saiki, ayo mbahas apa waé sing isa marakké ora bahagia lan carané bèn isa bahagia manèh.
PIYÉ BÈN ISA TERUS BAHAGIA?
8. Masalah isa marakké awaké dhéwé dadi piyé?
8 Sing marakké ora bahagia: Masalah. Wektu dianiaya, kena bencana alam, ngadhepi masalah keuangan, lara, utawa wis tuwa, awaké dhéwé isa dadi ora bahagia. Apamanèh nèk ngrasa ora isa ngapa-ngapa kanggo ngatasi masalah kuwi. Ing Alkitab disebutké, ”Ati sing sedhih nggawé ora semangat manèh.” (WB. 15:13) Kuwi sing dirasakké pinituwa sing jenengé Babis. Dhèwèké ditinggal mati karo masé lan bapak ibuné ing jangka waktu patang taun. Dhèwèké ngomong, ”Aku ngrasa kesepian lan putus asa. Kadhang aku ya gela merga mbiyèn terlalu sibuk nganti ora nduwé wektu kanggo meréka.” Padha kaya ngono, masalah sing abot banget ya isa marakké awaké dhéwé putus asa lan kewalahan.
9. Piyé bèn isa bahagia manèh? (Yérémia 29:4-7, 10)
9 Piyé bèn isa bahagia manèh? Aja nguwatirké hal-hal sing ora isa diubah, tapi kudu bersyukur karo keadaan saiki. Menurut Alkitab, bahkan nèk situasiné ora padha kaya sing dikarepké, awaké dhéwé isa tetep bahagia. Wektu wong Yahudi ditawan ing Babilon, Yéhuwah ngongkon meréka tetep berupaya menikmati kehidupan ing kana meskipun situasiné sulit. (Wacanen Yérémia 29:4-7, 10.) Apa sing isa dipelajari? Kudu bersyukur karo berkah sing dinikmati saiki. Élinga, Yéhuwah bakal terus nulungi lan ora bakal ninggalké. (Mzm. 63:7; 146:5) Sedulur Effie sing lumpuh merga kecelakaan ngomong, ”Selama iki Yéhuwah, keluarga, lan para sedulur wis nyemangati lan mbantu aku. Kanggo mbuktèkké nèk aku bersyukur karo upayané meréka, aku berupaya bèn isa terus bahagia lan ora nyerah.”
10. Apa sing isa marakké tetep bahagia meskipun ngadhepi masalah?
10 Bahkan nèk misalé situasiné ora padha kaya sing dikarepké, utawa ngerti-ngerti awaké dhéwé utawa keluarga ngalami masalah sing abot, awaké dhéwé isa tetep bahagia.b (Mzm. 126:5) Soalé, kebahagiaan kuwi ora bergantung karo keadaan. Perintis sing jenengé Maria ngomong, ”Wektu ngadhepi masalah, isa tetep bahagia kuwi ora berarti ora tau nangis. Awaké dhéwé isa tetep bahagia merga éling janjiné Yéhuwah. Yéhuwah ya bakal terus mbantu bèn isa tetep bahagia ora soal apa sing diadhepi.” Élinga nèk masalah saiki kuwi mung sementara. Kuwi kaya tapak sikil ing pantai sing langsung ilang wektu kena ombak.
11. Apa sing isa dipelajari saka contoné Rasul Paulus?
11 Wektu ngadhepi masalah, isa waé dadi mikir nèk wis ora diberkahi Yéhuwah. Nah, bèn aja nganti ngrasa kaya ngono, pikirna umaté Yéhuwah sing setya, sing tau ngalami akèh kesulitan. Contoné, Rasul Paulus. Paulus éntuk tugas sing penting. Yésus dhéwé sing milih dhèwèké kanggo martakké soal Yésus ”marang bangsa-bangsa liya, raja-raja, lan wong Israèl”. (Kis. 9:15) Tapi kenyataané, selama menjalankan tugas kuwi, Paulus tetep ngadhepi akèh masalah. (2 Kor. 11:23-27) Apa kuwi berarti Paulus wis ora diberkahi Yéhuwah? Ora ngono. Malah, Paulus isa tetep setya kuwi bukti nèk Yéhuwah mberkahi dhèwèké. (Rm. 5:3-5) Nah padha kaya ngono, njenengan isa terus setya nganti saiki meskipun ngadhepi akèh banget kesulitan kuwi sakjané bukti nèk Yéhuwah mbantu lan selalu mberkahi njenengan.
12. Nèk kepénginan kanggo nglayani luwih akèh ora kelakon, apa sing isa waé dirasakké?
12 Sing marakké ora bahagia: Kepénginan sing ora keturutan. (WB. 13:12) Merga sayang lan péngin nduduhké nèk bersyukur karo Yéhuwah, mungkin dadi péngin melakukan luwih akèh kanggo Yéhuwah. Tapi nèk rencana kuwi ora sesuai karo keadaan saiki, mengko isa dadi cilik ati. (WB. 17:22) Perintis sing jenengé Holly ngomong, ”Aku péngin mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah, nglayani ing negara liya, utawa mbantu proyèk Ramapo. Tapi, saiki situasiku berubah. Kabèh sing tak rencanakké kuwi ora ana sing terwujud. Aku dadi kecéwa lan sedhih banget.” Akèh umaté Yéhuwah ya tau ngalami kaya ngono.
13. Nèk ora isa nglayani luwih akèh merga situasi, apa waé sing isa diupayakké?
13 Piyé bèn isa bahagia manèh? Élinga nèk Yéhuwah ora tau nuntut sing ora sanggup awaké dhéwé lakukan. Yéhuwah tetep nganggep awaké dhéwé berharga meskipun ora isa berbuat seakèh liyané. Yéhuwah péngin awaké dhéwé tetep setya lan ngerti keterbatasan. (Mi. 6:8; 1 Kor. 4:2) Kanggoné Yéhuwah, sifat, perasaan, lan pikiran kuwi luwih penting timbang perbuatan. Dadi nèk Yéhuwah waé ora seneng nuntut, ngapa kok awaké dhéwé malah nuntut diri sendiri?c Makané, nèk ora isa nglayani luwih akèh merga situasi, fokus waé karo sing isa dilakukan saiki. Misalé, nglatih cah-cah enom utawa nguwatké sing wis tuwa. Utawa, ngupaya nyemangati para sedulur liwat chat, télpon, utawa nemoni langsung. Nèk ngupayakké hal-hal sing isa dilakukan, Yéhuwah bakal seneng lan mbantu awaké dhéwé bèn isa bahagia. Élinga nèk ing donya anyar ana akèh banget kesempatan kanggo nglayani Yéhuwah nganggo cara sing mungkin saiki durung kebayang. Holly, sing disebutké mau, ya dikuwatké merga kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Wektu cilik ati, aku langsung ngrenungké harapan urip saklawasé. Wektu kuwi, beberapa hal sing péngin tak lakukan kanggo Yéhuwah mesthi isa kelakon merga bantuané.”
14. Apa manèh sing isa marakké ora bahagia?
14 Sing marakké ora bahagia: Mung péngin nyenengké diri sendiri. Ing média sosial, ana akèh wong sing kétok bahagia merga isa melakukan hal-hal sing nyenengké. Kuwi isa marakké awaké dhéwé dadi mikir nèk bèn bahagia kuwi kudu melakukan sing disenengi, tuku barang-barang sing dipéngini, utawa liburan ing endi-endi. Ya mémang hal-hal kuwi ora salah. Yéhuwah péngin manungsa menikmati kehidupan. Tapi, akèh sing berupaya nyenengké diri sendiri akhiré malah ora bener-bener bahagia. Perintis sing jenengé Eva ngomong, ”Nèk fokusé mung nyenengké diri sendiri, awaké dhéwé ora bakal ngrasa puas.” Wong sing mung péngin nyenengké diri sendiri, malah bakal ngrasa kesepian lan kecéwa.
15. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Raja Salomo?
15 Apa akibaté nèk mung péngin nyenengké diri sendiri? Ayo nggatèkké pengalamané Raja Salomo. Raja Salomo mati-matian nyoba akèh cara bèn isa bahagia. Dhèwèké nyoba panganan sing énak-énak, ngrungokké musik sing indah, lan tuku barang-barang sing larang. Tapi, kuwi kabèh ora marakké dhèwèké puas utawa bahagia. Dhèwèké malah ngomong, ”Mripat ora ana puasé kanggo ndelok, lan kuping ora ana puasé kanggo ngrungokké.” (Pkh. 1:8; 2:1-11) Hal-hal sing menuruté wong-wong isa marakké bahagia kuwi sakjané kaya dhuwit palsu. Kétoké bener, tapi sakjané ngapusi.
16. Ngapa kok isa bahagia nèk melakukan sesuatu kanggo wong liya? (Deloken gambar.)
16 Piyé bèn isa bahagia manèh? Menurut Yésus, ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.” (Kis. 20:35) Pinituwa sing jenengé Alekos ngomong, ”Aku berupaya melakukan sesuatu kanggo wong liya, meskipun kuwi sederhana. Wektu melakukan kuwi, aku dadi ora fokus karo awakku dhéwé, lan aku bahagia.” Nah, apa sing isa njenengan lakukan kanggo wong liya? Nèk ana sing lagi sedhih, kuwatna dhèwèké. Mungkin njenengan ora isa ngatasi masalahé, tapi nèk gelem ngrungokké, berupaya memahami perasaané, lan ngélingké bèn ngendelké Yéhuwah, dhèwèké mesthi bakal ngrasa dikuwatké. (Mzm. 55:22; 68:19) Njenengan ya isa ngélingké nèk Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. (Mzm. 37:28; Yés. 59:1) Terus, ya ana bantuan langsung sing isa njenengan kèkké. Misalé ngeteri panganan, ngejak dolan, utawa ngejak nginjil bèn dhèwèké semangat manèh. Njenengan isa dadi alaté Yéhuwah kanggo nguwatké wong liya. Nèk fokusé mbantu wong liya, dudu mikirké diri sendiri, mesthi bakal bener-bener bahagia.—WB. 11:25.
Aja mung péngin nyenengké diri sendiri, tapi gatèkna wong liya (Deloken paragraf 16)d
17. Bèn isa bener-bener bahagia, kudu piyé? (Mazmur 43:4)
17 Awaké dhéwé isa bener-bener bahagia nèk terus nyedhak Yéhuwah. Ing Alkitab ana janji nèk Yéhuwah isa marakké awaké dhéwé ”seneng banget”. (Wacanen Mazmur 43:4.) Dadi, ora soal masalah apa sing diadhepi, ora perlu kuwatir utawa wedi. Ayo terus ngutamakké Yéhuwah, soalé Dhèwèké sing isa marakké bahagia saklawasé.—Mzm. 144:15.
LAGU 155 Bahagia S’lawasé
a Deloken kothak ”Bèn Isa Éntuk Kebahagiaan saka Yéhuwah”.
b Contoné, deloken wawancarané Dennis lan Irina Christensen ing Laporan Pengurus Pusat 2023 (Bagéan 5) ing jw.org.
c Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, deloken artikel ”Pupuklah Harapan yang Masuk Akal, dan Bersukacitalah” ing Menara Pengawal 15 Juli 2008.
d PENJELASAN GAMBAR: Sedulur wédok tuku akèh barang kanggo diri sendiri. Tapi dhèwèké ngrasa luwih bahagia wektu nukokké kembang kanggo sedulur wédok lansia sing butuh dikuwatké.